Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 103 >> 

1Anggitané Dawud. Dhuh nyawaku, saosa puji marang Allah; apa saisiné batinku mujia marang asmané kang suci.

2Dhuh nyawaku, saosa puji marang Allah, lan aja lali marang kadarmané.

3Panjenengané kang ngapura sakèhé panerakmu, kang marasaké sakèhé lelaramu.

4Panjenengané ngentas uripmu saka kubur, kang makuthani kowé kalawan kadarman lan kawelasan.

5Panjenengané kang tansah maringi kabegjan selawasé, mula kowé kaenomaké menèh kaya manuk garudha.

6Allah paring adil lan kabeneran marang sakèhé wong kang disiya-siya.

7Musa wis diparingi pangerti bab pangrèhé, lan Banisraèl diparingi weruh pakaryané.

8Allah mahawelas lan mahaasih, gedhé sabaré sarta banget setyané.

9Ora tansah ndukani kita, ora nglajengaké paukumané ing selawasé.

10Panyiksané ora timbang karo dosa kita, sarta kita ora diwales timbang gedhéné karo dosa kita.

11Déné sepira dhuwuré langit ngungkuli bumi, iya semono gedhéning katresnané marang wong kang ngabekti marang Panjenengané.

12Sepira dohé Wétan saka Kulon, iya semono anggoné Allah ngedohaké panerak kita saka awak kita.

13Mungguh bapak iku mesthi nduwèni welas marang anak-anaké, mangka iya mengkono anggoné Allah melasi wong kang ngabekti marang Panjenengané.

14Merga Panjenengané pirsa, sapa kita iki, lan ènget yèn kita iki mung lebu.

15Umuré manungsa mono kaya suket, kang padha kembang ing ara-ara;

16yèn kambah ing angin waé banjur wis ilang, tilas panggonané ora ana sing weruh.

17Nanging katresnané Allah tanpa wiwitan lan tanpa wekasan tumrap para wong kang ngabekti, sarta kabecikané marang anak-putuné wong-wong mau turun-temurun.

18Yakuwi sakèhé wong kang padha netepi ing prasetyané, sarta ngélingi marang dhawuhé lan dilakoni.

19Gusti Allah dhedhampar ana ing swarga, kratoné mengku samubarang kabèh.

20Padha saosa puji marang Allah, hé para malaékat, kang prakosa, kang nglakoni apa sadhawuhé, padha ngèstokna apa kang dingandikakaké.

21Hé sakèhé para pangwasa ing swarga, para abdiné kang nglakoni dhawuhé, padha saosa puji marang Allah.

22Hé sakèhé yasané kabèh ing wewengkoné kratoné, padha saosa puji marang Allah. Dhuh nyawaku, saosa puji marang Allah!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 103 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel