Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 15 >> 

1Isih ésuk banget, para warganing Pradata Agama wis nglumpuk kabèh. Para pengareping imam, para penggedhéné bangsa Yahudi, lan para ahli Torèt, padha énggal-énggal rembugan. Gusti Yésus dibanda, nuli digawa menyang ngarsané Gubernur Pilatus, lan dipasrahaké.

2Gubernur Pilatus ndangu marang Gusti Yésus: "Apa bener, kowé ratuné wong Yahudi?" "Inggih leres menapa ingkang panjenengan ngandikakaken," mengkono ngandikané Gusti Yésus.

3Para pengareping imam banjur padha ngaturaké pandakwa werna-werna.

4Gubernur Pilatus banjur ndangu menèh marang Gusti Yésus: "Apa kowé ora mangsuli apa-apa? Coba, semono akèhé pandakwané marang kowé!"

5Nanging Gusti Yésus ora ngandika babar-pisan, nganti Gubernur Pilatus gumun.

6Lumrahé pendhak Riaya Paskah Gubernur Pilatus ngluwari wong ukuman siji, manut pilihané wong akèh.

7Nalika semono ing pakunjaran ana wong lanang jenengé Barabas. Wong mau panunggalané pembrontak sing padha matèni wong nalika ana rerusuh.

8Wong-wong padha sowan marang Gubernur Pilatus, sarta padha nyuwun luwaré wong ukuman siji, kaya adaté.

9Gubernur Pilatus banjur ndangu marang wong akèh mau: "Apa kowé rujuk, yèn aku ngluwari ratuné wong Yahudi iki?"

10Gubernur Pilatus wis pirsa, yèn para pengareping imam enggoné ngladèkaké Gusti Yésus marang panjenengané, kuwi merga saka drengkiné.

11Nanging para pengareping imam padha ngojok-ojoki wong akèh, supaya padha nyuwun luwaré Barabas.

12Gubernur Pilatus banjur ndangu marang wong akèh mau: "Nèk ngono, banjur wong sing koksebut ratuné wong Yahudi iki kudu dakkapakaké?"

13Wong-wong mau padha mbengok saur manuk: "Disalib mawon!"

14Pitakoné Gubernur Pilatus: "Nanging keluputané wong iki apa?" Wong-wong mau banjur padha bengok-bengok luwih sora menèh: "Disalib mawon!"

15Mulané Gubernur Pilatus banjur ngluwari Barabas kanggo wong-wong kuwi, supaya padha marem atiné. Pilatus nuli dhawuh, supaya Gusti Yésus dipecuti, banjur dipasrahaké supaya disalib.

16Gusti Yésus digawa déning para prejurit menyang bangsal pengadilan, ing gubernuran. Prejurit-prejurité kabèh tumuli diklumpukaké.

17Gusti Yésus banjur padha diagemi jubah wungu déning para prejurit mau, lan digawèkaké makutha saka eri. Makutha mau banjur diagemaké ana ing mestakané.

18Sawisé kuwi para prejurit nuli awèh pakurmatan marang Gusti Yésus, karo muni: "Saos bekti, ratunipun tiyang Yahudi!"

19Mestakané Gusti Yésus banjur dithuthuk nganggo kayu lan Panjenengané banjur diidoni, sarta padha sujud ana ing ngarsané.

20Bareng wis padha marem enggoné nggawé geguyon, jubahé wungu banjur diuculi, lan agemané Gusti Yésus diagemaké menèh. Tumuli Panjenengané digawa metu menyang sanjabané kutha, arep disalib.

21Ana ing dalan para prejurit kepethuk wong lanang sing banjur dipeksa dikon manggul salibé Gusti Yésus. Wong mau pinuju teka saka désa, arep mlebu kutha. (Wong mau jenengé Simon, asal saka kutha Kiréné, bapakné Alèksander lan Rufus.)

22Gusti Yésus digawa menyang panggonan sing karan Golgota, sing tegesé "Panggonan Cumplung."

23Ana ing kono Gusti Yésus arep dicaosi ngunjuk anggur sing dicampuri ‘mur’, nanging ora kersa ngunjuk.

24Wekasané wong-wong mau padha nyalib Gusti Yésus. Agemané banjur padha diedum, srana diundhi, supaya saben wong nampani bagéan manut undhi mau.

25Gusti Yésus kasalib jam sanga ésuk.

26Ing sandhuwuré salibé ditulis pandakwa sing marakaké Panjenengané nganti disalib, yakuwi "Ratuné wong Yahudi."

27Bareng karo penyalibé Gusti Yésus mau, wong-wong mau uga padha nyalib bégal loro, siji ana ing satengené Gusti Yésus, sijiné ana ing sakiwané.

28[Srana mengkono kang katulis ing Kitab Suci kelakon temenan, yakuwi: ‘Panjenengané kapétung wong ala.’]

29Wong-wong sing padha liwat ana ing kono padha ngisin-isin lan moyoki. Wong-wong mau padha gèdhèg-gèdhèg lan padha muni: "Saiki rasakna! Kowé arep ngrubuhaké Pedalemané Allah, lan arep kokadegaké menèh sajroné telung dina.

30Coba, saiki mudhuna saka salib, tulungana awakmu dhéwé!"

31Para pengareping imam lan para ahli Torèt uga padha moyoki, padha muni siji karo sijiné: "Dhèwèké nylametaké wong liya, nanging nylametaké awaké dhéwé ora bisa?

32Menawa dhèwèké Ratuné bangsa Israèl temenan, Juru Slamet sing dijanjèkaké déning Gusti Allah, karebèn mudhun saka salib. Yèn pancèn mengkono, mengko aku ndhak padha precaya marang dhèwèké!" Wong-wong sing padha disalib bebarengan karo Gusti Yésus kuwi uga padha mèlu moyoki.

33Wiwit jam rolas awan, nganti sajroné telung jam, sanegara dadi peteng.

34Nalika jam telu kuwi Gusti Yésus nguwuh kanthi sora: "Éloi, éloi, lama sabakhtani?," sing tegesé: "Dhuh Allah kawula, Allah kawula, kénging menapa Paduka nilar kawula?"

35Wong-wong sing padha krungu panguwuhé mau banjur kandha: "Wong kuwi ngundang Nabi Élia!"

36Banjur ana salah siji sing énggal-énggal njupuk sepon, banjur dicelupaké ing anggur kecut, nuli disundukaké ing pucuking kayu dawa, ditèmpèlaké ing lathiné Gusti Yésus, supaya dicecep, karo muni: "Coba kita entèni, Nabi Élia mengko rawuh nulungi Wong kuwi mudhun saka salib apa ora!"

37Gusti Yésus banjur nguwuh menèh, tumuli séda.

38Geber sing ana ing Pedalemané Allah suwèk dadi loro, saka ndhuwur mengisor.

39Perwira tentara sing ngadeg ana ing sangarepé salib kono menangi enggoné Gusti Yésus nguwuh banjur séda. Perwira mau kandha: "Pancèn bener, Wong iki Putrané Allah!"

40Ing kono uga ana wong wadon sawetara, sing padha nyawang lelakon mau kabèh saka kadohan, kayata: Salomé, Maryam Magdaléna, Maryam ibuné Yakobus sing enom lan Yusuf.

41Wong-wong wadon kuwi sing tansah ngetutaké Gusti Yésus, sarta ngladosi nalika Panjenengané ana ing tanah Galiléa. Kejaba kuwi ing kono ana wong wadon akèh liyané menèh sing padha teka saka kutha Yérusalèm, bebarengan karo Gusti Yésus.

42(15:42-43) Ana warganing Pradata Agama sing kajèn kéringan, jenengé Yusuf, asalé saka Arimatéa, ngarep-arep kebabaré Kratoné Allah. Nalika semana mbeneri dina pacawisan, (yakuwi dina ngarepaké dina Sabbat), mangka wayahé wis soré, mulané Yusuf mau nékad sowan ing ngarsané Gubernur Pilatus, nyuwun layoné Gusti Yésus.

43(15:42)

44Bareng krungu yèn Gusti Yésus wis séda, Gubernur Pilatus gumun, banjur utusan nimbali sing jaga. Perwira mau didangu, apa wis suwé Gusti Yésus enggoné séda.

45Bareng wis nampa lapurané perwira mau, Yusuf diparengaké njupuk layoné Gusti Yésus.

46Yusuf banjur tuku mori kafan sing alus. Sawisé kuwi layoné Gusti Yésus nuli diudhunaké, banjur diulesi nganggo mori mau. Layoné tumuli disarèkaké ing kuburan sing isih anyar. Kuburan kuwi guwa sing ditatah ana ing pegunungan padhas. Sawisé mengkono, lawangé guwa banjur ditutup nganggo watu gedhé.

47Nalika semana Maryam Magdaléna lan Maryam ibuné Yusuf, ndeleng lan ngerti papan sumaréné Gusti Yésus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel