1(30-1) Masmur anggitané Dawud, kanggo ngresmèkaké Pedalemanipun Allah. (30-2) Dhuh Allah, Paduka kawula luhuraken, awit Paduka sampun ngentas kawula, sarta mboten marengaken satru kawula sami bingah ing ngatasipun kawula.
2(30-3) Dhuh Allah, Allah kawula, kawula sesambat dhateng Paduka, lajeng kawula Paduka sarasaken.
3(30-4) Dhuh Allah, Paduka sampun ngentas kawula saking jagadipun tiyang pejah, kawula Paduka gesangaken malih, ngantos mboten èstu mlebet ing kubur.
4(30-5) Hé para kekasihé Pangéran, padha saosa puji marang Panjenengané, sarta padha mujia asmané kang suci.
5(30-6) Awit bebenduné mung sedhéla, nanging kesaénané tetep selawasé urip. Sewengi muput padha tetangisan, bareng ngarepaké ésuk padha surak-surak.
6(30-7) Sajroné kabungahanku aku ngucap, "Aku bakal ora sléyoran selawasé!"
7(30-8) Dhuh Allah, Paduka sampun mapanaken kawula ing pucaking redi ingkang kekah. Nanging sareng Paduka ngaling-alingi wedana Paduka, kawula kagèt sanget.
8(30-9) Dhuh Allah, kawula nyebut asma Paduka, kawula sesambat dhateng Paduka.
9(30-10) "Wutahing rah kawula wonten paédahipun menapa? Utawi menawi kawula kalebetaken ing kubur, lebu menapa saged memuji dhateng Paduka? Menapa saged nyriyosaken kasetyan Paduka?
10(30-11) Dhuh Allah, mugi miyarsakaken sarta melasi dhateng kawula. Paduka mugi mitulungi kawula!"
11(30-12) Pesambat kawula sampun Paduka jurungi; kawula Paduka dadosaken saged jejogèdan, penganggé kawula bagor sampun Paduka pundhut, Paduka santuni kabingahan.
12(30-13) Supados kawula nglagokaken masmur konjuk dhateng Paduka, sarta mboten kèndel kémawon. Dhuh Allah, Allah kawula. Paduka badhé kawula puji langgeng ing selaminipun.