Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Rut 4 >> 

1Boas banjur lunga menyang gapuraning kutha sing lumrahé kanggo rapat para pemimpiné masarakat kutha kono. Bareng lungguh, ana wong lanang liwat, yakuwi seduluré kulawargané Élimèlèk sing cedhak dhéwé. Wong mau banjur diundang déning Boas, "Mangga, kula aturi lenggah ngriki." Wong mau uga banjur mrono lan lungguh.

2Boas banjur ngajak wong sepuluh, para pemimpiné kutha, supaya mèlu lungguh bebarengan ing kono. Sawisé padha lungguh,

3Boas banjur kandha karo wong sing isih keprenah seduluré mau mengkéné, "Naomi sampun wangsul saking Moab. Samenika badhé nyadé pasitènipun Élimèlèk, sedhèrèk kita.

4Mesthinipun sampéyan inggih sampun mireng bab menika. Menawi sampéyan badhé numbas pasitèn menika sampéyan criyos samenika, ing ngajengipun para pemimpining masarakat. Menawi mboten, sampéyan criyos terus terang, mergi ingkang gadhah hak numbas siti menika nomer setunggal sampéyan, nomer kalih kula." Wangsulané wong mau, "Inggih, pasitèn menika kula tumbasipun."

5Boas banjur kandha, "Inggih sampun leres mekaten, nanging menawi sampéyan tumbas pasitèn menika saking Naomi, sampéyan inggih kedah mendhet Rut, randha saking Moab menika dados sémah sampéyan; mergi pasitèn menika kedah tetep dados gadhahanipun ahli warisipun tiyang ingkang sampun pejah wau."

6Wangsulané wong mau, "Menawi mekaten wewenang kula numbas pasitèn menika kula lepas kémawon, mergi menawi kula tumbas mboten badhé dados gadhanipun anak putu kula. Langkung prayogi sampéyan kémawon ingkang numbas."

7Miturut adaté dol-tinuku utawa ijolan palemahan dhèk semono, dianggep sah, yèn wongé sing ngedol nyopot sandhalé lan masrahaké sandhal mau marang sing tuku. Mengkono carané wong Israèl ngabsahaké dol-tinuku palemahan.

8Mulané bareng wong mau kandha karo Boas, "Yèn mekaten sampéyan kémawon ingkang numbas," dhèwèké nuli nyopot sandhalé lan masrahaké marang Boas.

9Boas banjur kandha karo para pemimpiné masarakat sing rapat ana ing kono, "Ing dinten menika sampéyan sedaya kula dadosaken seksi, bilih kula sampun numbas saking Naomi sedaya pasitèn gadhanipun Élimèlèk lan anak-anakipun, inggih menika Kilyon lan Mahlon.

10Kejawi saking menika kula inggih mendhet Rut, tiyang èstri Moab, randhanipun Mahlon, dados sémah kula. Srana mekaten siti menika badhé tetep dados gadhanipun ahli-warisipun tiyang ingkang sampun tilar-donya. Anak-turunipun badhé tetep dados setunggal lan tetep manggèn ing dhusunipun kulawarga menika. Para sedhèrèk sedaya kula purih neksèni."

11Para pemimpiné masarakat lan liya-liyané padha sarujuk, tembungé, "Inggih, kula sami neksèni. Mugi-mugi Gusti Allah ndadosna sémah sampéyan kados Rahèl lan Léa, ingkang nglairaken anak kathah kanggé Yakub. Mugi-mugi sampéyan kaparingan bandha kathah ing antawisipun tiyang-tiyang turun-Éfraim lan dadosa tiyang ingkang kajèn-kéringan ing kitha Bètléhèm.

12Mugi-mugi anak-anak sampéyan kaliyan tiyang èstri nèm menika ndadosaken brayat sampéyan kados brayatipun Pèrès, anakipun Yéhuda kaliyan Tamar."

13Rut banjur dadi bojoné Boas. Saka berkahé Pangéran Rut banjur ngandheg lan duwé anak lanang.

14Tembungé wong-wong wadon marang Naomi, "Kaluhurna Pangéran! Dina iki Pangéran wis maringi putu lanang marang kowé lan sing bakal ngopèni kowé. Muga-muga bocah iki dadi wong sing misuwur ing Israèl!

15Mantumu tresna marang kowé. Jasané marang kowé ngungkuli jasané anak lanang pitu. Malah saiki kowé olèh putu lanang saka dhèwèké; kuwi bakal gawé gedhéné atimu, merga bocah mau sing bakal ngrumat kowé samasa kowé wis jompo."

16Naomi banjur nggéndhong bocah mau lan dirumati kanthi tresna kaya anaké dhéwé.

17Para wong wadon tangga-teparoné Naomi padha njenengaké bocah mau: Obèd. Saben wong padha dikandhani, "Saiki Naomi wis duwé anak lanang!" Obèd kuwi mbésuké dadi bapakné Isai. Déné Isai kuwi bapakné Raja Dawud.

18(4:18-22) Dadi silsilahé Dawud mau yèn kawiwitan saka Pèrès mengkéné: Pèrès, Hézron, Aminadab, Nahason, Salmon, Boas, Obèd, Isai, Dawud.

19(4:18)

20(4:18)

21(4:18)

22(4:18)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Rut 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel