1(13-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. (13-2) Dhuh Allah, ngantos pinten laminipun enggèn Paduka badhé nyupèkaken kawula? Taksih pinten dangunipun enggèn Paduka nutupi wedana Paduka ing ngatasipun kawula?
2(13-3) Ngantos pinten laminipun enggèn kawula kedah nandhang kuwatos ing manah, sarta ngraosaken kasisahan sadinten-dinten? Ngantos pinten laminipun para mengsah kawula sami ngawonaken kawula?
3(13-4) Kersaa mirsani dhateng kawula, lan kersaa paring wangsulan, dhuh Pangéran, Allah kawula! Kersaa mangsulaken kekiyatan kawula, supados kawula mboten ngalami pejah.
4(13-5) Supados satru kawula mboten sami mungel, "Dhèwèké wis daktelukaké." Lan mengsah kawula sami surak-surak, samasa kawula keplajeng.
5(13-6) Nanging kawula pitados dhateng sih-kadarman Paduka, lan manah kawula surak-surak mergi saking pitulungan Paduka.
6(13-7) Aku arep memuji konjuk ing Allah, merga saka kasaénané marang aku.