Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 4 >> 

1Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur katuntun déning Sang Roh Suci menyang ara-ara samun, supaya digodha déning Iblis.

2Ana ing kono Gusti Yésus siyam patang puluh dina patang puluh bengi. Banjur kraos luwé.

3Iblis nuli teka sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan matur mengkéné: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, mangga séla-séla menika Panjenengan sabdakaken dados roti."

4Gusti Yésus paring wangsulan: "Wis katulis ing Kitab Suci: Manungsa kuwi uripé ora mung saka roti waé, nanging saka sakèhing sabda sing didhawuhaké déning Gusti Allah."

5Iblis banjur nggawa Gusti Yésus menyang kutha Yérusalèm lan mapanaké Panjenengané ana ing wuwunging Pedalemané Allah.

6Iblis nuli matur: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog; sebab wonten ing Kitab Suci wonten seratan mekaten: ‘Pangéran bakal ndhawuhi para malaékaté njaga marang kowé, lan kowé bakal dithadhahi ing tangané supaya aja nganti kena ing watu.’"

7Pangandikané Gusti Yésus: "Nanging ing Kitab Suci iya ana tulisan mengkéné: ‘Kowé aja nyoba marang Pangéran Allahmu.’"

8Gusti Yésus banjur digawa déning Iblis, menyang gunung sing dhuwur banget. Ana ing kono Gusti Yésus diaturi mirsani sakèhé kraton ing donya sakamulyané kabèh.

9Iblis banjur matur marang Gusti Yésus: "Sedaya menika kula caosaken dhateng Panjenengan, angger Panjenengan sujud nyembah dhateng kula."

10Gusti Yésus ngandika: "Wis lungaa, Sétan! Awit ing Kitab Suci wis tinulis mengkéné: ‘Pangéran Allahmu sing wajib koksembah lan mung Panjenengané sing wajib kokbektèni!’"

11Wusana Iblis banjur lunga saka ngarsané Gusti Yésus; malaékat-malaékat tumuli padha sowan ngladosi Panjenengané.

12Bareng midhanget, yèn Nabi Yohanes dikunjara, Gusti Yésus banjur nyingkir menyang tanah Galiléa.

13Panjenengané pindhah saka kutha Nasarèt lan dedalem ana ing kutha Kapèrnaum. Kutha kuwi dunungé ana ing sapinggiré Tlaga Galiléa, ing tanah Zébulon lan Naftali,

14trep karo sing dingandikakaké Nabi Yésaya, mengkéné:

15"Tanah Zébulon lan tanah Naftali, sing ana ing sauruting dalan menyang tlaga, ing sabrangé Kali Yardèn, tanah Galiléa panggonané bangsa-bangsa liya!

16Wong-wong sing padha manggon ing pepeteng wis padha weruh pepadhang gedhé! Pepadhang wis sumunar madhangi wong-wong sing padha manggon ing tanah sing dikwasani déning dayaning pati!"

17Ing wektu kuwi Gusti Yésus wiwit mulang, pangandikané: "Padha mratobata ninggal dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Kratoné Allah arep diwiwiti!"

18Nalika lagi tindak ing sapinggiring Tlaga Galiléa, Gusti Yésus mirsa wong loro, kakang-adhi, yakuwi Simon sing karan Pétrus karo Andréas, adhiné. Wong loro mau lagi padha njala, awit loro-loroné padha tukang njala iwak.

19Gusti Yésus ngandika marang wong loro mau: "Padha mèlua Aku, kowé arep padha Dakwarahi dadi tukang njala wong."

20Sanalika jalané ditinggal, banjur padha ndhèrèk Gusti Yésus.

21Gusti Yésus banjur nerusaké tindaké, sarta mirsa wong loro menèh, iya kakang-adhi, yakuwi Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébedéus. Wong loro mau karo bapakné lagi ana ing prau, nyulami jalané, banjur padha ditimbali déning Gusti Yésus.

22Sanalika prau lan bapakné ditinggal, nuli padha ndhèrèk Gusti Yésus.

23Gusti Yésus banjur ndlajahi tanah Galiléa. Panjenengané memulang ana ing sinagogé-sinagogé lan martosaké Injil bab Kratoné Allah. Wong lara lan wong cacad padha diwarasaké.

24Kabar bab Gusti Yésus kuwi banjur sumebar satanah Siria kabèh, nganti wong akèh padha sowan marang Panjenengané. Wong lara lan wong nandhang kasangsaran rupa-rupa padha disowanaké, kayata: wong kesurupan, wong lara ayan lan wong lumpuh, kabèh padha diwarasaké déning Gusti Yésus.

25Nalika semono akèh banget wong sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus, ana sing saka tanah Galiléa, ana sing saka kutha Dékapolis, ana sing saka kutha Yérusalèm, saka tanah Yudéa, lan iya ana sing saka tanah sabrangé Kali Yardèn.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel