Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Maleakhi 4 >> 

1Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Bakal tekan mangsané wong angkuh lan wong ala kaobong kaya damèn. Ing dina kuwi wong-wong mau bakal kaobong, nganti sirna babar-pisan.

2Nanging kanggoné kowé, sing padha mbangun-turut marang Aku, kowé bakal padha kapadhangan déning pangwasa-Ku sing nggawa keslametan, kaya srengéngé sing nekakaké kuwarasan srana panasé. Kowé bakal merdika kaya pedhèt sing diwetokaké saka kandhangé lan ngalami katentreman.

3Ing dinané Pangéran mau kowé bakal nelukaké wong ala, presasat lebu sing kokidak-idak ing sangisoring tlapakaning sikilmu.

4Padha élinga marang piwulangé abdi-Ku Musa, dhawuh-dhawuh lan prenatan-prenatan sing Dakparingaké marang Israèl lantaran wong mau ana ing Gunung Sinai, supaya padha dièstokaké.

5Nanging sadurungé tekan dinané Pangéran sing nggegirisi, Aku bakal ngutus Nabi Élia nekani kowé.

6Kuwi sing bakal mbalèkaké para bapak lan para anak dadi siji menèh, supaya Aku ora nganti rawuh lan nyirnakaké negaramu nganti tapis."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Maleakhi 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel