Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 5 >> 

1(5-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi, dibarengi swaraning suling. (5-2) Dhuh Allah, mugi kersa miyarsakaken atur kawula, mugi Paduka gatosaken pesambat kawula.

2(5-3) Dhuh Ratu kawula lan Allah kawula, panjerit kawula nyuwun tulung mugi Paduka èngeti, margi namung Paduka piyambak ingkang kawula sambati.

3(5-4) Dhuh Allah, ing wanci énjing Paduka miyarsakaken swanten kawula, ing wancinipun kurban kawula saosaken, kawula ngantos-antos dhawuh Paduka.

4(5-5) Sebab Paduka sanès Allah ingkang rena dhateng pendamel awon, tiyang awon mboten badhé Paduka parengaken sowan ing ngarsa Paduka.

5(5-6) Paduka nampik dhateng tiyang angkuh; tiyang ingkang sami nglampahi piawon Paduka sengiti.

6(5-7) Tiyang ingkang damelipun goroh mesthi Paduka tumpes; Paduka mboten rena dhateng tiyang ingkang ngrodha-peksa lan tiyang ingkang ngapusi.

7(5-8) Nanging tumrap kawula, margi saking agenging sih-kasetyan Paduka, kawula badhé mlebet ing Pedaleman Paduka, sujud sungkem ing Pasucèn Paduka, ngabekti kalayan hurmat dhateng Paduka.

8(5-9) Dhuh Allah, satru kawula kathah sanget! Mugi Paduka kersa nuntun kawula nindakaken kersa Paduka; supados cetha menapa ingkang kedah kawula lampahi.

9(5-10) Tembungipun satru kawula mboten saged dipun pitados, awit ingkang dipun angen-angen namung damel risak; gurungipun presasat kubur menga, ilatipun ngucapaken tembung lamis.

10(5-11) Dhuh Allah, tiyang kados mekaten mugi kadhawahana paukuman, kecemplunga luwangan, margi saking rancanganipun piyambak. Mugi Paduka tundhung saking ngarsa Paduka, margi saking kathahing panerakipun, sarta panglawanipun dhateng Paduka.

11(5-12) Nanging sedaya tiyang ingkang ngungsi dhateng Paduka badhé sami bingah-bingah, badhé sami surak-surak ing selaminipun, margi sami Paduka ayomi; lan krana Paduka tiyang-tiyang ingkang tresna dhateng Paduka, sami badhé bingah-bingah.

12(5-13) Dhuh Allah, tiyang mursid Paduka berkahi, sami Paduka pageri mawi kanugrahan minangka tamèngipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel