Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 18 >> 

1"Wong Lèwi sing olèh tugas dadi imam, ora kena nampa panduman lemah. Kudu urip saka pisungsung-pisungsung lan sesaosan kurban liyané, sing diparingaké déning Allah.

2Ora kena duwé lemah kaya taler-taler liyané. Pandumané yakuwi kaurmatan enggoné dadi imam-imamé Allah, kaya sing dijanjèkaké déning Allah.

3Yèn ana wong saos kurban rupa sapi utawa wedhus, sampilé ngarep, wangé loro lan jeroané kudu diwènèhaké marang imam.

4Asilé gandum sing kawitan, anggur, lenga zaitun lan wuluné wedhus sing lair sepisanan kuwi iya bagéané para imam.

5Ing antarané taler-taler Israèl, Allah wis milih taler Lèwi dadi imam, sing nindakaké tugas ing selawas-lawasé.

6Yèn ana wong Lèwi saka salah sijiné kutha ing Israèl teka ing papan pangibadah sing wis dipilih déning Allah, mangka kepéngin manggon ing kono,

7wong mau kena dadi imamé Pangéran Allahmu, kaya wong-wong Lèwi liyané, sing nyambut-gawé ing papan pangibadah kono.

8Wong mau kudu nampa pangané, ora béda karo imam-imam liyané, lan apa waé sing dikirimaké brayaté, dadi duwèké wong mau dhéwé."

9"Yèn kowé manggon ing tanah sing diparingaké déning Pangéran Allahmu, kowé aja niru penggawé-penggawé nistha sing dilakoni déning wong kapir sing ana ing kana.

10Aja ngurbanaké anak-anakmu ana ing mesbèhmu. Ing antarané bangsamu ora kena ana sing dadi tukang ramal, juru tenung, dhukun sing migunakaké pétungan,

11tukang sihir utawa préwangan sing takon karo rohé wong mati.

12Wong sing padha nglakoni penggawé ala mau disengiti déning Pangéran Allahmu, mula wong-wong mau ditundhungi saka ing ngarepmu.

13Mulané kowé padha ngabektia marang Pangéran Allahmu kanthi mantep."

14Sawisé kuwi Musa banjur kandha, "Ing tanah sing arep kokenggoni, wong-wong padha nuruti pituduhé dhukun lan juru pétung. Nanging Pangéran Allahmu ora marengaké kowé nglakoni kaya mengkono.

15Malah Panjenengané bakal ngutus saka ing tengahmu, Nabi kaya aku iki. Lan Nabi kuwi sing kudu kokéstokaké.

16Ing dina nalikané kowé padha nglumpuk ing Gunung Sinai, kowé padha nyuwun supaya ora susah krungu swarané Allah kang ngandika, lan ndeleng Panjenengané ana ing geni sing mulad-mulad, merga kowé padha wedi.

17Merga saka kuwi Gusti Allah ngandika karo aku, ‘Panyuwuné kuwi becik.

18Aku bakal ngutus saka ing tengahé bangsa iki, Nabi kaya kowé, Musa. Nabi sing bakal Dakdhawuhi ngucapaké apa sing kudu diucapaké lan sing bakal nerusaké marang bangsa Israèl sakèhé prekara sing Dakdhawuhaké.

19Nabi mau bakal caturan kaya sing Dakkersakaké, lan Aku bakal ngukum saben wong sing ora nurut marang dhèwèké.

20Nanging yèn ana nabi sing wani ngucapaké wangsit atas asma-Ku, mangka ora Dakdhawuhi, bakal kapatrapan paukuman pati merga saka penggawéné mau. Mengkono uga bakal kapatrapan ukum pati saben nabi sing ngucapaké wangsit atas jenengé brahala-brahala.’

21Kepriyé bisané ngerti yèn sawijining nabi kuwi utusané Allah apa dudu?

22Yèn nabi mau ngucapaké wangsit atas asmané Allah, mangka apa sing dikandhakaké mau ora kelakon, wangsité kuwi ora saka Allah. Enggoné ngucapaké wangsit mau atas jenengé dhéwé, mulané kowé ora susah wedi karo wong kuwi."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel