Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 3 >> 

1Yèn mengkono, apa wong Yahudi kuwi luwih pinunjul ketimbang karo bangsa-bangsa liyané, utawa bangsa-bangsa kapir? Lan tetak kuwi apa ana paédahé?

2Paédahé gedhé banget! Sebab saora-orané Gusti Allah wis maringaké pangandikané marang wong Yahudi.

3Banjur kepriyé, yèn ana sagolongané wong Yahudi sing ora setya? Apa ateges, yèn Gusti Allah kuwi ora setya?

4Mesthi ora! Sebab Gusti Allah kuwi setya tuhu, senajan manungsa kabèh padha goroh, kaya sing katulisan ana ing Kitab Suci mengkéné: "Supados Panjenengan ketitika leres ing sapangandika Panjenengan, saha menang samasa dipun adili tiyang."

5Nanging yèn merga saka duraka kita kaadilané Gusti Allah dadi lan cethané, kita arep kandha apa? Apa Gusti Allah dadi ora adil, samangsa Panjenengané ngukum kita merga keluputan kita? (Kandhaku iki manut pikirané manungsa.)

6Mesthi waé ora! Sebab yèn Gusti Allah ora adil, kepriyé bisané Panjenengané ngadili jagad iki?

7Lan menèh menawa kaadilané Gusti Allah katon luhuré, merga saka gorohku, yagéné gorohku kuwi disalahaké, lan aku dianggep wong dosa?

8Apa sebabé kokkita ora kena muni mengkéné: "Ayo padha nglakoni piala, supaya ketara endi sing becik?" Pancèn ana wong sing ndakwa aku muni mengkono. Gusti Allah bakal ngukum wong mau manut apa mesthiné.

9Yèn mengkono, apa kita, wong Yahudi, luwih becik ketimbang karo wong dudu Yahudi? Babar-pisan ora! Aku wis mbuktèkaké yèn wong Yahudi lan wong liyané kuwi padha kawengku déning pangwasané dosa.

10Ing Kitab Suci katulis mengkéné: "Siji waé ora ana wong sing bener,

11ora ana wong sing ngerti utawa sing kepéngin ngerti marang kersané Gusti Allah.

12Sebab wong kabèh wis padha nyingkur marang Gusti Allah, wong kabèh wis padha kesasar. Ora ana siji waé wong sing nglakoni kabecikan; siji waé ora ana!

13Gurungé kaya kuburan menga, ilaté seneng goroh lan apus-apus; sarta panyatur alané metu saka lambéné kaya wisané ula.

14Cangkemé kebak ipat-ipat lan laknat.

15Gampang yèn nganiaya lan matèni wong.

16Saenggon-enggon nganakaké karusakan lan nuwuhaké kasangsaran.

17Dalaning katentreman padha ora diambah.

18Wong-wong mau durung tau nduwèni rasa wedi marang Gusti Allah."

19Saiki kita ngerti, yèn samubarang sing didhawuhaké déning Torèt, kuwi kanggo wong-wong sing kawengku ing Torèt, supaya manungsa kabèh padha ora bisa éndha, lan supaya donya saisiné kapatrapan’a paukumané Gusti Allah.

20Sebab ora ana wong siji waé sing bener ana ing ngarsané Gusti Allah merga nglakoni Angger-anggering Torèt. Nanging satemené Torèt kuwi mung nuduhaké, yèn manungsa wis nandhang dosa.

21Nanging saiki Gusti Allah wis nedahaké dalan, supaya manungsa bisa karukunaké karo Panjenengané, lan dalan kuwi ora ana gegayutané karo Torèt. Malah Torèt lan Kitab-kitabé Para Nabi padha neksèni:

22Yèn Gusti Allah ngrukunaké manungsa karo sarirané piyambak, merga precaya marang Gusti Yésus Kristus. Gusti Allah nindakaké sing mengkono mau tumrap wong kabèh, sing padha precaya marang Gusti Yésus Kristus. Sebab wong kabèh mau ora ana bédané:

23Kabèh wis padha gawé dosa lan adoh karo Gusti Allah, sing dadi etuking keslametané.

24Manungsa enggoné karukunaké karo Gusti Allah kuwi awewaton sih-rahmat, sing diparingaké marang manungsa, lumantar panebusé Gusti Yésus Kristus.

25Sédané Gusti Yésus kuwi kaagem déning Gusti Allah dadi srana enggoné manungsa kaapura dosané, yakuwi samangsa wong mau precaya marang Panjenengané. Enggoné Gusti Allah nindakaké mengkono mau kanggo nélakaké kaadilané. Ing jaman-jaman sing wis kepungkur, Gusti Allah sajroning kesabarané, ora maèlu marang dosa-dosané manungsa.

26Nanging saiki Panjenengané ngukum dosané manungsa. Srana mengkono Gusti Allah ngetingalaké yèn Panjenengané sipat adil, lan Panjenengané ngrukunaké sarirané piyambak karo saben wong sing precaya marang Gusti Yésus.

27Yèn mengkono, apa sing arep kita gung-gungaké? Ora ana! Banjur apa wewatoné manungsa enggoné kaslametaké? Apa merga enggoné nglakoni Torèt? Ora, nanging mung merga precaya.

28Dadi ringkesé mengkéné: Wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi mung wewaton precaya thok, lan ora merga enggoné nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt.

29Apa Gusti Allah kuwi mung Allahé wong Yahudi waé? Panjenengané rak uga dadi Allahé bangsa liyané? Mesthi waé.

30Sebab Gusti Allah kuwi mung siji! Panjenengané ngrukunaké wong-wong Yahudi karo sarirané piyambak merga saka precayané wong-wong Yahudi mau, lan Panjenengané ngrukunaké bangsa-bangsa liyané karo sarirané piyambak iya merga saka precayané wong-wong mau.

31Yèn ngono apa merga precaya marang Gusti Yésus kita banjur mbatalaké Torèt? Ora! Malah merga saka precaya mau kita ngajèni Torèt.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Roma 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel