Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 90 >> 

1Pandongané Musa, abdiné Allah. Dhuh Allah, Paduka menika dados pangungsèn kawula turun-temurun.

2Sadèrèngipun redi-redi katitahaken, inggih sadèrèngipun Paduka ngawontenaken bumi lan alam jembar, wiwit kelanggengan dumugi kelanggengan, Paduka jumeneng Allah.

3Paduka mangsulaken manungsa dados lebu, mawi dhawuh, "Hé manungsa, balia!"

4Sebab ing ngatasipun paningal Paduka sèwu taun sami kaliyan dinten wingi ingkang kepengker, utawi kados gilirané tiyang jagi ing wanci dalu.

5Kawula presasat Paduka kéntiraken ing toya, umur kawula laminipun presasat tiyang ngimpi, kados rumput ingkang tuwuh,

6ing wanci énjing seger lan ngedalaken sekar, ing wanci sonten sampun garing.

7Kawula sami sirna margi saking bebendu Paduka, lan margi ajrih dhateng paukuman Paduka.

8Dosa kawula Paduka bèbèr ing ngarsa Paduka, mekaten ugi piawon kawula ingkang samar, Paduka soroti mawi cahyaning wedana Paduka.

9Gesang kawula sadinten-dinten dados cekak, margi saking bentèring penggalih Paduka; taun-taun kawula telas kawula anggé sesambat.

10Laminipun umur kawula nyandhak pitung dasa taun, lan menawi kawula kiyat wolung dasa taun. Mangka namung kathah pakèwed lan kasisahanipun; umur kawula namung sekedhap, kawula lajeng sirna.

11Sinten ingkang kiyat nyanggi ampuhing paukuman Paduka? Sinten ingkang mboten ajrih dhateng mulading deduka Paduka?

12Kawula mugi Paduka wulang ngétang dinten kawula ing saleresipun, supados sami angsala manah ingkang wicaksana.

13Dhuh Pangéran, Paduka mugi kersa mangsuli kawula, ngantos mbénjing menapa, mugi Paduka melasi dhateng para abdi Paduka.

14Ing wanci énjing kawula mugi sami katuwukan ing sih-kadarman Paduka, ngantos badhé bingah-bingah selami kawula gesang.

15Kawula mugi Paduka paringi kabingahan ingkang ngimbangi sepinten laminipun anggèn Paduka ngganjar karibedan, saha sepinten taun laminipun anggèn kawula nandhang sangsara.

16Pakaryan Paduka mugi kasumerepna dhateng para abdi Paduka, saha kaluhuran Paduka ketingala dhateng anak-putunipun.

17Sih lan kasetyanipun Allah mugi ngayomi kawula, saha Paduka mugi mberkahi pendamelaning tangan kawula, inggih pendamelaning tangan kawula mugi kalestantunna.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 90 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel