Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 91 >> 

1Wong sing ngungsi marang Kang Mahaluhur iku manggon ing pangayomané Kang Mahakwasa.

2Wong mau aturé marang Allah mengkéné, "Paduka pangungsèn saha bètèng kawula, Allah ingkang kawula andelaken."

3Pangéran bakal nguwalaké kowé saka bebaya kang ora kokweruhi asalé, lan saka lelara sing mbilaèni.

4Kowé bakal dikemuli déning Pangéran srana swiwiné, mula bakal slamet ana ing pangreksané. Kasetyané Pangéran iku tamèng lan bètèngmu.

5Kowé ora susah kuwatir marang bebaya ing wayah bengi, utawa serangan dadakan ing wayah awan.

6Ora susah kuwatir marang lelara sing teka ing wayah bengi, utawa marang bebaya pati ing wayah soré.

7Senajan ing sandhingmu éwon wong sing mati, lan ing tengenmu cacahé leksan pisan, kowé dhéwé bakal ora nganti ketaman.

8Kowé dhéwé mung ngingetaké, carané wong duraka padha diwales.

9Merga Allah iku pangungsènmu, lan Kang Mahaluhur iku pengayomanmu.

10Kowé bakal ora ketaman ing bilai, lan ora ana bebaya kang nyedhaki omahmu.

11Merga Pangéran bakal ngutus malaékaté, padha didhawuhi ngreksa marang kowé ana ing separan-paranmu.

12Kowé bakal ditadhahi ing astané, supaya aja nganti kesandhung ing watu.

13Singa lan ula bedhudhak bakal kokidak-idak, singa lan ula naga bakal padha kokiles-iles.

14Allah ngandika, "Sarèhné rumaket karo Aku, mulané bakal Dakpitulungi, bakal Dakreksa, awit padha weruh asma-Ku.

15Saben ndedonga marang Aku, bakal Daksembadani, sajroning karubedan Aku cedhak karo wong mau.

16Malah bakal Dakentasaké sarta Dakluhuraké, Dakparingi umur dawa, lan Aku bakal ngétokaké kamirahan-Ku marang wong mau."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 91 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel