Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 26 >> 

1Sawisé rampung enggoné mulangaké bab kuwi mau, Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé:

2"Kowé wis padha ngerti, yèn kurang rong dina menèh wis Riaya Paskah, lan Putraning Manungsa bakal dicekel déning wong akèh lan disalib."

3Ing nalika semana para pengareping imam lan para pinituwané bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing dalemé Imam Agung Kayafas.

4Para pengareping imam lan para pinituwa mau padha rembugan bab kepriyé rékané, supaya bisa nyekel lan nyédani Gusti Yésus.

5Nanging olèhé nyekel lan matèni aja pinuju dina riaya, supaya ora gawé gègèré wong akèh.

6Nalika Gusti Yésus ana ing désa Bètani, ana ing omahé Simon, sing biyèn tau lara kusta;

7ana wong wadon teka sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Wong wadon mau nggawa gendul isi lenga wangi, sing larang banget regané. Dhèk semana Gusti Yésus lagi lenggah dhahar. Wong wadon mau banjur nglengani mestakané Gusti Yésus nganggo lenga wangi.

8Para muridé Gusti Yésus bareng weruh apa sing ditindakaké wong wadon mau nuli padha nepsu, lan padha rerasanan: "Apa kuwi ora ngecèh-ecèh dhuwit?

9Lenga wangi kuwi yèn diedol rak payu akèh, lan pepayoné rak kena diwènèhaké marang wong miskin?"

10Gusti Yésus mirsa apa sing lagi dadi rasanané para muridé, mulané banjur ngandika: "Yagéné kowé kokpadha ngrasani ala marang wong wadon iki? Wong iki rak nglakoni barang sing becik tumraping Aku.

11Wong miskin rak selawasé ana ing antaramu, nanging Aku rak ora selawasé awor karo kowé.

12Enggoné ngesokaké lenga ana ing badan-Ku kuwi rak minangka pacawisané penguburan-Ku.

13Padha titènana! Ing endi waé Injil iki diwartakaké, apa sing ditindakaké déning wong wadon iki iya bakal dicritakaké, minangka pengéling-éling marang dhèwèké."

14Nalika semono nuli ana salah sawijining muridé Gusti Yésus, jenengé Yudas Iskariot, marani para pengareping imam.

15Yudas mau banjur matur: "Kula badhé panjenengan épahi menapa, menawi kula masrahaken Gusti Yésus dhateng panjenengan?" Yudas Iskariot nuli diwènèhi dhuwit telung puluh sèkel selaka.

16Wiwit nalika kuwi Yudas golèk wewengan, supaya bisa masrahaké Gusti Yésus marang para pengareping imam.

17Ing dina wiwitaning Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi, para muridé Gusti Yésus padha sowan ing ngarsané. Banjur matur: "Gusti ngersakaken dhahar bujana Paskah wonten ing pundi? Mangké badhé sami kula cawisaken."

18Gusti Yésus ngandika: "Lungaa nemoni si Anu lan kandhaa: ‘Bapak Guru ngandika: Wektuku mung kari saiki; Aku kepéngin dhahar bujana Paskah ana ing omahmu, bebarengan karo murid-murid-Ku!’"

19Para murid sing diutus mau nuli mangkat nindakaké apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus, nyawisaké bujana Paskah.

20Bareng wis soré Gusti Yésus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para muridé.

21Nalika isih padha dhahar, Gusti Yésus ngandika: "Ngertia, salah siji panunggalanmu bakal ngulungaké Aku marang wong-wong sing padha ngarah matèni Aku."

22Bareng ngrungu pangandika mau para muridé Gusti Yésus padha sedhih banget, banjur genti-gentèn padha matur: "Rak sanès kula ta Gusti?"

23Gusti Yésus ngandika: "Wong sing nyelupaké rotiné ana ing mangkok iki bareng karo Aku, kuwi wongé sing bakal ngulungaké Aku.

24Putrané Manungsa pancèn pinesthi séda, sebab ing Kitab Suci wis ditulis bab enggoné bakal séda. Nanging cilaka wong sing ngulungaké Putrané Manungsa! Luwih becik tumrapé wong kuwi saupama ora lair waé!"

25Yudas, sing bakal ngulungaké Gusti Yésus nuli matur: "Nanging rak sanès kula ingkang Panjenengan kersakaken ta Gusti?" Gusti Yésus ngandika: "Mengkono kandhamu."

26Nalika padha mangan, Gusti Yésus mundhut roti, banjur ndedonga, saos sukur marang Pangéran. Roti mau nuli dicuwil-cuwil sarta diparingaké marang para muridé, karo ngandika: "Padha tampanana, padha panganen, iki badan-Ku."

27Sawisé kuwi banjur mundhut tuwung sing isi anggur, banjur ndedonga, saos sukur marang Pangéran. Gusti Yésus banjur maringaké tuwung mau marang para muridé, sarta ngandika: "Padha ngombéa kabèh saka ing tuwung iki.

28Sebab iki getih-Ku, getih sing diesokaké kanggo nanggung prejanjiané Gusti Allah. Getih-Ku iki diesokaké kanggo wong akèh, minangka pangapuraning dosa.

29Ngertia: Aku bakal ora ngombé anggur iki menèh nganti wektuné Aku ngombé anggur anyar bebarengan karo kowé kabèh ing Kratoné Rama-Ku."

30Sawisé kuwi Gusti Yésus lan para muridé banjur padha menyanyi. Nuli padha mangkat menyang Gunung Zaitun.

31Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: "Ing bengi iki uga kowé bakal padha mlayu, ninggal Aku ijèn; sebab ing Kitab Suci wis katulis: ‘Gusti Allah bakal matèni pangoné, lan pepanthané wedhus bakal buyar.’

32Nanging sawisé Aku katangèkaké saka ing kubur, Aku bakal lunga menyang tanah Galiléa, ndhisiki kowé."

33Pétrus nuli matur marang Gusti Yésus: "Senajan sedaya murid badhé nilar Panjenengan, kawula mboten badhé nilar Panjenengan!"

34Gusti Yésus ngandika marang Pétrus: "Rungokna! Ing bengi iki uga, sadurungé jago kluruk, kowé bakal nyélaki Aku, ambal ping telu."

35Pétrus nuli mangsuli: "Kula mboten badhé nyélaki Panjenengan, senajan kedah pejah sesarengan." Para murid liyané iya padha muni mengkono.

36Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur tindak, kadhèrèkaké para muridé, menyang panggonan sing disebut Gètsémané. Ing kono Gusti Yésus ngandika karo para muridé: "Padha linggiha ana ing kéné dhisik, Aku arep mrana, ndedonga."

37Gusti Yésus nuli ngajak Pétrus lan anaké Zébedéus karo pisan, kadhawuhan ndhèrèk. Ing wektu kuwi Gusti Yésus katon sedhih sarta ajrih banget.

38Pangandikané marang para murid mau: "Ati-Ku sedhih banget, rasané kaya wong sing arep mati. Padha ngentènana ana ing kéné, lan Aku réwangana melèk."

39Gusti Yésus tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud sarta ndedonga: "Dhuh Rama Kawula, menawi kepareng, tuwung kasangsaran menika mugi kasingkirna saking Kawula! Nanging sampun pikajeng Kawula, namunga kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan."

40Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur murugi para muridé telu mau, nanging telu-teluné ketemu lagi padha turu. Gusti Yésus nuli ngandika marang Pétrus: "Apa kowé, wong telu, ora bisa ngréwangi Aku melèk, senajan mung sajam waé?

41Padha jumagaa lan padha ndedongaa, supaya kowé ora kalah karo panggodhaning Iblis. Roh mono kepéngin nglakoni kang becik, nanging daging kuwi sèkèng."

42Gusti Yésus nuli tindak kaping pindhoné lan ndedonga, aturé: "Dhuh Rama, menawi kasangsaran menika mboten Paduka singkiraken lan mboten kénging mboten kedah Kawula lampahi, inggih sumangga, mugi kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan."

43Gusti Yésus nuli murugi para muridé menèh, nanging iya lagi padha turu, sebab mripaté mbliyut banget.

44Para murid mau nuli ditinggal menèh déning Gusti Yésus. Panjenengané nuli ndedonga kaping teluné. Pandongané kaya sing uwis.

45Sawisé mengkono banjur murugi para muridé menèh lan ngandika: "Apa kowé isih padha turu lan ngaso? Delengen! Saiki Putrané Manungsa kaulungaké marang pangwasané wong-wong dosa.

46Padha tangia, ayo padha lunga. Delengen! Wong sing arep ngulungaké Aku wis ana ing kéné."

47Nalika Gusti Yésus lagi ngandika, Yudas, panunggalané murid rolas, teka. Bareng karo Yudas iya ana wong akèh padha teka, nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong mau dikongkon déning para pengareping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi.

48Yudas wis awèh tandha marang wong akèh mau, mengkéné: "Sing dakambung, yakuwi wongé. Cekelen!"

49Satekané ing panggonan kono, Yudas terus marani Gusti Yésus lan matur: "Sugeng dalu, Pak Guru!" Banjur ngambung Gusti Yésus.

50Pangandikané Gusti Yésus: "Sanak, kowé arep apa?" Wong akèh kuwi banjur padha maju sarta nyepeng Gusti Yésus.

51Ing kono ana salah sawijining wong sing ndhèrèkaké Gusti Yésus ngunus pedhangé, lan disabetaké marang abdiné imam agung, kena kupingé nganti perung.

52Gusti Yésus nuli ngandika marang pendhèrèk mau: "Pedhangmu rangkakna menèh, sebab kabèh wong sing matèni klawan pedhang, bakal mati déning pedhang.

53Apa kokkira Aku ora bisa nyuwun marang Rama-Ku, lan Panjenengané apa ora bakal sanalika ngutus malaékat luwih saka rolas bregada?

54Nanging saupama mengkono, banjur kepriyé bisané kelakon apa sing wis diweca ing Kitab Suci, yèn iki kabèh kudu kaleksanan kaya sing kelakon saiki?"

55Gusti Yésus nuli ngandika marang wong akèh mau: "Apa rumangsamu Aku iki bégal, déné olèhmu arep nyekel Aku ndadak nggawa pedhang lan penthung? Apa Aku ora saben dina memulang ana ing Pedalemané Allah; kokora kokkapak-kapakaké?

56Nanging kabèh iki kedadéan kaya mengkéné, supaya kelakon apa sing wis ditulis déning para nabi ana ing Kitab Suci." Sawisé kuwi para muridé Gusti Yésus nuli padha ninggal Panjenengané lan padha mlayu kabèh.

57Wong-wong sing padha nyekel Gusti Yésus banjur ngirid Panjenengané menyang dalemé Imam Agung Kayafas. Para ahli Torèt lan para sesepuhé bangsa Yahudi wis padha nglumpuk ana ing kono.

58Ing nalika semana Pétrus ngetutaké Gusti Yésus saka kadohan, nganti tekan dalemé Imam Agung. Pétrus banjur mlebu ing pekarangan kono lan lungguh bareng karo para wong jaga. Pétrus kepéngin weruh, kepriyé bakal kerampungané kedadéan kuwi mau kabèh.

59Para pengareping imam lan para wargané Pradataning Agama kabèh padha ngudi, supaya olèh seksi-seksi palsu, sing njalari Gusti Yésus kena dipatrapi paukuman pati.

60Senajan akèh wong sing padha maju gelem dadi seksi, nanging paseksiné mau ora ana bukti-buktiné. Wusana ana wong loro sing maju,

61lan matur: "Tiyang menika naté mungel: ‘Aku bisa mbubrah Pedalemané Allah lan bisa mbangun menèh sajroné telung dina.’"

62Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Gusti Yésus: "Apa kowé ora mangsuli pandakwané wong kuwi?"

63Nanging Gusti Yésus kèndel waé. Imam Agung banjur ngandika menèh: "Demi Allah kang gesang, saiki kowé kandhaa marang aku nganggo sumpah, apa kowé ngaku, yèn kowé kuwi Sang Kristus, Putrané Gusti Allah?"

64Gusti Yésus ngandika: "Inggih, leres. Wiwit samenika panjenengan badhé mirsani Putranipun Manungsa pinarak ing tengenipun Gusti Allah, Ingkang Mahakwaos, lan rawuh nitih méganing langit."

65Mireng pangandikané Gusti Yésus mau, Imam Agung nuli nyuwèk-nyuwèk agemané, sarta ngandika: "Wong iki nyenyamah marang Gusti Allah! Wis ora prelu seksi menèh! Kowé kabèh padha krungu dhéwé enggoné nyewiyah marang Gusti Allah.

66Saiki kepriyé penemumu?" Sing didangu padha mangsuli: "Tiyang menika lepat, lan kedah dipun ukum pejah."

67Gusti Yésus nuli diidoni lan diantemi déning wong-wong mau. Ana uga wong sing ngampleng Panjenengané

68karo muni: "Coba, bedhèken, Sang Kristus! Sapa sing ngampleng kowé?"

69Nalika semono Pétrus lagi linggih ana ing njaba, ing pekarangan. Ana abdiné wadon Imam Agung nyedhaki Pétrus lan kandha karo Pétrus: "Sampéyan rak enggih tumut kalih Yésus, tiyang Galiléa nika ta?"

70Nanging Pétrus sélak ing ngarepé wong kabèh, tembungé: "Kula mboten ngertos napa sing sampéyan kandhakaké niku."

71Pétrus nuli lunga saka ing kono, menyang régol. Ana abdi wadon liyané sing weruh Pétrus. Wong mau nuli kandha karo wong-wong sing padha ana ing kono: "Wong iki rak iya sing gawéné mèlu Yésus, wong Nasarèt kuwi ta?"

72Nanging Pétrus banjur sélak menèh, malah karo sumpah: "Kula èstu mboten wanuh kalih tiyang niku."

73Ora let suwé wong-wong sing padha ana ing kono padha marani Pétrus, lan kandha: "Kowé mesthi iya klebu wong sing padha mèlu Yésus. Kuwi cetha saka pocapanmu."

74Pétrus banjur sumpah menèh: "Wantun pejah, èstu kula mboten kenal kalih tiyang niku." Sanalika banjur ana jago kluruk.

75Pétrus kèlingan apa sing dingandikakaké déning Gusti Yésus: "Sadurungé jago kluruk, kowé bakal sélak nganti ping telu, yèn kowé kenal karo Aku." Pétrus nuli metu saka pekarangan, sarta nangis kelara-lara.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel