Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 9 >> 

1Gusti Yésus nimbali rasulé rolas, nuli diparingi kasektèn lan pangwasa nundhungi dhemit lan marasaké lelara.

2Semono uga para rasul mau diutus nggiyaraké bab Kratoné Allah lan marasaké wong lara.

3Pangandikané: "Aja padha sangu apa-apa ana ing dalan. Aja nggawa teken utawa kanthong kanggo nampani sedhekah, pangan, apa dhuwit; utawa sandhangan rangkep.

4Menawa kowé wis ditampa ana sawijining omah, kowé tetepa ana ing kono, nganti kowé lunga saka ing kutha mau.

5Déné menawa ana wong sing ora gelem nampa kowé, metua saka ing kutha kono, lan ketabna lebu sing ana ing sikilmu, supaya dadi piwelèh marang wong-wong ing kono."

6Para rasul nuli padha mangkat, nyebar pawarta Injil ana ing ngendi-endi, karo marasaké wong lara.

7Sang Prabu Hérodès, sing dadi raja ana ing tanah Galiléa, bareng mireng sakèhing lelakon kuwi dadi bingung. Sebab ana wong sing kandha: "Nabi Yohanes Pembaptis wis urip menèh!"

8Wong liya menèh kandha, yèn Nabi Élia jumedhul menèh. Wong liya menèh kandha, yèn salah sawijining nabi jaman kuna urip menèh.

9Sang Prabu Hérodès ngunandika: "Yohanes wis daktigas guluné. Lha wong iki sapa? Aku krungu wartané yèn wis nindakaké prekara rupa-rupa." Mulané Sang Prabu Hérodès tansah ngudi bisané ketemu karo Gusti Yésus.

10Bareng para rasul wis padha bali saka enggoné diutus déning Gusti Yésus, nuli padha nglapuraké marang Panjenengané apa sing wis padha dilakoni. Gusti Yésus nuli ngajak para rasul nyingkir menyang kutha Bètsaida.

11Nanging bareng wong akèh padha krungu yèn Gusti Yésus lan para rasul padha tindak mrana, nuli padha nututi. Wong kabèh mau padha ditampani déning Gusti Yésus lan padha diwulang bab Kratoné Allah. Déné sing padha nandhang lelara padha diwarasaké.

12Bareng wis soré, para rasul rolas nuli padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus, sarta matur: "Gusti, menapa mboten prayogi menawi tiyang-tiyang menika Panjenengan dhawuhi késah kémawon, supados sami saged pados tetedhan lan pasipengan ing dhusun-dhusun sakiwa-tengen ngriki, awit ing ngriki panggènanipun sepen!"

13Pangandikané Gusti Yésus: "Ora, kowé waé sing padha mènèhana mangan!" Aturé para rasul mau: "Kula namung sami gadhah roti gangsal sarta ulam kalih, kejawi menawi kula kautus tumbas tetedhan kanggé tiyang menika sedaya!"

14(Sing ngumpul ana ing kono wongé lanang waé kira-kira ana limang èwu.) Gusti Yésus banjur ngandika marang para rasul mau: "Wong akèh kuwi konen lungguh sapantha-sapantha, sapanthané kira-kira wong sèket."

15Para rasul nuli nglakoni apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus. Wong kabèh padha dikon lungguh.

16Gusti Yésus nuli mundhut roti lima lan iwak loro mau, banjur tumenga ing langit lan ngaturaké donga panuwun marang Gusti Allah. Roti-roti nuli dicuwil-cuwil, semono uga iwak loro mau, nuli diparingaké marang para rasul supaya diedumaké marang wong akèh.

17Wong kabèh padha mangan nganti wareg. Para rasul ngumpulaké sisa sing ditinggal déning wong-wong akèhé rolas ténggok kebak.

18Ing sawijining dina nalika Gusti Yésus lagi ndedonga piyambakan, para sekabaté padha sowan ing ngarsané. Nuli padha didangu: "Manut kandhané wong-wong, Aku iki sapa?"

19Wangsulané para sekabat: "Wonten ingkang mastani Panjenengan menika Nabi Yohanes Pembaptis. Nanging wonten ugi ingkang sanjang, bilih Panjenengan menika Nabi Élia. Lajeng wonten malih tiyang ingkang criyos bilih Panjenengan menika salah setunggaling nabi ing jaman kina, ingkang wungu saking séda."

20Gusti Yésus ndangu menèh: "Lha, yèn kowé dhéwé, Aku iki sapa?" Wangsulané Pétrus: "Panjenengan menika Sang Kristus! Utusanipun Allah."

21Para sekabat padha diwanti-wanti mengkéné: "Aja pisan-pisan bab iki kokkandhakaké marang wong liya.

22Putrané manungsa bakal nandhang sangsara lan ditampik déning para pinituwa, para pengareping imam, sarta para ahli Torèt. Panjenengané bakal disédani, nanging ing telung dinané bakal diwungokaké."

23Gusti Yésus nuli ngandika marang wong kabèh: "Saben wong sing kepéngin dadi murid-Ku, padha nyingkura awaké dhéwé, saben dina mikul salibé, lan ngetutaké Aku.

24Sebab sing sapa ngaya, ngudi golèk kepénaking uripé, kuwi bakal kélangan urip sing sejati. Nanging sapa sing ngurbanaké uripé krana Aku, kuwi sing bakal lestari urip.

25Apa gunané wong bisa nduwèni donya iki kabèh, nanging rusak uripé, utawa kélangan nyawané?

26Sapa sing isin ngaku dadi murid-Ku lan isin nganut piwulang-Ku ana ing ngareping wong, Putrané Manungsa uga bakal lingsem ngaku wong mau, mbésuk samasa rawuh ngagem kamulyané, lan kaluhurané Sang Rama, tuwin para malaékat suci.

27Padha gatèkna kandha-Ku iki: ing antaramu ana sawetara sing bakal ora ngalami mati sadurungé Gusti Allah nindakaké Kratoné ana ing bumi."

28Kira-kira seminggu sawisé Gusti Yésus memulang bab prekara-prekara mau, Panjenengané minggah ing sawijining gunung prelu ndedonga, kadhèrèkaké déning Pétrus, Yohanes lan Yakobus.

29Nalika lagi ndedonga, pasuryané malih lan agemané dadi putih mengkilap.

30Ujug-ujug ana wong loro sing padha ngandikan karo Gusti Yésus, yakuwi Nabi Musa lan Nabi Élia.

31Sakaroné padha ngagem kamulyaning swarga. Sing padha dirembug bab enggoné Gusti Yésus bakal nandhang sangsara lan séda ana ing kutha Yérusalèm sawetara dina menèh, murih kelakoné rancangané Pangéran.

32Pétrus lan kanca-kancané padha turu pules. Bareng padha tangi nuli weruh kamulyané Gusti Yésus lan uga kamulyané wong loro sing ngadeg bebarengan mau.

33Nalika wong loro kuwi arep lunga ninggal Gusti Yésus, Pétrus matur marang Gusti Yésus: "Gusti, kawula sami remen wonten ing ngriki. Prayogi menawi kawula sami ngedegaken tarub tiga, setunggal kagem Panjenengan, setunggal kagem Nabi Musa lan setunggalipun malih kagem Nabi Élia." (Aturé Pétrus sing mengkono mau merga ora ngerti apa sing diucapaké.)

34Nalika Pétrus isih caturan, ana méga teka nutupi Pétrus, Yohanes lan Yakobus. Para sekabat padha wedi banget.

35Tumuli ana swara saka ing méga mau, sing ngandika mengkéné: "Iki Putra-Ku sing wis Dakpilih, padha èstokna dhawuhé!"

36Bareng swara mau meneng, sing katon ana ing kono mung Gusti Yésus piyambak. Nabi Musa lan Nabi Élia wis ora ana. Para sekabaté Gusti Yésus ora tau nyritakaké lelakon mau marang sapa waé.

37Ésuké, Gusti Yésus lan para sekabaté padha mudhun saka gunung. Akèh wong sing nuli sowan ing ngarsané.

38Ing satengahé wong akèh mau ana wong lanang sing matur: "Guru, nyuwun tulung, mugi kersa mirsani anak kula. Anak kula namung menika!

39Piyambakipun sering dipun surupi dhemit, lajeng dadakan jerit-jerit. Larénipun lajeng kaken, sarta cangkemipun muruh, mesakaken sanget. Dhemit menika enggènipun nyiksa mboten kèndel-kèndel, sarta mèh mboten naté ngeculaken.

40Kula sampun nyuwun tulung dhateng para sekabat Panjenengan, supados nundhung dhemit wau, nanging sami mboten saged."

41Gusti Yésus ngandika: "Kowé pancèn kebangeten enggonmu ora precaya marang Gusti Allah. Kudu pira lawasé enggon-Ku ana ing tengahmu lan nyabari kowé? Wis, bocahé gawanen mréné!"

42Nalika bocahé lagi mlaku marani Gusti Yésus, bocah mau dibanting déning dhemité lan awaké dadi kaku. Nanging Gusti Yésus nuli nyentak dhemit mau lan marasaké bocahé. Bocah mau nuli dipasrahaké marang bapakné.

43(9-43a) Wong kabèh padha kaéraman weruh kwasané Gusti Allah sing semono gedhéné. (9-43b) Nalika wong akèh isih durung mari olèhé kaéraman tumrap sakèhé lelakon mau, Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté:

44"Padha rungokna tembung-Ku iki: Putrané Manungsa bakal diulungaké marang pangwasané wong."

45Nanging para sekabat mau ora padha ngerti, apa tegesé pangandikané Gusti Yésus mau. Prekara kuwi pancèn digawé wadi ing ngatasé para sekabat, karebèn padha ora ngerti tegesé pangandikané Gusti Yésus mau, nanging para sekabat padha ora wani nyuwun pirsa.

46Ing antarané para sekabaté Gusti Yésus ana dredah bab sapa sing pinunjul dhéwé.

47Gusti Yésus pirsa apa sing lagi padha dipikir. Mulané nuli nimbali bocah cilik siji, didhawuhi ngadeg ana ing sandhingé.

48Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabat: "Sing sapa nampani bocah cilik iki atas saka jeneng-Ku, kuwi Aku sing ditampani; lan sing sapa nampani Aku, kuwi dadi uga nampani sing ngutus Aku. Awit sapa sing cilik dhéwé ing antaramu kabèh, kuwi sing gedhé dhéwé!"

49Rasul Yohanes matur marang Gusti Yésus: "Guru, kawula sumerep tiyang nundhung dhemit atas Asma Panjenengan, lajeng kula penging, awit tiyang wau sanès patunggilan kita."

50Gusti Yésus ngandika: "Aja kokpenging. Sebab sapa sing ora nglawan marang kowé, kuwi nyarujuki!"

51Bareng wis cedhak dina enggoné Gusti Yésus bakal kondur menyang ing swarga, Panjenengané menggalih arep tindak menyang kutha Yérusalèm.

52Nuli ngutus wong sawetara, ndhisiki tindaké; wong-wong mau banjur padha mangkat, lan mlebu ing salah sawijining désa ing tanah Samaria. Ana ing kono para utusan mau arep padha nyawisaké samubarang kagem Gustiné.

53Nanging wong-wong ing désa kono padha ora gelem nampani rawuhé Gusti Yésus, sebab cetha yèn tindaké Gusti Yésus lan para sekabaté kuwi arep menyang kutha Yérusalèm.

54Nalika sekabat loro, Yakobus lan Yohanes, weruh sing mengkono mau, nuli matur marang Gusti Yésus: "Gusti, menapa kepareng kawula sami nyuwun, supados tiyang-tiyang menika dipun samber bledhèg, kajengipun sirna?"

55Nanging Gusti Yésus nolèh marang sekabat-sekabat mau sarta padha didukani.

56Gusti Yésus lan para sekabaté nuli nglajengaké tindaké menyang désa liya.

57Nalika padha mbacutaké lakuné menyang désa liyané mau, ana wong matur marang Gusti Yésus mengkéné: "Guru, kawula badhé ndhèrèk dhateng pundi kémawon tindak Panjenengan!"

58Pangandikané Gusti Yésus: "Asu ajag padha duwé rong lan manuk padha duwé susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kanggo nyèlèhaké mestakané."

59Gusti Yésus banjur ngandika marang wong liyané: "Mèlua Aku." Nanging wong mau mangsuli: "Gusti, keparenga kawula késah rumiyin, ngubur bapak kawula."

60Pangandikané Gusti Yésus: "Wis bèn wong mati padha ngubur pepadhané wong mati, nanging kowé kuwi lungaa lan martakna Injil, yèn Kratoné Allah wis wiwit ditindakaké."

61Lan ana menèh wong sing matur marang Gusti Yésus: "Guru, kawula badhé ndhèrèk Panjenengan, nanging keparenga kawula wangsul pamitan rumiyin kaliyan brayat kawula."

62Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wong sing wiwit mluku, mangka nolèh ndeleng sing ana ing mburi, wong kuwi ora pantes ana ing Kratoné Allah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel