Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 23 >> 

1Gusti Yésus banjur ngandika marang wong akèh lan marang para muridé, mengkéné:

2"Para ahli Torèt lan wong Farisi kuwi sing wenang nerangaké angger-anggeré Nabi Musa.

3Mulané padha lakonana lan padha turuten sakèhing piwulangé. Nanging kowé aja niru kelakuané, awit wong kuwi dhéwé ora padha nglakoni apa sing padha diwulangaké.

4Padha gawé prenatan-prenatan sing abot, nanging wong kuwi dhéwé padha ora nindakaké.

5Sakèhé tumindaké mau mung murih katona ing wong, kayata: padha nganggo tali sembahyang amba, padha nganggo gombyok sing dawa ana ing jubahé.

6Padha seneng linggih ing papan kang kajèn ana ing karaméan-karaméan, lan linggih ing kursi sing ngarep dhéwé ing papan-papan pangibadah.

7Padha seneng diurmati ing pasar-pasar lan seneng disebut ‘Guru’.

8Nanging kowé, aja seneng yèn disebut: ‘Guru’, awit Gurumu mung siji lan kowé kabèh padha déné sedulur.

9Lan aja ana wong ing donya kéné sing koksebut: ‘Rama’, awit Ramamu mung siji, yakuwi sing ana ing swarga.

10Kowé aja gelem disebut ‘Panuntun’, sebab Panuntunmu mung siji, yakuwi Sang Kristus.

11Sapa sing gedhé ana ing satengahmu, kuwi dadia peladènmu.

12Sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal diasoraké, déné sing ngasoraké awaké dhéwé, kuwi bakal diluhuraké."

13"Cilaka kowé para ahli Torèt lan wong Farisi. Kowé padha wong lamis. Kowé padha ngalang-alangi wong-wong sing arep padha dadi kawulaning Kratoné Allah. Kowé dhéwé padha ora gelem, nanging wong liya sing padha gelem kokalang-alangi."

14["Cilaka kowé para ahli Torèt lan wong Farisi, kowé wong lamis. Kowé padha golèk alasan rupa-rupa kanggo meres randha-randha lan ngrampog omahé. Banjur éthok-éthok ndedonga dawa. Mulané kowé bakal tampa paukuman sing luwih abot."]

15"Cilaka kowé para ahli Torèt lan wong Farisi! Kowé wong lamis! Kowé padha lunga adoh, nganti nyabrang segara lan ndlajahi dharatan, mung merga kepéngin olèh wong siji sing nganut agamamu, nanging yèn wong mau wis mlebu agamamu, banjur kokdadèkaké calon isining nraka, sing alané tikel pindho karo kowé dhéwé!"

16"Cilaka kowé panuntun-panuntun picak! Kowé muni mengkéné: ‘Sing sapa sumpah demi Pedalemané Allah, wong kuwi ora kecencang déning sumpahé; nanging yèn sumpah demi emasé Pedalemané Allah, sumpah kuwi nyencang.’

17Kowé trahé wong bodho lan picak! Endi sing luwih aji: emasé, apa Pedalemané Allah sing nucèkaké emas mau?

18Kowé uga memulang mengkéné: ‘Sing sapa sumpah demi mesbèh, kuwi ora kecencang déning sumpahé; nanging sing sapa sumpah demi kurban sing ana ing mesbèh mau, kuwi kecencang marang sumpahé.’

19Kowé trahé wong picak temenan. Endi sing luwih aji, kurbané, apa mesbèhé, sing nucèkaké kurban mau?

20Sing sapa sumpah demi mesbèh, kuwi sumpahé demi mesbèh lan uga demi barang-barang sing temumpang ana ing kono.

21Lan sing sapa sumpah demi Pedalemané Allah, kuwi sumpah demi Pedalemané lan uga demi Gusti Allah sing dedalem ana ing kono.

22Lan sapa sing sumpah demi swarga, kuwi ateges iya sumpah demi dhamparing Allah lan iya demi Gusti Allah, sing lenggah ana ing dhampar mau."

23"Cilaka kowé, para ahli Torèt lan para wong Farisi. Kowé para wong lamis. Bumbu crakèn kaya déné telasih, adas lan jinten pisan, padha kokbayar prasepuluhané, nanging sing wigati dhéwé tumraping agama koklirwakaké, yakuwi kaadilan, kawelasan lan ketemenan. Kuduné rak sing siji ditindakaké, nanging sijiné aja dilirwakaké.

24Kowé panuntun-panuntun sing picak. Lemut koksaring saka ombèn-ombènmu, nanging unta kokulu!"

25"Cilaka kowé para ahli Torèt lan wong Farisi! Kowé padha wong lamis. Sebab cangkir lan piring padha kokresiki njabané, mangka ing njeroné kebak rereged saka enggonmu ngrampas, merga saka srakahmu.

26Kowé wong Farisi sing picak. Resikana dhisik njeroné cangkir lan piring-piring kuwi, supaya njabané iya bisa dadi resik!"

27"Cilaka kowé, para ahli Torèt lan wong Farisi! Kowé padha wong lamis! Sebab kowé padha kaya kuburan, sing dilabur putih. Saka njaba pancèn katon apik, nanging njeroné kebak balungé wong mati sing wis bosok kabèh.

28Mengkono uga kowé. Saka njaba, kowé katon mursid; nanging njeroning batinmu kebak lelamis lan duraka."

29"Cilaka kowé, para ahli Torèt lan wong Farisi! Kowé wong lamis! Kowé padha mbangun pesaréané para nabi lan ngrengga tugu pengéling-élingé para wong mursid.

30Lan kowé padha muni: ‘Saupama aku urip nalika jamané para leluhurku, aku mesthi ora padha mèlu matèni para nabi.’

31Dadiné kowé dhéwé padha ngakoni yèn kowé kuwi padha turuné wong-wong sing padha matèni nabi-nabi!

32Yèn mengkono, terusna lan kebakana sundukané dosa-dosané para leluhurmu kuwi!

33Kowé padha wong goroh! Lan trahé wong goroh, kepriyé enggonmu bisa ngoncati paukumané nraka?

34Mulané rungokna sing temenan. Aku bakal ngutus nabi-nabi, wong-wong wicaksana lan ulama-ulama nekani kowé. Ana sing bakal tumuli kokpatèni, liyané ana sing koksalib, ana menèh sing bakal koksiksa ing papan-papan pangibadahmu, lan kokoyak-oyak saka kutha siji menyang kutha sijiné.

35Wekasané paukuman tumrap enggonmu matèni wong-wong sing ora salah kuwi bakal katempuhaké marang kowé, wiwit saka Abil, wong sing mursid kuwi, nganti tekan Zakharia anaké Bérékia, sing kokpatèni ana ing Pedalemané Allah, ing antarané papan suci lan mesbèh.

36Ngandela: Kabèh kuwi bakal ditempuhaké marang wong-wong ing jaman saiki."

37"Yérusalèm, Yérusalèm! Kowé wis matèni nabi-nabi, lan mbenturi watu para utusan sing diutus Gusti Allah nemoni kowé. Wis nganti ping pira enggon-Ku kepéngin nglumpukaké anak-anakmu kaya babon enggoné nglumpukaké kuthuk-kuthuké ing sangisoring swiwiné? Nanging kowé padha ora gelem!

38Titènana, omahmu iki bakal ditinggal suwung lan dadi sepi.

39Lan Aku kandha karo kowé: Wiwit saiki kowé bakal padha ora ndeleng Aku, nganti kowé padha ngucap: ‘Binerkahana ingkang rawuh ing asmanipun Pangéran!’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel