Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 5 >> 

1(4-17) Sing ngati-ati menawa kowé sowan ing Pedalemané Allah. Luwih becik ana ing kana nyedhak karo ngrungokaké, ketimbang karo saos kurban kaya patrapé wong gemblung, sing ora bisa mbédakaké ala lan becik.

2(5-1) Pikiren dhisik sadurungé kumecap. Lan aja kesusu janji apa-apa marang Gusti Allah. Panjenengané ana ing swarga, mangka kowé ana ing bumi, mulané aja ngucapaké tembung luwih saka mesthiné.

3(5-2) Saya akèh prekara sing kokkuwatiraké, saya gampang olèhmu impèn ala, ora béda karo kakèhan omong marakaké gawé kaluputan.

4(5-3) Dadi yèn kowé ngaturaké kaul marang Allah, énggal-énggal luwarana. Sebab Gusti Allah ora rena karo wong tanpa pikiran.

5(5-4) Luwih becik ora ngunjukaké punagi, ketimbang karo nglairaké ujar mangka ora kokluwari.

6(5-5) Aja ngucapaké tembung sing bisa dadi dhadhakan kowé tumiba ing dosa, supaya aja nganti kowé kepeksa matur ing ngarsané imam yèn kowé klèru. Srana mengkono kowé mung njalari paukumané Allah waé, mula Panjenengané bakal ngrusak pegawéané tanganmu.

7(5-6) Senajan kowé kerep ngimpi lan akèh penggawé tanpa guna sing koklakoni, sarta tembung muspra sing kokucapaké, nanging saprekara sing prelu: kowé wedia marang Allah.

8(5-7) Aja gumun menawa kowé weruh pangwasa nindhes wong miskin lan ngrebut wewenangé ana ing pengadilan. Saben pegawé kuwi diayomi déning sing mbawahaké, lan loro-loroné diayomi déning penggedhé sing luwih dhuwur menèh pangkaté.

9(5-8) Senajan raja pisan kuwi uripé gumantung saka asilé panèn.

10(5-9) Sing sapa karem dhuwit ora bakal marem karo enggoné golèk dhuwit. Sing sapa karem bandha ora bakal ketutugan apa sing dadi pepénginané atiné. Kuwi iya tanpa guna.

11(5-10) Yèn kasugihanmu tambah, iya tambah cacahé wong sing ngentèkaké. Kowé olèh hasil apa kejaba enggonmu disebut wong sugih.

12(5-11) Wong glidhig kuwi akèha sethithika sing dipangan, enggoné turu kepénak, nanging wong sugih ora bisa turu merga barang-darbèké akèh lan akèh sing dikuwatiraké.

13(5-12) Ana prekara nyedhihaké sing daksipati ing donya kéné, yakuwi wong sing numpuk bandha, nanging nyebabaké cilakané dhéwé.

14(5-13) Wong mau ngalami kapitunan nganti bandhané entèk gusis, temah ora ana kekarèné sing diwarisaké marang anak-anaké.

15(5-14) Kaya nalika metu saka wetengé ibuné, iya mengkono enggoné bakal lunga kalawan wuda, padha waé karo lairé, sarta ora olèh apa-apa saka kangèlané sing bakal diwarisaké.

16(5-15) Kuwi rak ya tanpa guna lan gawé gelaning ati, déné enggon kita ninggal donya iki ora nggawa apa-apa, padha karo dhèk kita teka. Saka hasilé kangèlan kita, kita ora bisa nggawa apa-apa. Kuwi rak ya padha karo mburu angin.

17(5-16) Sajegé urip kita padha ana ing pepeteng, nandhang kasusahan, atiné kebak sumelang karo jèngkèl.

18(5-17) Aku banjur duwé panemu mengkéné: sing becik kanggoné manungsa yakuwi mangan lan ngombé sarta nikmati asilé kangèlané sajroné isih kaparingan urip sing mung cendhak iki. Kuwi wis dadi pandumané.

19(5-18) Menawa Gusti Allah paring kasugihan lan bandha akèh, sarta marengaké kita ngrasakaké kanikmatané peparing mau, kita wajib padha saos panuwun lan bungah déné bisa ngrasakaké hasiling kangèlan kita. Kuwi ganjaran peparingé Allah.

20(5-19) Sarèhné diparingi urip nampa kabegjan, wong mengkono mau ora prelu sumelang bab dawa lan cendhaking umuré.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
© 2010-2022
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran