Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 10 >> 

1Sing dhisik dhéwé nandhatangani prejanjian mau Gubernur Néhémia bin Hakalya. Banjur nusul: Zedekia. Sawisé mengkono banjur wong-wong kasebut ing ngisor iki.

2(10:2-8) Para imam: Seraya, Azarya, Yérémia, Pasyhur, Amarya, Malkia, Hatus, Sebanya, Maluk, Harim, Merémot, Obaja, Dhanièl, Gineton, Baruk, Mesulam, Abia, Minyamin, Maazya, Bilgai, lan Semaya.

3(10:2)

4(10:2)

5(10:2)

6(10:2)

7(10:2)

8(10:2)

9(10:9-13) Wong-wong Lèwi: Yésua bin Azanya, Benui tedhaké kaum Hénadad, Kadmièl, Sebanya, Hodia, Kelita, Pelaya, Hanan, Mikha, Réhob, Hasabya, Zakur, Sèrèbya, Sebanya, Hosia, Bani lan Beninu.

10(10:9)

11(10:9)

12(10:9)

13(10:9)

14(10:14-27) Para pemimpiné bangsa: Paros, Pahat-Moab, Élam, Zatu, Bani, Buni, Azgad, Bébai, Adoniram, Bigwai, Adin, Atèr, Hizkia, Azur, Hodia, Hasum, Bèzai, Harif, Anatot, Nébai, Magpias, Mesulam, Hézir, Mesézabeèl, Zadok, Yadua, Pélaca, Hanan, Ananya, Hoséa, Hananya, Hasub, Halohès, Pilha, Sobèk, Rehum, Hasabna, Maaséya, Ahia, Hanan, Anan, Maluk, Harim lan Baana.

15(10:14)

16(10:14)

17(10:14)

18(10:14)

19(10:14)

20(10:14)

21(10:14)

22(10:14)

23(10:14)

24(10:14)

25(10:14)

26(10:14)

27(10:14)

28Aku kabèh, rakyat Israèl, para imam, para wong Lèwi, para tukang jaga gapura Pedalemané Allah, para penyanyi lan para karyawan ing Pedalemané Allah, iya bojo lan anak-anakku sing wis diwasa, sarta kabèh wong sing nglakoni dhawuhé Allah lan wis pisah saka wong manca sing manggon ing negaraku kéné.

29Aku kabèh padha saiyeg karo para pemimpinku lan aku padha sumpah arep urip manut angger-anggeré Allah kang wis kaparingaké lantaran Musa, abdiné. Gusti Allah ngukuma aku yèn aku ora netepi janji iki. Aku sumpah arep nglakoni sakèhé dhawuh, angger-angger prenatané Pangéran, Allahku.

30Aku sumpah ora arep kawin karo bangsa manca sing manggon ing negaraku.

31Yèn ana bangsa manca sing arep ngedol gandum utawa barang apa waé marang aku ing dina Sabbat utawa ing dina suci liyané, aku emoh tuku. Saben taun kang kapitu aku ora arep nggarap palemahan lan ora arep nagih wong sing utang marang aku.

32Saben taun aku, saben wong siji bakal nyumbang slaka 5 gram kanggo ngrumat Pedalemané Allah.

33Aku bakal nyawisaké barang-barang sing dibutuhaké kanggo ngibadah ing Pedalemané Allah, kayata roti sajèn, gandum saosan pedinan, kéwan kanggo kurban obongan pedinan, barang-barang suci liyané, kurban-kurban pangapuraning dosa kanggo Israèl, lan apa waé sing dibutuhaké déning Pedalemané Allah.

34Aku, rakyat, para imam lan para wong Lèwi saben taun arep gawé undhian kanggo netepaké kulawarga sing kudu nyawisaké kayu obong kanggo kurban-kurban konjuk marang Pangéran, Allahku, manut prenatané Torèt.

35Aku saben taun arep nggawa asilé gandum sing kawitan menyang Pedalemané Allah, mengkono uga wowohan sing mateng dhisik dhéwé ana ing wit-witanku.

36Anakku lanang sing mbarep bakal dakjak sowan imam ana ing Pedalemané Allah supaya disaosaké marang Allah, manut prenatané Torèt. Mengkono uga anaké kéwan-kéwanku sapi, wedhus gèmbèl lan wedhus jawa sing lair dhisik dhéwé.

37Aku saben taun arep nggawa marang para imam ing Pedalemané Allah jladrèn gandum sing dipanèni dhisik dhéwé, semono uga barang-barang liya-liyané rupa anggur, lenga zaitun lan woh-wohan rupa-rupa. Aku arep nyaosaké saprasepuluhé pametuné palemahanku marang wong Lèwi kang nglumpukaké pisungsung tanem tuwuh ing pedésan-pedésan.

38Nanging yèn para wong Lèwi nglumpukaké pisungsung mau kudu dikanthèni para tedhaké Harun. Saprasepuluhé pisungsung mau kabèh kudu digawa déning wong Lèwi lan kasimpen ing gadhangé Pedalemané Allah.

39Rakyat Israèl lan wong-wong Lèwi kudu ajeg nggawa pisungsung rupa gandum, anggur lan lenga zaitun menyang gudhang sing kanggo pacawisan, yakuwi panggonané nyimpen prabot Pedalemané Allah. Ing kono papan penginepané para imam sing padha tugas, para tukang jaga Pedalemané Allah lan para penyanyi. Aku ora arep nglirwakaké kuwajiban ngrumati Pedalemané Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel