Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 10 >> 

1Bathang laler siji bisa ndadèkaké lenga wangi sabotol bacin, mengkono uga tindak tanpa budi sing katoné sepélé bisa gawé kawicaksanan luhur dadi tanpa guna.

2Wis lumrah yèn wong wicaksana tumindak bener, lan wong tanpa pikiran tumindak salah.

3Senajan wong sing ora kenal pisan, yèn kepethuk ana ing dalan ngerti, sebab wong tanpa pikiran mau nyritakaké tumindaké sing bodho marang angger wong.

4Yèn kowé didukani penggedhé, aja banjur njaluk metu, merga kaluputan sing gedhé pisan bisa diapura angger kowé tetep sarèh.

5Ing donya kéné akèh panindhes sing ditindakaké déning para penggedhé.

6Wong tanpa budi diwènèhi pangkat lan pangwasa, nanging wong budi luhur dikiwakaké.

7Aku nyipati batur sing padha nunggang jaran, lan wong luhur sing padha mlaku kaya batur.

8Sing sapa gawé jugangan bakal kecemplung dhéwé, sing sapa mbabah témbok, dicokot ula.

9Sing sapa ngedhuk watu, tangané lara kena watu; sing sapa nyigar kayu, tangané kesusupen.

10Yèn wadungmu kethul, kudu kokasah; yèn ora, panyambut-gawému saya abot. Mulané wong pinter ngrancang dhisik sadurungé nandangi pegawéan.

11Kawruh nelukaké ula kuwi ora ana gawéné yèn ulané wis nyokot dhisik.

12Apa sing diucapaké déning wong wicaksana kuwi njalari dadi kajèn, nanging wong tanpa budi ngrusak jenengé merga tembungé dhéwé.

13Wong mau miwiti nglairaké tembung sing ngawur lan mungkasi srana omongan sing tanpa teges lan nyilakani.

14Wong tanpa pikiran olèhé crita ora lèrèn-lèrèn. Ora ana wong sing weruh apa sing bakal kelakon, lan ora ana wong sing bisa kandha apa sing bakal kedadéan sawisé kita mati.

15Wong tanpa budi ora ngerti dalané mulih menyang omahé, lan pituwasé kangèlané kuwi mung kesel thok.

16Negara bakal cilaka yèn sing dadi ratu isih bocah, mangka para penggedhéné negara gawéné mung padha pésta sewengi muput.

17Nanging begja negara sing duwé raja wicaksana lan bisa gawé putusan dhéwé, sarta para penggedhéné padha mangan lan ngombé sapreluné, ora padha nganti mendem.

18Wong sing saka kesèdé ora gelem ndandani payoné sing trocoh, wekasané omah mau bakal ambruk.

19Pésta gawé bungahing ati kita lan anggur nglejaraké ati, nanging sekaroné ngentèkaké dhuwit.

20Aja ngrasani ala marang Sang Prabu utawa para penggedhé liyané, sebab bisa uga ana wong sing krungu, banjur nglapuraké rasanan ala mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel