Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 101 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Kawula badhé ngidungaken kasetyan lan keadilan, dhuh Allah. Kawula badhé nglagokaken kidung kagem Paduka!

2Kawula badhé ngudi gesang tanpa cacad; mbénjing menapa Paduka badhé ngrawuhi kawula? Gesang kawula saisiné griya, badhé kanthi manah resik.

3Kawula badhé mboten ngangen-angen sadhéngaha pendamel awon. Pendamelipun tiyang mblasar kawula sengiti, lan mboten badhé nggupaki kawula.

4Manah ingkang goroh badhé sumingkir saking kawula. Kawula mboten badhé seneng ngapusi, lan mboten badhé candhuk lawung kaliyan pendamel awon.

5Pundi tiyang ingkang kalayan sesingidan ngawon-awon dhateng sesaminipun, sami badhé kawula tumpes. Tiyang ingkang lemuhur-luhur tuwin ladak kawula mboten sudi.

6Kawula badhé nggatosaken tiyang ingkang setya dhateng Allah, badhé kawula ajak gesang sesarengan ing kedhaton kawula. Nanging tiyang ingkang lampahipun tanpa cacad, ingkang kawula pendhet dados réncang.

7Tiyang ingkang lampahipun culika mboten badhé manggèn ing griya kawula, sinten ingkang remen ngapusi mboten badhé tetep wonten ing ngajeng kawula.

8Saben dinten kawula badhé numpes tiyang awon ing negari kawula. Sakathahing tiyang awon badhé kawula singkiraken saking negarinipun Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 101 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel