Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 17 >> 

1Nem dina sawisé kuwi Gusti Yésus ngajak Pétrus lan Yakobus, tuwin Yohanes seduluré Yakobus mau, munggah ing gunung sing dhuwur. Mung wong telu kuwi sing ndhèrèk.

2Nalika lagi padha nyawang Gusti Yésus, Panjenengané malih rupa: Pasuryané sumunar kaya srengéngé lan agemané katon putih gilap mawa cahya.

3Para murid telu mau nuli padha weruh Nabi Musa lan Nabi Élia ngendikan karo Gusti Yésus.

4Pétrus banjur matur marang Gusti Yésus: "Gusti! Wonten ing ngriki kita sami remen saèstu! Menawi Gusti marengaken, kawula badhé ngedegaken tarub tiga; setunggal kagem Gusti, setunggal kagem Nabi Musa lan setunggalipun malih kagem Nabi Élia."

5Sajroné Pétrus lagi matur, ana méga sing padhang banget tumurun ngemuli wong-wong sing padha ana ing kono, lan banjur ana swara saka sajroning méga mau, ngandikané: "Iki Putra-Ku kinasih, sing gawé renaning penggalih-Ku. Padha rungokna!"

6Bareng para muridé Gusti Yésus ngrungu swara mau, temahan padha wedi banget, nganti padha sumungkem ing bumi.

7Nanging Gusti Yésus nyelaki para muridé mau sarta njawil, dhawuhé: "Padha ngadega. Aja padha wedi!"

8Bareng padha ngadeg, sing katon mung kari Gusti Yésus piyambak lan ora ana wong liyané menèh.

9Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yésus meling marang para muridé: "Poma, apa sing kokdeleng mau aja kokkandhakaké karo sapa waé, sadurungé Putrané Manungsa kawungokaké saka ing séda."

10Para murid mau padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Kénging menapa para ahli Torèt sami criyos, bilih Nabi Élia badhé dhateng rumiyin?"

11Pangandikané Gusti Yésus: "Pancèn Nabi Élia rawuh dhisik lan panjenengané bakal nyawisaké samubarang kabèh.

12Nanging kowé Dakkandhani, yèn Nabi Élia wis rawuh, mung waé wong-wong padha ora wanuh marang panjenengané; malah panjenengané digawé sewenang-wenang. Kaya mengkono uga wong-wong kuwi bakal tumindak sewenang-wenang marang Putrané Manungsa."

13Wusana para murid padha ngerti yèn Nabi Élia, sing dikersakaké déning Gusti Yésus, kuwi Nabi Yohanes Pembaptis.

14Bareng Gusti Yésus lan para muridé wis padha bali ana ing panggonané wong akèh menèh, ana wong sowan ing ngarsané, banjur sujud lan matur:

15"Gusti, anak kawula mugi Panjenengan welasi. Piyambakipun sakit ayan. Sesakitipun menika sampun sanget, ngantos larénipun asring dhawah ing latu utawi wonten ing toya.

16Sampun kawula bekta dhateng para murid Panjenengan, nanging sami mboten saged nyarasaken."

17Gusti Yésus ngandika: "Kowé kuwi wong sing padha cupet ing pengandel lan keblinger. Pira lawasé enggon-Ku isih kudu ana ing antaramu. Pira lawasé enggon-Ku isih kudu nyabari kowé? Bocah kuwi gawanen mréné!"

18Gusti Yésus banjur nundhung dhemit sing nyurupi bocah kuwi. Dhemité iya nuli metu lan bocahé waras sanalika.

19Sawisé kuwi para muridé Gusti Yésus nuli padha marani Panjenengané piyambakan, banjur padha matur: "Sebab menapa kawula sami mboten saged nundhung dhemit menika?"

20Pangandikané Gusti Yésus: "Merga saka kuranging pengandelmu. Delengen! Saupama kowé duwé pengandel sing gedhéné mung sawiji sawi waé, kowé bisa akon marang gunung iki: ‘Pindhaha mrana!’, mesthi gunung mau bakal pindhah; lan ora ana barang sing mokal ing ngatasé kowé.

21[Nanging dhemit sing kaya ngéné iki nundhungé mung srana pandonga lan pasa.]"

22Nalika para muridé Gusti Yésus lagi padha ngumpul ing tanah Galiléa, Gusti Yésus ngandika marang para murid mau mengkéné: "Ora suwé menèh Putrané Manungsa bakal diulungaké marang wong-wong,

23sarta bakal disédani, nanging ing dina sing kaping teluné bakal ditangèkaké menèh." Mulané para muridé padha susah banget.

24Bareng padha mlebu ing kutha Kapèrnaum, wong-wong sing nariki pajeg kanggo Pedalemané Allah padha marani Pétrus lan takon: "Menapa Guru panjenengan inggih mbayar pajeg kanggé Pedalemanipun Allah?"

25Wangsulané Pétrus: "Inggih." Nalika Pétrus bali !!— sadurungé Pétrus matur apa-apa !!— Gusti Yésus ndhisiki ngandika: "Simon, panemumu kepriyé? Sapa sing kudu mbayar béya utawa pajeg marang raja ing donya kéné? Kawulané apa wong liya?"

26Wangsulané Pétrus: "Inggih tiyang-tiyang sanès." Gusti Yésus ngandika menèh: "Dadiné rak dudu para kawula?

27Nanging kita aja gawé laraning atiné wong kuwi. Lungaa menyang tlaga, mancinga. Iwak sing kokpancing kena dhisik dhéwé kuwi cekelen. Ing jero cangkemé, kowé bakal nemu dhuwit. Jupuken, bayarna marang wong-wong mau, kanggo Aku lan kowé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel