Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 89 >> 

1(89-1) Kidung isi piwulang anggitané Étan wong Ézrahi. (89-2) Dhuh Allah, sih-kawelasan Paduka badhé kawula kidungaken ing selaminipun, kasetyan Paduka badhé kawula cariyosaken tanpa kendhat.

2(89-3) Sih Paduka menika langgeng ing selaminipun, lan kasetyan Paduka menika tetep kados langit.

3(89-4) Paduka ngandika, "Aku damel prejanjian karo pilihan-Ku; Aku wis supaos marang abdi-Ku Dawud:

4(89-5) ‘Anak-turunmu selawasé bakal dadi raja; kratonmu bakal madeg selawas-lawasé.’"

5(89-6) Dhuh Allah, swarga ngluhuraken kaélokanipun pangwasa Paduka, sarta kasetyan Paduka pinuji-puji ing satengahing pasamuwanipun para suci.

6(89-7) Ing langit sapa sing ngimbang Allah, ing swarga sapa sing madhani Panjenengané?

7(89-8) Ing kalangané para suci, Allah kang diurmati lan diajrihi ngungkuli sakèhé para kang ngiring Panjenengané.

8(89-9) Dhuh Allah, Allahipun langit lan bumi, sinten ingkang nyamèni Paduka? Paduka menika Mahakwasa, lan setya ing sedhéngah prekawis.

9(89-10) Samodra ingkang ngédab-édabi menika Paduka ingkang ngerèh, samasa ombakipun mumbul, inggih Paduka ingkang ngedhakaken.

10(89-11) Rahab ingkang nggegirisi sampun Paduka remuk ngantos setengah pejah, kalayan asta ingkang rosa Paduka sampun mbuyaraken mengsah Paduka.

11(89-12) Langit menika kagungan Paduka, mekaten ugi bumi, jagad lan saisènipun menika Paduka ingkang nalesi.

12(89-13) Lèr kaliyan Kidul Paduka ingkang nitahaken, Gunung Tabor lan Gunung Hèrmon sami memuji asma Paduka.

13(89-14) Iba agenging pangwaos Paduka! Kekiyatan Paduka èstu ngédab-édabi.

14(89-15) Pangrèh Paduka menika kadhasaran kaleresan lan keadilan, katresnan lan kasetyan tansah ketingal ing sedaya pendamel Paduka.

15(89-16) Begja bangsa ingkang ngabekti dhateng Paduka mawi kekidungan, ingkang sami gesang wonten ing cahyaning wedana Paduka.

16(89-17) Sami bingah-bingah sedinten muput margi saking kesaénan ingkang Paduka paringaken.

17(89-18) Paduka sampun paring kemenangan ageng, lan sih Paduka damel rosa kawula.

18(89-19) Dhuh Allah, tetamèng kawula menika kagungan Paduka, lan ratu kawula menika peparing Paduka, Ingkang Mahasuci.

19(89-20) Kala rumiyin Paduka naté ngandika srana wahyu dhateng tiyang ingkang Paduka kasihi, "Aku wis paring dhamparé keprabon marang sawijining wong prewira, wong pilihan, kang Dakjunjung saka ing antarané wong sabangsa.

20(89-21) Dawud abdi-Ku wis Dakdadèkaké raja, Dakjebadi nganggo lenga pilihan-Ku.

21(89-22) Wong kuwi bakal tansah Dakreksa srana kekuwatan-Ku, asta-Ku bakal damel kuwat sentosané.

22(89-23) Dhèwèké bakal ora dikalahaké déning mungsuh, lan wong duraka ora bakal bisa nelukaké dhèwèké.

23(89-24) Mungsuhé bakal Dakremuk ana ing ngarepé, lan wong sing sengit marang dhèwèké bakal Dakpatèni.

24(89-25) Sih lan kasetyan bakal nunggil karo wong mau, lan bakal tansah Dakparingi kemenangan.

25(89-26) Kratoné bakal Dakjembaraké, saka Segara Tengah tekan Bengawan Éfrat.

26(89-27) Wong mau bakal nyebut Aku mengkéné, ‘Paduka menika Rama kawula, Allah saha bètèngé kawilujengan kawula.’

27(89-28) Dhèwèké bakal Dakangkat dadi putra-Ku mbarep, lan ratu sing luhur dhéwé ing antarané para ratu.

28(89-29) Janjian-Ku karo wong kuwi bakal Daktetepi lan janji-Ku mau bakal langgeng ing selawasé.

29(89-30) Kratoné bakal madeg ing selawasé, anak-turuné mesthi ana sing dadi raja.

30(89-31) Nanging menawa anak-turuné nyingkur Aku, lan ora mbangun-turut marang Aku,

31(89-32) menawa padha nglanggar dhawuh-Ku, lan ora netepi prenatan-Ku,

32(89-33) bakal padha Dakwales nganggo gitik lan durakané Daksiksa srana paukuman.

33(89-34) Nanging sih-kamirahan-Ku bakal ora Daksingkiraké saka wong mau, lan sih-kasetyan-Ku bakal ora Daksélaki.

34(89-35) Prejanjian-Ku bakal ora Dakbubrah, lan apa kang miyos saka tutuk-Ku bakal ora Dakéwahi.

35(89-36) Sepisan Aku wis supaos demi kasucèn-Ku, mesthi Aku ora goroh marang Dawud.

36(89-37) Anak-turuné bakal ora entèk-entèk, lan dhamparé bakal ana ing ngarsa-Ku kaya srengéngé.

37(89-38) Kaya rembulan kang selawasé ana, dadi seksi ing langit sing setya tuhu."

38(89-39) Nanging Paduka nampik dhateng ratu ingkang Paduka pilih piyambak; piyambakipun Paduka tilar lan Paduka singkur.

39(89-40) Prejanjian Paduka kaliyan piyambakipun Paduka bibrah; makuthanipun Paduka bucal ing lendhut.

40(89-41) Témbok-témboké kithanipun Paduka rebahaken, bètèng-bètèngipun Paduka jugrugaken.

41(89-42) Tiyang ingkang langkung sami mendheti barang-darbèkipun; piyambakipun dados pepoyokaning tangga-tepalihipun.

42(89-43) Para satrunipun Paduka paringi kemenangan, sakathahing mengsahipun sami Paduka dadosaken bingah.

43(89-44) Dedamelipun Paduka damel tanpa gina, lan piyambakipun Paduka tégakaken kawon perang.

44(89-45) Kaluhuranipun Paduka damel surem, lan dhamparipun Paduka rebahaken.

45(89-46) Umuripun Paduka damel cekak, lan Paduka kemuli srana kanisthan.

46(89-47) Dhuh Allah, ngantos pinten laminipun enggèn Paduka wonten ing pandhelikan? Sarta paukuman Paduka enggènipun murub kados latu?

47(89-48) Paduka mugi ènget, gesang kawula menika sepinten dangunipun, menapa tanpa damel enggèn Paduka nitahaken sakathahing manungsa?

48(89-49) Menapa wonten tiyang gesang ingkang mboten badhé ngalami pejah? Utawi sinten ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking kubur?

49(89-50) Dhuh Pangéran, pundi buktinipun sih-kadarman Paduka kala semanten? Ingkang Paduka janjèkaken kalayan supaos dhateng Dawud, demi kasetyan Paduka?

50(89-51) Dhuh Pangéran, Paduka mugi ngèngeti abdi Paduka anggènipun dipun poyoki, lan kawirangan ingkang kawula sandhang saking para bangsa.

51(89-52) Dhuh Allah, para mengsah Paduka sami nyenyamah ratu ingkang Paduka jebadi; panjenenganipun dipun poyoki dhateng pundi kémawon purugipun.

52(89-53) Pinujia Allah, langgeng selawasé! Amin!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 89 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel