Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 12 >> 

1Nalika mbeneri dina Sabbat, Gusti Yésus tindak ngliwati pategalan gandum. Para rasul padha krasa luwé, mulané padha methiki wulèn gandum, nuli padha dipangan.

2Bareng wong Farisi weruh, nuli padha matur marang Gusti Yésus: "Para murid Panjenengan sami nerak angger-angger, awit sami nglampahi prekawis ingkang dipun awisi ing dinten Sabbat."

3Gusti Yésus ngandika: "Apa kowé padha ora maca ing Kitab Suci, bab apa sing ditindakaké déning sénapati Dawud nalika panjenengané lan wong-wongé padha keluwèn?

4Panjenengané mlebu ing Pedalemané Allah, banjur nedha roti sing dicaosaké marang Gusti Allah. Semono uga para wong sing ndhèrèkaké panjenengané. Mangka miturut prenatané Agama Yahudi, sénapati Dawud lan wong-wongé mau ora kena mangan roti kuwi; awit sing kena mangan roti kuwi mung para imam.

5Apa kowé padha ora maca ing prenatané Agama sing diparingaké déning Nabi Musa, yakuwi yèn saben dina Sabbat para imam kang ana ing Pedalemané Allah satemené padha nerak prenataning dina Sabbat. Éwasemono tindaké para imam kuwi ora salah.

6Kowé Dakkandhani: Ing kéné ana sing ngluwihi Pedalemané Allah.

7Ing Kitab Suci ana tulisan: ‘Sing Dakkersakaké kuwi kawelasan, dudu kurban.’ Yèn kowé ngerti temenan tegesé tulisan mau, kowé mesthi ora bakal nyalahaké wong-wong sing bener.

8Amarga Putrané Manungsa kuwi iya sing kagungan dina Sabbat."

9Gusti Yésus banjur tindak saka ing kono menyang sinagogé.

10Ing kono ana wong sing tangané céko siji. Ana wong sawetara sing pancèn nedya arep nggolèki salahé Gusti Yésus. Wong mau padha matur marang Gusti Yésus: "Menapa kénging nyarasaken tiyang ing dinten Sabbat?"

11Pangandikané Gusti Yésus: "Menawa ing antaramu ana sing duwé wedhus siji, lan wedhusé mau kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabbat, apa sing duwé wedhus mau ora nuli setiar ngentasaké wedhusé mau saka ing luwangan?

12Apa manungsa kuwi ajiné ora ngungkuli wedhus? Mulané kena waé nulungi wong ing dina Sabbat."

13Nuli ngandika marang wong sing tangané céko mau: "Tanganmu athungna!" Wong céko mau tumuli ngathungaké tangané, lan tangan kuwi nuli waras kaya tangan sijiné.

14Wong Farisi tumuli padha metu, sarta padha rembugan enggoné arep nyédani Gusti Yésus.

15Bareng Gusti Yésus mireng bab niyaté wong Farisi enggoné arep padha nyédani Panjenengané, banjur tindak saka ing kono. Akèh wong sing padha ndhèrèkaké. Kabèh wong sing lara padha diwarasaké.

16Nanging kabèh padha diwanti-wanti aja padha nyritakaké marang wong liya bab Panjenengané.

17Srana mengkono kelakon temenan pangandikané Gusti Allah lantaran Nabi Yésaya, sing mengkéné:

18"Iki abdi-Ku, pilihan-Ku. Wong sing Dakkasihi, sing ndadèkaké senenging ati-Ku. Roh-Ku bakal Dakparingaké abdi-Ku iki. Sing bakal martakaké kaadilan-Ku marang sakèhing bangsa.

19Abdi-Ku bakal ora gelem tukar padu utawa gembar-gembor, utawa sesorah ing sedalan-dalan.

20Glagah sing pepes ora bakal dicoklèk, lan senthir sing urubé melip-melip ora bakal dipatèni. Abdi-Ku bakal tansah ngudi nganti olèh kaadilan.

21Iya abdi-Ku iki sing dadi pengarep-arepé para bangsa."

22Nuli ana wong sing nyowanaké wong wuta sing uga bisu lan kepanjingan dhemit, marang Gusti Yésus. Wong wuta mau nuli diwarasaké, nganti bisa guneman lan bisa ndeleng.

23Wong kabèh padha gumun banget sarta padha muni: "Apa Panjenengané kuwi dudu tedhaké Sang Prabu Dawud sing wis diweca bakal rawuh?"

24Bareng wong Farisi padha krungu gunemané wong-wong mengkono kuwi, banjur mangsuli: "Wong kuwi bisa nundhung dhemit, sebab diwènèhi pangwasa déning Béèlzebul, ratuné para dhemit."

25Gusti Yésus mirsa pikirané para wong Farisi mau. Mulané nuli ngandika: "Negara sing rakyaté padha cecongkrahan, ora bakal lestari. Lan kutha sing padha memungsuhan siji karo sijiné, mesthi bubrah kabèh.

26Semono uga ing kratoné Iblis; yèn dhemit sing siji nundhung dhemit liyané, kuwi ateges yèn kratoné Iblis wis bubrah lan ora bakal lestari.

27Kandhamu, Aku nundhung dhemit merga diwènèhi pangawasa déning Béèlzebul. Yèn mengkono para muridmu sing nudhungi dhemit kuwi olèh pangawasa saka ngendi? Para muridmu dhéwé mbuktèkaké yèn penemumu kuwi salah!

28Aku nundhung dhemit srana Rohé Gusti Allah, sing maringi pangwasa marang Aku, kuwi ateges yèn Kratoné Allah wis ana ing tengah-tengahmu.

29Bisané wong mlebu ing omahé wong sing rosa lan ngrampas bandhané, sing duwé omah mau kudu dibanda dhisik. Yèn wis, lagi bisa ngrampas barangé kabèh.

30Sapa sing ora ngrujuki Aku, kuwi ateges nglawan marang Aku. Lan sapa sing ora mèlu Aku ngumpulaké wong-wong, kuwi ateges mbuyaraké!

31Kowé Dakkandhani: Sakèhé dosa lan penyamahé wong marang Sang Rama bakal diapura!

32Nanging sapa sing nyenyamah marang Roh Suci kuwi ora bakal diapura! Yèn ana wong sing madoni marang Putrané Manungsa, wong kuwi bakal diapura. Nanging wong sing madoni marang Sang Roh Suci, kuwi babar-pisan ora bakal diapura, dadia ing jaman saiki, dadia ing akérat."

33"Supaya metokaké woh sing becik, uwité kudu becik. Yèn uwité ora becik, wohé uga ora becik. Ala beciké uwit ketitik saka wohé.

34Hé, kowé anak ula! Kepriyé bisamu ngucapaké barang sing becik, yèn atimu dhéwé ala? Awit apa sing diucapaké déning lambé, kuwi metu saka ing ati.

35Wong becik mono metokaké barang-barang sing becik saka gémbolaning atiné sing becik. Déné wong ala, metokaké barang-barang sing ala saka gémbolaning atiné sing ala, awit wong kuwi pancèn trahé wong ala.

36Mulané padha diéling: ana ing Dina Kiamat, saben wong bakal dituntut tanggung jawabé tumrap saben tembung kang tanpa guna sing tau diucapaké.

37Sebab dhedhasar tembungmu dhéwé, kowé bakal katetepaké, bener apa luput."

38Nalika semana ana ahli Torèt lan wong Farisi padha matur marang Gusti Yésus: "Guru, kawula sami kepéngin sumerep mujijat saking Panjenengan."

39Pangandikané Gusti Yésus: "Ala temen lan gedhé temen durakané wong jaman saiki. Lan kowé njaluk supaya Aku gawé mujijat? Ora prelu! Kejaba mujijat sing dialami Nabi Yunus.

40Padha kaya Nabi Yunus ana ing wetengé iwak telung dina telung bengi, mengkono uga Putrané Manungsa bakal ana ing kubur telung dina telung bengi.

41Mbésuk ing Dina Kiamat, wong-wong kutha Ninewé bakal padha katangèkaké lan nggugat marang kowé. Awit wong-wong mau wis padha mratobat saka dosané, nalika Nabi Yunus nglantaraké pangandikané Gusti Allah marang wong Ninewé mau. Mangka satemené sing ana ing kéné iki ngluwihi Nabi Yunus!

42Mbésuk ing Dina Kiamat Putri Sang Raja saka tanah Kidul bakal katangèkaké sarta nggugat kowé. Awit Putri Sang Raja kuwi keraya-raya rawuh saka negara sing adoh banget saprelu mirengaké piwulangé Sang Prabu Suléman. Mangka satemené sing ana ing kéné iki, ngungkuli Sang Prabu Suléman!"

43"Yèn dhemit wis metu saka ing wong, banjur nglembara golèk papan ing tanah cengkar lan suwung, arep dienggoni. Nanging ora nemu,

44mulané muni mengkéné: ‘Aku dakmbalèni omah sing wis daktinggal.’ Sawisé tekan ing omah mau, omahé tinemu suwung, malah wis disaponi resik lan ditata apik.

45Dhemit mau banjur lunga ngundang dhemit pitu liyané, sing luwih ala ketimbang dhèwèké. Nuli padha mlebu, sarta manggon ana ing kono. Dadiné wong sing kepanjingan menèh mau, alané ngluwihi sing uwis. Kaya mengkono kuwi sing bakal kelakon tumrap wong-wong ala ing jaman saiki."

46Nalika Gusti Yésus lagi ngandika karo wong akèh mau, ibu lan sedhèrèk-sedhèrèké padha ana ing njaba, kepéngin ketemu karo Panjenengané.

47Banjur ana wong sing matur marang Gusti Yésus: "Guru, ibu lan sedhèrèk-sedhèrèk Panjenengan sami wonten njawi, kepéngin kepanggih Panjenengan."

48Gusti Yésus banjur ngandika, "Ibu-Ku sapa, lan sedulur-sedulur-Ku sapa?"

49Karo nudingi para muridé, Gusti Yésus ngandika: "Iki ibu-Ku lan sedulur-sedulur-Ku!

50Awit sing sapa nglakoni kersané Rama-Ku sing ana ing swarga, iya kuwi sedulur-sedulur-Ku lanang lan sedulur-sedulur-Ku wadon sarta ibu-Ku."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel