Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 147 >> 

1Haléluya! Ngidungaké pujiné Allah kuwi becik, dhasar nengsemaké lan wis samesthiné wong ngidungaké pamuji.

2Allah mbangun kutha Yérusalèm, lan nglumpukaké wong Israèl sing sumebar.

3Wong kang semplah atiné padha disentosakaké, sing tatu padha diblebed.

4Panjenengané nemtokaké cacahé lintang, padha disebut jenengé dhéwé-dhéwé.

5Allah kuwi gedhé kwasané, karosané linuwih; kawicaksanané tanpa wates.

6Wong andhap-asor diangkat, nanging wong duraka diasoraké nganti ambles ing bumi.

7Padha ngidungna pujiné Allah nganggo pamuji sokur, padha ngidungna pujiné Allah nganggo swaraning slukat!

8Panjenengané kang nutupi langit nganggo mendhung, nyawisaké udan kanggo bumi, nukulaké suket ana ing gunung-gunung.

9Sing maringi pakan marang kéwan, sarta marang anaké gagak samasa padha celuk-celuk.

10Panjenengané ora rena marang karosané jaran, uga ora rena karo kekendelané prejurit.

11Nanging Panjenengané rena marang wong kang ngabekti, sarta sing ngarep-arep marang sih-kadarmané.

12Hé Yérusalèm, saosa puji marang Allahmu! Hé Sion, pujinen Allahmu!

13Sebab Panjenengané kang nyentosakaké gapuramu, sarta mberkahi anak-anakmu kang ana ing antaramu.

14Panjenengané sing ndadèkaké daérahmu tentrem, sing maregi kowé nganggo gandum sing becik dhéwé.

15Panjenengané paring dhawuh marang bumi, lan apa sadhawuhé énggal kelakon.

16Panjenengané nggelar salju kaya slimut, lan nyawuraké ès kaya awu.

17Panjenengané nekakaké udan ès, sapa sing betah ngrasakaké atisé?

18Panjenengané banjur paring dhawuh, mula ès padha ajèr kabèh. Panjenengané nekakaké angin, mulané banyu banjur mili.

19Panjenengané paring pangandika marang umaté, lan prenatan-prenatané marang Israèl.

20Ora ana bangsa liyané sing diganjar kaya mengkono, mulané bangsa-bangsa padha ora ngerti prenatané. Haléluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 147 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel