1Aku nitèni yèn ing donya kéné akèh lelakon sing ora adil.
2Kayata: ana wong sing kaparingan kasugihan lan kaurmatan, nganti ora kekurangan apa sing dadi kasenengané atiné, éwadéné Allah ora marengaké wong kuwi nganggo barang-darbèké mau, nanging wong liya sing nganggo. Kuwi rak tanpa guna lan gawé perihing ati.
3Saupama ana wong sing duwé anak satus lan kaparingan umur dawa banget, nanging yèn wong mau ora ngrasakaké kanikmatané urip lan nalika matiné ora dikubur nganggo upacara, aku ngarani bayi sing metu kluron luwih kepénak ketimbang wong mau,
4sebab bayi sing lair kluron mau ilang sajroning pepeteng, banjur dilalèkaké.
5Bayi mau durung tau weruh padhanging raina, lan durung ngerti urip kuwi apa. Nanging loro-loroné wis olèh pengasoan,
6dadi luwih kepénak ketimbang karo wong sing ora tau ngrasakaké kanikmatané urip mau, senajan dhèwèké umuré nyandhak rong èwu taun. Bayi sing metu kluron lan wong tuwa mau wekasané papan sing diparani padha.
7Manungsa enggoné nyambut-gawé kalawan ngrekasa rak merga golèk pangan, mangka pepénginané mau ora ketutugan.
8Wong wicaksana apa luwih kepénak ketimbang karo wong gemblung? Lan apa gunané wong mlarat ngerti maknané urip?
9Kuwi kabèh rak tanpa guna, padha karo mburu angin. Luwih becik nikmati barang sing wis diduwèni, ketimbang nganti-anti barang sing durung karuwan ditampa.
10Samubarang sing kelakon kuwi wis lawas enggoné katetepaké, lan kita ngerti yèn ora ana gunané padu karo wong sing luwih gedhé pangwasané.
11Saya nemen enggonmu prekaran saya tanpa guna, mangka wekasané kowé ora olèh apa-apa.
12Sapa sing ngerti apa sing becik dhéwé kanggo manungsa sajroning uripé sing cendhak lan tanpa guna iki? Urip sing mung kaya ayang-ayangan liwat? Sapa sing weruh apa sing bakal kelakon sapungkuré?