Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 2 >> 

1Ing batin aku muni mengkéné, "Aku daknyoba nyeneng-nyenengaké ati. Urip mukti wibawa kuwi rasané kepriyé! Nanging ketitik yèn iya tanpa guna."

2Miturut panemuku, "Wong ngguyu kuwi kliru, lan wong seneng apa gunané?"

3Merga saka kepéngin olèh kawicaksanan, aku nyoba gawé bungahing atiku srana ngombé anggur lan seneng-seneng. Gagasanku: mesthiné mengkéné iki carané wong nanjakaké uripé sing mung sedhéla ana ing donya iki.

4Aku banjur miwiti pegawéan sing hébat. Aku yasa omah akèh, lan gawé pakebonan anggur.

5Aku yasa petamanan lan kebon wowohan akèh, sing metokaké wowohan werna-werna.

6Aku gawé blumbang dakenggo ngilèni pakebonan mau.

7Aku tuku batur akèh, lan akèh sing padha lair ana ing omahku. Raja-kayaku luwih akèh ketimbang karo duwèké sapa waé sing tau manggon ing Yérusalèm.

8Aku iya nglumpukaké slaka lan emas sing daktampa saka para raja ing negaraku. Aku duwé penyanyi akèh, lanang lan wadon, sing padha menyanyi kanggo nglejaraké atiku. Kejaba kuwi aku bisa golèk selir pira waé sing dakkarepaké.

9Aku dadi wong gedhé, ngungkuli sapa waé sing tau manggon ing Yérusalèm sadurungé aku, lan sajroné kuwi mau kabèh aku ora tau lali karo kawicaksananku.

10Aku kena nglakoni apa waé sing dakkarepaké. Ora ana kasenengan sing dakcegah. Atiku mongkog ndeleng asilé pegawéan lan kangèlanku.

11Bareng aku nliti sakèhé pegawéan sing wis daklakoni kanthi ngrekasa, ketitik yèn kuwi mau kabèh tanpa guna. Ora béda karo mburu angin.

12Jebul raja iya mung bisa nindakaké apa sing tau ditindakaké déning raja sadurungé. Aku banjur wiwit nggatèkaké wong sing wicaksana, wong sembrana lan wong tanpa budi.

13Aku banjur weruh: "Yèn kawicaksanan kuwi luwih becik tinimbang kabodhoan, ya kaya pepadhang enggoné luwih becik ketimbang karo pepeteng.

14Wong wicaksana ngerti apa sing dikarepaké, nanging wong bodho ora ngerti." Nanging aku ya ngerti yèn nasibé karo-karoné padha.

15Aku banjur rumangsa, "Yèn nasibku padha waé karo nasibé wong bodho. Yèn mengkono apa paédahé aku biyèn ngudi supaya dadi wong wicaksana. Ora ana paédahé. Sethithik waé ora ana."

16Sebab wonga wicaksana, wonga gemblung ora ana sing diélingi ing selawasé. Karo-karoné mbésuk bakal kalalèkaké. Kabèh wong ngalami mati, iya sing wicaksana, utawa sing gemblung.

17Dadi tumraping aku urip kuwi ora ana paédahé, sebab samubarang sing dakalami sajroning urip mung gawé susahé atiku. Kabèh mau tanpa guna, padha karo mburu angin.

18Ora ana asiling pegawéanku utawa olèh-olèhané kangèlanku sing maédahi marang aku, merga aku ngerti yèn kuwi kabèh mesthi daktinggalaké marang wong sapungkurku.

19Bisa uga wong kuwi wicaksana, bisa uga wong gemblung, aku ora ngerti. Éwasemono wong mau bakal nduwèni samubarang pametuné kangèlanku lan samubarang hasiling kawicaksananku selawasé aku urip ing donya kéné. Dadi kabèh mau ora ana paédahé.

20Mula aku gela ing ngatasé sakèhé kangèlan sing wis daklakoni sajegé uripku ing donya kéné.

21Sebab aku sing kangèlan nyambut-gawé kanthi kawicaksanan, kawruh lan ketrampilan, nanging asilé kudu daktinggalaké wong sing babar-pisan ora tau nglakoni apa-apa. Mulané kuwi kabèh tanpa guna lan cilaka gedhé.

22Apa olèh-olèhané manungsa saka kangèlané ing donya lan saka pangarahing atiné.

23Déné uripé kebak kasusahan, lan enggoné nyambut-gawé kebak karibedan, malah yèn bengi atiné ora tentrem, kuwi kabèh rak tanpa guna.

24Sing dadi kabegjané wong ora ana kejaba menawa mangan lan ngombé, sarta ngrasakaké olèh-olèhané kangèlané. Nanging aku rumangsa yèn kuwi pinangkané saka ing astané Allah.

25Sebab sapa bisa mangan lan nikmati barang sing ora saka peparingé Allah?

26Sebab Allah piyambak sing paring kawicaksanan lan kawruh sarta kabungahan marang wong sing dikasihi, nanging wong dosa dikersakaké nyambut-gawé ngethiyel nglumpukaké lan nenandho barang-barang sing arep diparingaké marang wong sing dikasihi Allah. Kuwi rak ya tanpa guna lan padha karo mburu angin.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel