Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 12 >> 

1(12-1) Masmur anggitané Dawud, kanggo pemimpin penyanyi. Kaya lagu sing kaping wolu. (12-2) Dhuh Allah, mugi kersa paring pitulung, sebab tiyang mursid sampun telas, sampun mboten wonten tiyang ingkang temen.

2(12-3) Tiyang sedaya sami goroh, ingkang setunggal nggorohi setunggalipun; wicantenipun sami lelamisan, manahipun rangkep.

3(12-4) Muga-muga Allah numpes sakèhé lambé kang lamis lan sakèhé ilat sing seneng umuk.

4(12-5) Wong mau padha muni, "Srana tembungku aku bisa nuruti apa sing dakkarepaké! Aku bisa muni sekarepku, lan ora ana wong sing bisa menggak aku!"

5(12-6) Pangandikané Allah, "Aku arep rawuh, merga wong miskin padha ditindhes lan wong sing dikuya-kuya padha sesambat. Aku paring pitulungan marang sing padha ngarep-arep marang pitulungan."

6(12-7) (12:7-8) Janjiné Allah kena dipesthèkaké murniné, kaya slaka sing dilèlèr ing geni, nganti rambah ping pitu. Dhuh Allah, namung Paduka piyambak ingkang netepi janji Paduka. Paduka tansah badhé ngayomi kawula, sarta nguwalaken kawula saking tiyang-tiyang awon menika ing selami-laminipun.

7(12-8) (12:6)

8(12-9) Tiyang duraka menika wonten ing saenggèn-enggèn, lan saben tiyang sami ngalem dhateng piawon.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel