Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nahum 3 >> 

1Cilaka kutha sing isiné mung goroh lan gawé pati, kutha sing sugih raja-brana kuwi bakal dijarah-rayah nganti gusis!

2Rungokna cumethèring pecut, lan gemlèdhèging rodha, swaraning jaran mlayu sesanderan, lan kréta perang pating krengkot.

3Serdhadhu jaranan padha nyerbu, pedhang-pedhang pating clèrèt, tumbak-tumbak pating clorot! Jisim tumpuk-undhung, wong mati nganti ora kena diétung, marakaké wong padha kesandhung!

4Ninewé, si sundel kuwi saiki nampa paukumané. Bangsa-bangsa biyèn padha kepéncut merga saka éndahing rupané sing nengsemaké, nanging banjur didadèkaké batur-tukoné.

5Pangéran kang mahasuci ngandika, "Hé, Ninewé, kowé bakal Dakukum! Kowé bakal Dakwudani, Dakdadèkaké tontonané para bangsa, nganti kowé bakal kwirangan.

6Kowé bakal Dakasoraké, lan badanmu Dakebyuki kotoran. Wong bakal ndeleng kowé karo giris.

7Sing sapa weruh bakal mlayu lunga, karo kandha, ‘Saiki Ninewé wis dadi jugrugan! Sapa sing isih seneng nyawang? Sapa sing arep nglipur?’"

8Ninewé, apa kowé luwih becik ketimbang karo Tébé, kutha krajan Mesir? Tébé iya ana kaliné kanggo ngayomi kaya témbok. Bengawan Nil kuwi dadi bètèngé.

9Tébé kuwi ngerèh Sudan lan Mesir. Pangwasané tanpa wates. Libia dadi kanca sekuthoné.

10Éwasemono wong sing padha manggon ing Tébé padha ditawan lan saiki manggon ana ing pembuwangan. Anak-anaké padha dipatèni ana ing prapatan-prapatan. Para penggedhéné padha dibanda déning para mungsuhé.

11Ninewé, iya kowé bakal padha mendem lan tanpa daya! Kowé iya bakal padha ngudi bisané oncat saka tangané mungsuhmu.

12Nanging bètèng-bètèngmu bakal kaya wit anjir sing wohé wis tuwa. Yèn wit mau dierog, wohé padha tiba pas ing cangkemé sing ngerog!

13Tentara-tentaramu mau kaya wong wadon, lan negaramu presasat menga ana ing ngarepé mungsuhmu. Rujiné lawanging gapura-gapuramu bakal entèk kobong dimangsa déning geni.

14Padha nyepakna banyu, sebab kowé bakal dikepung. Bètèng-bètèngmu sentosakna! Padha ngidak-idaka lemah lempung kanggo gawé bata, banjur énggal-énggal cithaken!

15Nanging senajan kaya apa polahmu, kowé bakal diobong urip-uripan nganti mati, utawa dipatèni ing peprangan. Kowé bakal kasapu resik, kaya gandum sing dimangsa déning walang. Enggonmu tangkar-tumangkar kaya walang!

16Wongmu sing laku dagang cacahé ngluwihi cacahé lintang ing langit! Nanging saiki wis entèk sirna kabèh, kaya walang sing mabur lunga.

17Para penggedhému kaya walang gegolongan sing padha ménclok témbok ing mangsa atis. Nanging bareng srengéngéné jumedhul banjur padha mabur lunga, lan ora ana wong sing ngerti menyang endi parané!

18Hé ratuné wong Asyur! Pepréntahanmu wis tamat, lan para penggedhému wis padha turu selawas-lawasé! Wong-wongmu padha kasebar ing gunung-gunung, lan ora ana sing bakal ngulihaké menèh.

19Tatu-tatumu ora ana tambané, lan ora bakal mari. Saben wong sing krungu kabaré karusakanmu bakal padha keplok-keplok saka bungahé, sebab ora ana wong sing bisa ngoncati ambek siyamu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nahum 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel