Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 24 >> 

1Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur miyos saka Pedalemané Allah. Para muridé nuli padha nyaketi sarta ngaturi Panjenengané mirsani gedhong-gedhonging Pedalemané Allah.

2Gusti Yésus banjur ngandika: "Tamatna sing temenan enggonmu ndeleng gedhong-gedhong kuwi. Dakkandhani, mbésuk bakal ora ana watu siji waé sing lestari temumpang ing watu liyané; kabèh bakal dijugrugaké."

3Nalika Gusti Yésus lenggah ing Gunung Zaitun, para muridé padha sowan ngadhep, prelu rembugan dhèwèkan karo Panjenengané, aturé: "Bapak Guru, mugi kersaa paring sumerep dhateng kawula sedaya, mbénjing menapa badhé kelampahanipun sedaya menika? Lan menapa tandha-tandhanipun badhé rawuh Panjenengan? Mekaten ugi menapa tandha-tandhanipun dinten wekasan?"

4Gusti Yésus ngandika: "Kowé sing padha ngati-ati. Aja nganti diapusi ing wong.

5Sebab bakal akèh wong sing padha teka nganggo jeneng-Ku lan kandha: ‘Aku iki Sang Kristus’, lan srana mengkono bakal nasaraké wong akèh.

6Kowé bakal krungu swaraning peprangan lan pawarta bab perang. Nanging diawas, kowé aja wedi lan cilik ing ati; sebab kuwi kabèh kudu kelakon; senajan mengkono, kuwi durung ateges yèn wis tekan wekasané jaman.

7Sebab bangsa sing siji bakal nglawan perang bangsa sijiné, lan krajan nglawan krajan. Ana ing endi-endi bakal ana pailan lan lindhu.

8Nanging kuwi mau kabèh lagi wiwitaning kasangsaran, ngarepaké tekané jaman anyar, kaya wong sing nglarani sadurungé nglairaké bayi.

9Ing wektu kuwi kowé bakal padha dicekel lan dipasrahaké supaya disiksa lan dipatèni. Kowé bakal disengiti déning sakèhing bangsa, merga enggonmu dadi murid-Ku.

10Ing wektu kuwi akèh wong sing ora setya menèh marang Aku. Sing siji nglapuraké sijiné supaya dianiaya, lan padha sengit-sinengitan.

11Nuli akèh nabi palsu bakal padha njedhul lan nasaraké wong akèh.

12Kadurakan bakal saya tambah akèh, nganti wong padha suda katresnané.

13Nanging sing sapa lestari precaya tekan wekasan, kuwi sing bakal slamet.

14Injil bab Kratoné Allah bakal diwartakaké sajagad wrata, supaya saben wong padha krungu. Sawisé kuwi kelakon, lagi bakal tekané dina wekasan."

15"Kowé bakal ndeleng ‘Si Pengrusak ambek siya’ ngadeg ana ing papan suci, kaya sing dingandikakaké déning Nabi Dhanièl !!— sapa sing maca padha ngudia ngerti apa tegesé—

16yèn kuwi kelakon, wong-wong sing ana ing tanah Yudéa padha ngungsia menyang pegunungan.

17Wong-wong sing lagi padha ana ing payon, aja padha mudhun njupuk barang-barangé sing ana ing omahé.

18Wong sing lagi padha ana ing pategalan, aja padha mulih njupuk jubahé.

19Mesakaké banget wong wadon sing wektu kuwi padha mbobot, lan sing lagi nusoni!

20Nyenyuwuna marang Gusti Allah supaya enggonmu padha ngungsi kuwi ora pinuju mangsa rendheng utawa mbeneri dina Sabbat!

21Sebab ing wektu kuwi bakal ana kasusahan sing gedhé banget, sing durung tau kelakon wiwit jagad dititahaké nganti sepréné. Lan ora bakal kelakon menèh.

22Sukur déné wektuné wis digawé cendhak déning Gusti Allah; yèn ora ngono, ora bakal ana manungsa siji waé sing lestari urip. Nanging merga saka umat pilihané, Gusti Allah kersa nyendhakaké wektu kasangsaran gedhé mau.

23Ing wektu kuwi yèn ana wong kandha marang kowé: ‘Delengen, Sang Kristus ana ing kéné’, utawa ‘Sang Kristus ana ing kana’, kowé aja ngandel.

24Sebab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal padha njedhul, sarta padha nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan kanggo nasaraké wong. Malah yèn bisa, iya arep nasaraké umat pilihané Gusti Allah.

25Mulané, éling-élingen! Aku wis awèh weruh marang kowé, sadurungé kuwi mau kelakon.

26Yèn ana wong kandha karo kowé: ‘Delengen, Panjenengané ana ing panggonan sing sepi’, kowé aja mrana. Utawa yèn padha kandha: ‘Panjenengané ndhelik’, kowé aja ngandel.

27Sebab kaya déné gebyaring kilat saka ing Wétan, padhangé cumlorot tekan ing Kulon, kaya mengkono mbésuk bakal rawuhé Putraning Manungsa.

28Ing panggonané bathang, iya dadi panggonané manuk gagak padha nggrombol."

29"Sawisé mangsa kasangsaran mau, srengéngé bakal dadi peteng, lan rembulan ilang cahyané. Lintang-lintang bakal padha tiba saka ing langit, lan kekuwatan-kekuwatan sing ana ing alam jembar bakal mosak-masik.

30Sawisé kuwi ing langit bakal katon tandhané Putraning Manungsa. Sakèhé bangsa ing bumi bakal padha nangis lan sesambat. Nuli bakal padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh ing méganing langit, klawan pangwasa lan kamulyan gedhé.

31Trompèt sing swarané seru banget bakal diunèkaké. Para malaékat nuli bakal diutus déning Gusti Allah menyang kéblat papat, ngumpulaké umat pilihané Gusti Allah, saka tancebing langit sing siji nganti tekan tancebing langit liyané."

32"Padha nitènana wit anjir. Yèn pang-pangé wiwit katon ijo lan memes, nuli semi, kowé padha ngerti, yèn mangsa panas wis cepak.

33Semono uga yèn kowé weruh lelakon kuwi mau kabèh, kuwi tandhané yèn Putraning Manungsa wis mèh rawuh.

34Élinga! Kabèh kuwi bakal kelakon sadurungé wong-wong sing saiki padha urip iki mati.

35Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembung-Ku ora bakal sirna."

36"Ora ana wong siji waé sing weruh dina lan jamé rawuhé Putraning Manungsa. Malah Sang Putra piyambak iya ora pirsa. Mung Sang Rama piyambak sing pirsa.

37Kaya déné jamané Nabi Nuh, mengkono uga kaanané mbésuk rawuhé Putraning Manungsa.

38Ing dina-dina sadurungé banjir gedhé teka, wong-wong padha mangan lan ngombé. Padha omah-omah lan padha diomah-omahaké, nganti dina enggoné Nabi Nuh minggah ing prau.

39Bareng banjiré teka temenan, wong-wong mau lagi padha kegugah pikirané tumrap apa sing kelakon. Mengkono uga bakal kedadéané, samasa Putraning Manungsa rawuh.

40Ing wektu kuwi bakal ana wong loro sing lagi padha nyambut-gawé ing pategalan, sing siji digawa, sijiné ditinggal.

41Ana wong wadon loro sing lagi padha nggiling gandum, sing siji digawa, sijiné ditinggal.

42Mulané sing padha waspada! Sebab kowé padha ora weruh dina rawuhé Gustimu.

43Ngèlingana sing mengkéné iki: Yèn wong sing duwé omah ngerti wektuné maling sing arep nekani omahé, wong mau bakal ora turu, lan ora bakal olèh yèn omahé dileboni.

44Mulané kowé selawasé kudu siaga, sebab Putraning Manungsa kuwi rawuhé ing wayah sing ora koknyana."

45"Yèn mengkono, endi abdi sing setya lan sing pinter, temahan diangkat bendarané ngepalani abdi-abdi liyané, supaya mènèhi jatah pangan marang para abdi liyané mau, ing wektu-wektu sing ditemtokaké.

46Iba begjané abdi sing nalika bendarané rawuh ketemu lagi nindakaké kuwajibané.

47Ngandela, bendara mau bakal ngangkat abdi kuwi dipasrahi ngurusi sebarang darbèké bendarané.

48Nanging yèn abdi mau ala atiné lan duwé gagasan mengkéné:

49‘Bendaraku bakal ora énggal rawuh’, nuli wong mau wiwit nyiya-nyiya abdi-abdi liyané, sarta mangan lan ngombé bebarengan karo wong-wong sing seneng endem-endeman,

50mangka bendarané mau nuli rawuh ing dina sing ora dinyana-nyana, lan ing jam sing ora dingertèni sadurungé.

51Abdi mau bakal diukum déning bendarané sakatogé, kaya yèn ngukum wong lamis. Ing kono abdi mau bakal nangis lan nggeget untu."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel