Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 2 >> 

1Pangéran sajroning mulading dukané, wis ngemuli Sion nganggo pepeteng. Kaéndahané sing presasat Pirdus wis diwalik dadi gempuran. Merga duka, Pasucèné ditégakaké.

2Tanpa welas Pangéran ngrisak saben désa ing Yéhuda. Bètèng-bètèng sing dadi pangayomané tanah kono digempuri. Kraton lan para penggedhéné digawé wirang.

3Saka dukané Panjenengané numpes kekuwatané Israèl. Nalika mungsuh teka, Panjenengané ora kersa paring pitulungan. Kaya pengamuké geni, ya kaya mengkono dukané Pangéran mbesmi lan nyirnakaké samubarang.

4Panahé diarahaké marang kita kaya marang mungsuhé. Kabèh sing kita tresnani lan gawé bungahé ati dipatèni. Ing Yérusalèm kéné kita padha ngrasakaké aboting paukumané.

5Pangéran wis nggecak Israèl kaya marang mungsuhé. Bètèng-bètèng lan kedhaton didadèkaké gempuran. Panjenengané nekakaké kasusahan sing ora entèk-entèk marang Yérusalèm.

6Pedalemané Allah, panggonan kita manembah marang Panjenengané dilebur dadi awu. Dina suci lan dina Sabbat dibatalaké. Raja lan imam padha ngrasakaké bentèring penggalihé.

7Pangéran wis nampik mesbèh lan nilar Pedalemané. Mungsuh kita diparengaké nggempur bètènging kutha. Mungsuh padha surak-surak ing panggonan sing biyèn kita enggo mbektèni Panjenengané kanthi bungah.

8Wis dadi kersané Pangéran sing ora kena diowahi, yèn bètèngé Sion kudu digempur. Kabèh wis ditata kanthi tliti supaya digempur dadi awu. Menara-menara lan témbok-témbok saiki dadi gempuran kabèh.

9Gapura lan lawangé negara saiki dadi jugrugan, slaraké padha putung kari tugel-tugelané. Sang Prabu lan para penggedhé diboyong menyang pambuwangan. Torèt wis ora kawulangaké menèh, lan para nabi wis padha ora nampa wangsit saka Pangéran.

10Wong tuwa-tuwa ing Yérusalèm padha nglésod ing lemah tanpa kumecap. Padha nganggo bagor lan sirahé di wur-wuri awu. Para prawan padha nungkulaké sirahé ing bumi.

11Mripaté perih merga saka enggoné nangis; atiku ajur mumur merga saka sedhih, ngrasakaké karusakané bangsaku. Bocah lan bayi padha pating klèlèr glimpangan ing dalan-dalan kutha.

12Merga padha ngelih lan ngelak, padha nangis njaluk mangan lan ngombé marang biyungé; banjur padha ambruk kaya wong ketaton, nuli alon-alon padha mati ana ing pangkoné biyungé.

13Dhuh Yérusalèm, Yérusalèm, apa sing arep dakkandhakaké? Kepriyé enggonku arep nglipur kowé? Durung tau ana kasangsaran kaya sing kokalami kuwi! Kasangsaranmu gedhé banget, mangka ora ana pengarep-arep bakal kapan rampungé?

14Para nabimu mung bisa medhar wangsit goroh; piwulangé nasaraké kowé, merga ora tau nuduhaké dosamu. Kuwi marakaké kowé padha duwé pengira yèn kowé ora susah padha mratobat. Sabeneré dhèwèké mung ngandhakaké prekara-prekara sing ora nyata nganggo tembung-tembung sing mikat.

15Wong sing liwat ing kutha kono padha ngrèmèhaké kowé. Padha gèdhèg-gèdhèg lan nggeguyu ndeleng jugrugan-jugrugan ing Yérusalèm. Kandhané, "Apa iki kutha sing éndah, sing diegung-egungaké wong sajagad?"

16Sakèhé mungsuhmu padha moyoki kowé karo nggeguyu saka getingé karo kowé. Tembungé, "Rasakna, kowé wis dakgempur! Iki wektu sing wis suwé dakarep-arep!"

17Wekasané Pangéran nindakaké pengancam sing wis suwé di ngandikakaké. Panjenengané wis ngremuk kita tanpa welas, kaya enggoné ngélingaké marang kita dhèk jaman biyèn. Mungsuh kita padha diparingi kemenangan, mula padha bungah-bungah merga kita ambruk.

18Dhuh Yérusalèm, bètèngmu sambata marang Pangéran! Luhmu milia terus rina lan wengi. Karebèn awakmu kesel merga saka enggonmu sedhih lan nangis!

19Padha meléka sewengi muput lan nangisana Pangéran. Sokna isining atimu marang Panjenengané lan nyuwuna kawlasan kanggo para bocah cilik, sing padha arep mati ana ing dedalan ing saben pojoking prapatan.

20Dhuh Allah, mugi kersa mirsani tiyang-tiyang ingkang Paduka siksa! Tiyang èstri sami nedha daginging anakipun piyambak, ingkang dipun tresnani. Para imam lan para nabi sami kapejahan wonten ing salebeting Pedalemanipun Allah.

21Tiyang nèm sepuh sami pejah pating glimpang wonten ing margi-margi. Prawan lan tiyang èstri sami kapejahan srana pedhang. Sedaya sami Paduka babadi tanpa welas nalika Paduka duka.

22Paduka ngulemi para mengsah kawula sami ndhatengi pésta, nganiaya ing sakiwa-tengen kawula. Lan mboten wonten ingkang saged oncat saking panganiaya menika. Anak-anak kawula sami dipun pejahi, mangka menika ingkang kawula agengaken lan kawula tresnani.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ratapan 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel