Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 88 >> 

1(88-1) Kidung masmur anggitané bani Korakh, kanggo pemimpin penyanyi. Laguné kaya: Makhalat Léanot. Kidung piwulangé Héman, wong Ézrahi. (88-2) Dhuh Allah, Juru Wilujeng kawula, kawula sesambat dhateng Paduka sedinten muput. Ing wanci dalu kawula sowan ing ngarsa Paduka.

2(88-3) Pandonga kawula mugi Paduka piyarsakaken, pesambat kawula nyuwun tulung mugi Paduka tilingaken.

3(88-4) Kasisahan kawula sampun matumpuk-tumpuk, lan kawula sampun celak kaliyan ajal kawula.

4(88-5) Kawula kaanggep kados tiyang ingkang sampun badhé mlebet ing luwenging kubur, daya kekiyatan kawula sampun telas.

5(88-6) Kawula badhé manggèn ing antawisipun tiyang kathah, awor kaliyan tiyang-tiyang ingkang pejah ing peprangan, inggih tiyang-tiyang ingkang sampun mboten Paduka èngeti malih, ingkang kapethal saking pitulungan Paduka.

6(88-7) Kawula sampun Paduka sèlèhaken wonten ing dhasaripun kuburan ing telenging pepeteng.

7(88-8) Paduka sampun nindhihi kawula srana paukuman Paduka, ngantos kawula kagiles déning alunipun.

8(88-9) Tiyang-tiyang ingkang tepang kaliyan kawula sampun sami Paduka tebihaken saking kawula, margi sampun sami éwa dhateng kawula. Kawula katutup ngantos mboten saged oncat.

9(88-10) Mripat kawula pendul déning tangising kasangsaran, dhuh Allah, saben dinten kawula sesambat dhateng Paduka, sarta ngegaraken tangan kawula, ndedonga.

10(88-11) Paduka menapa badhé nindakaken kaélokan kanggé tiyang pejah? Tiyang pejah menapa badhé tangi sarta memuji dhateng Paduka?

11(88-12) Sih Paduka menapa badhé kacariyosaken wonten ing kubur? Kasetyan Paduka menapa badhé kawartosaken ing papaning karisakan?

12(88-13) Kaélokaning pangwasa Paduka menapa badhé kasumerepan wonten ing pepetenging pejah, lan kesaénan Paduka wonten ing alamipun tiyang ingkang sami kasupèkaken?

13(88-14) Nanging tumraping kawula, dhuh Allah, kawula badhé sesambat dhateng Paduka, lan saben énjing kawula ngunjukaken pandonga dhateng Paduka.

14(88-15) Dhuh Allah, kénging menapa kawula Paduka tampik, sarta Paduka singkur?

15(88-16) Wiwit alit mila kawula nandhang sangsara ngantos badhé pejah; kawula semplah margi ngraosaken awrating paukuman Paduka.

16(88-17) Bentèring paukuman Paduka mbrongot kawula, ngantos kawula remuk margi déning ajrih dhateng Paduka.

17(88-18) Menika sedaya ngepang kawula sedinten muput kados toyaning banjir, ngantos kawula mboten saged oncat.

18(88-19) Kanca-kanca kawula ingkang celak, Paduka tebihaken saking kawula, namung pepeteng ingkang ngancani kawula.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 88 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel