Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Maleakhi 2 >> 

1Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang para imam mengkéné, "Dhawuh iki Daktujokaké marang kowé:

2Kowé ngurmatana Aku nganggo penggawému. Yèn kowé ora nggatèkaké pangandika-Ku, kowé bakal Daktibani paukuman. Aku bakal nibakaké paukuman marang apa waé sing kokanggep dadi panguripanmu. Satemené paukuman mau malah wis Daktindakaké, merga kowé ora nggatèkaké dhawuh-Ku.

3Anak-anakmu bakal Dakukum lan raimu Dakraupi nganggo tléthongé kéwan-kéwan sing kokenggo kurban, sarta kowé bakal kasèrèd menyang panggonan buwangané kotoran mau.

4Ing kono kowé bakal ngerti yèn dhawuh iki wis Dakparingaké marang kowé, sebab janji-Ku karo para imam, anak-turuné Lèwi, ora Dakbatalaké.

5Aku janji, yèn para imam bakal Dakganjar urip lan katentreman, mangka kuwi wis Dakparingaké supaya padha ngurmati Aku. Dhèk semana pancèn padha wedi-asih marang Aku.

6Padha mulangaké apa sing bener, dudu sing salah. Pesrawungané karo Aku becik. Ora mung padha nglakoni becik kanggo awaké dhéwé, nanging iya nyegah pepadhané nglakoni piala.

7Wis dadi kuwajibané para imam mulangaké kawruh sing bener bab Gusti Allah. Wong samesthiné padha marani imam, merga kepéngin ngerti marang kersa-Ku, sebab imam kuwi utusané Pangéran Kang Mahakwasa.

8Nanging saiki kowé padha nyimpang saka dalan sing bener. Piwulangmu ndadèkaké wong akèh padha nglakoni piala. Srana mengkono kowé wis mbubrah prejanjian-Ku karo kowé.

9Mulané Aku bakal gentèn ndadèkaké umat Israèl nyepèlèkaké marang kowé, merga kowé padha ora mbangun-turut karo kersa-Ku, lan yèn mulang nganggo mbédakaké wong."

10Kita kabèh rak padha nunggal Rama? Kita kabèh rak padha-padha katitahaké déning Allah siji? Yagéné kita padha mbubrah janji kita dhéwé-dhéwé? Yagéné kita padha najisaké prejanjian sing dianakaké déning Allah karo para leluhur kita?

11Umat Yéhuda wis mbubrah prejanjiané karo Pangéran merga nindakaké penggawé-penggawé sing nistha banget ing Yérusalèm lan ing satlatahé tanah Yéhuda kabèh. Wis padha najisaké Pedalemané sing dikasihi déning Allah lan padha kawin karo wong wadon sing nyembah brahala-brahalané bangsa liya.

12Muga-muga Pangéran nyébrataké wong-wong sing mengkono mau saka masarakaté Israèl, lan aja pisan-pisan wong-wong mau olèh mèlu nyaosaké kurban kagem Allah Kang Mahakwasa bebarengan karo bangsa kita.

13Kejaba saka kuwi kowé isih nglakoni sing mengkéné: Kowé wis nutupi mesbèhé Pangéran nganggo luhmu, merga kowé nangis karo sambat-sambat, sebab Pangéran nampik kurban sesaosanmu.

14Kowé padha nyuwun pirsa apa sebabé Panjenengané nampik pisungsungmu. Ora liya merga Panjenengané pirsa enggonmu wis nyélaki janjimu karo bojomu, sing kokkawin nalika kowé isih nom. Bojomu kuwi rak mitramu lan somahmu tunggal saprejanjian! Dadi kowé wis mbubrah janjimu karo somahmu, senajan kowé wis janji ana ing ngarsané Allah yèn kowé arep setya karo wong mau.

15Apa dudu Gusti Allah sing wis njodhokaké kowé lan somahmu dadi daging lan roh siji? Apa sing dikersakaké ana ing kono? Ora liya supaya anak sing lair saka kowé mau nyata umaté Allah. Mulané jaganen awakmu, aja pisan-pisan nyélaki bojomu jaka-lara.

16"Awit Aku sengit karo pegatan," mengkono pangandikané Pangéran, Allah Kang Mahakwasa. "Aku sengit yèn ana wong sing tumindak ambek siya karo bojoné. Jaganen awakmu, aja nganti mbubrah janji tresnamu karo bojomu jaka-lara."

17Kowé padha gawé sekeling galihé Pangéran srana tembung-tembungmu. Nanging kowé takon karo Aku, "Kadospundi caranipun kokkawula dipun wastani damel sekeling penggalih?" Ora liya srana tembungmu sing mengkéné, "Pangéran Kang Mahakwasa nganggep wong gawé piala kuwi dudu apa-apa. Diparengaké apa waé." Utawa kowé padha kandha, "Ana ing ngendi ta Gusti Allah sing ndhawahaké paukuman?"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Maleakhi 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel