Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 149 >> 

1Haléluya! Padha ngidungna puji marang Allah nganggo kidung anyar! Kidungna pujiné ana ing pasamuwané para wong mursid.

2Hé Israèl, padha bungaha merga déning Allah kang nitahaké kowé. Para umat ing Sion padha surak-suraka, merga déning Ratumu.

3Padha memujia asmané karo jejogèdan, padha ngidungna masmur konjuk ing asmané nganggo swarané terbang lan clempung.

4Awit Allah tresna marang umaté, para wong kesrakat bakal padha diganjar keslametan.

5Wong mursid padha surak-suraka déning bungah, merga enggoné diluhuraké, padha bungah-bungaha sewengi muput!

6Padha ngluhurna marang Allah kalawan swara kang sora, karo nyekel pedhang landhep ing tangané,

7kagawé males marang para bangsa, sarta ngukum marang para umat,

8kagawé ngranté para ratuné, lan mblenggu para penggedhéné;

9kanggo ngukum kaya sing wis kapacak ana ing dhawuh-dhawuhé Allah. Mengkono kemenangané para umaté Allah. Haléluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 149 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel