Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 6 >> 

1Ora let suwé, bareng cacahé para muridé Gusti Yésus terus mundhak-mundhak, nuli ana padudon ing antarané wong-wong Yahudi sing basané Yunani, karo wong Yahudi sing basané Ibrani. Sing dadi jalarané padudon yakuwi bab pangeduming dhuwit sedina-dinané marang para randha. Wong-wong Yahudi sing basané Yunani kandha yèn randha-randhané padha kapiran, merga ora nampa panduman ing samesthiné.

2Mulané para murid kabèh nuli dikumpulaké déning para rasul rolas. Nuli padha dipangandikani: "Ora samesthiné menawa kita padha nglirwakaké timbalan kita memulang bab pangandikané Gusti Allah merga ngurusi dhuwit.

3Mulané para sedulur, padha miliha ing antaramu wong pitu, sing kalok wong becik, kapenuhan ing Roh Suci, sarta wicaksana. Wong-wong kuwi bakal padha daktugasaké ngurusi prekara pangeduming dhuwit mau.

4Déné kita para rasul arep migunakaké wektu kanggo ndedonga lan martakaké pangandikané Gusti Allah."

5Wong sapasamuwan kabèh padha rujuk karo usulé para rasul mau; mulané nuli milih Stéfanus, wong sing gedhé precayané lan kapenuhan déning Roh Suci. Nuli uga milih: Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parménas lan Nikolaus, tilas wong kapir saka Antiokia, sing mlebu agama Yahudi.

6Pasamuwan nuli ngajokaké wong pitu mau ana ing ngarsané para rasul. Para rasul nuli ndongakaké wong-wong mau sarta padha ditumpangi tangan.

7Kaya mengkono pangandikané Gusti Allah tetep saya sumebar, lan cacahé para murid ing Yérusalèm saya mundhak akèh. Uga akèh imam-imam sing padha precaya.

8Stéfanus kuwi wong sing kalubèran berkahing Pangéran lan diparingi pangwasa nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan ing satengahé masarakat.

9Nanging ana wong sawetara saka ing tengahé masarakat Yahudi sing nglawan marang Stéfanus, yakuwi para wargané sinagogé (sinagogé: pasamuwané wong sing nganut agama Yahudi) aliran Libèrtini. Para wargané pasamuwan Yahudi Libèrtini kuwi asalé saka ing kutha Kiréné lan kutha Alèksandria. Wong-wong Libèrtini mau bebarengan karo wong Yahudi sawetara saka Kilikia lan Asia padha bebantahan karo Stéfanus.

10Nanging Stéfanus kaparingan kawicaksanan akèh déning Roh Suci, nganti wong-wong mau padha ora bisa ndhébat apa sing dikandhakaké.

11Mulané wong-wong mau nuli mbeseli wong sawetara, dikon muni mengkéné: "Kula sami mireng tiyang menika nyenyamah dhateng Nabi Musa lan dhateng Gusti Allah!"

12Srana patrap mengkono wong-wong mau padha gawé gègèré masarakat, semono uga pinituwa lan para ulama. Stéfanus nuli dikroyok lan dicekel, diladèkaké marang Pradataning Agama.

13Ana wong sawetara sing diajokaké dadi seksi palsu, sing padha matur: "Tiyang menika wongsal-wangsul nyenyamah dhateng Pedalemanipun Allah lan dhateng Torètipun Nabi Musa.

14Kula sami mireng tiyang menika sanjang, bilih Yésus saking Nasarèt menika badhé ngrebahaken Pedalemanipun Allah menika, sarta badhé nyantuni sedaya adat tata-cara, ingkang sami kita tampi saking Nabi Musa!"

15Wong kabèh sing padha dadi warganing Pradata Agama padha ngawasaké Stéfanus lan padha weruh praupané Stéfanus katon kaya pasuryané malaékat.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel