Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 19 >> 

1"Sawisé bangsa-bangsa kuwi ditumpes déning Pangéran Allahmu lan tanahé diparingaké marang kowé, kutha-kuthané bangsa-bangsa mau banjur rebuten lan omah-omahé enggonana.

2(19:2-4) Wilayah kono kudu kokpérang dadi telung bagéan; saben bagéan kudu ana kuthané pangungsèn, sing gampang dienggo ngungsi. Yèn ana wong sing ora kejarag nyebabaké patiné wong liya, sing dudu mungsuhé, wong kuwi bisa ngungsi ing salah sijiné kutha mau.

3(19:2)

4(19:2)

5Upamané mengkéné: ana wong loro bebarengan negor kayu ing alas. Nalika sing siji madung, wadungé mlesat saka garané, ngenani wong sijiné nganti mati. Wong sing tanpa dijarag nyebabaké patiné kancané kuwi kena mlayu golèk pangungsèn ana ing salah sijiné kutha telu mau.

6Yèn kuthané pangungsèn mung siji, bisa uga kadohan, temah seduluré wong sing mati, sing kudu males, bisa ngoyak sing matèni, lan sajroning nepsuné gentèn matèni wong sing satemené ora salah mau. Mangka sanyatané enggoné nyebabaké patiné kancané mau ora dijarag.

7Mulané aku mrayogakaké, supaya kowé milih kutha telu.

8Yèn Pangéran Allahmu njembaraké wilayahmu, kaya sing dijanjèkaké marang leluhurmu, lan tanah mau kabèh wis kokenggoni,

9kowé padha miliha kutha telu liyané menèh. (Tanah kuwi bakal diparingaké marang kowé, yèn kowé padha nglakoni sakèhé prenatan sing dakdhawuhaké ing dina iki marang kowé, lan yèn kowé ngasihi Pangéran Allahmu, sarta netepi sakèhé piwulangé.)

10Dhawuh iki lakonana, supaya kowé ora gawé dosa merga matèni wong sing ora salah, ana ing tanah sing diparingaké Allah marang kowé.

11Nanging saupama ana wong nyegat mungsuhé lan njarag matèni mungsuhé mau, banjur mlayu golèk slamet ing kutha pangungsèn,

12para penggedhéné kutha kono kudu ngundang wongé lan masrahaké wong mau marang kulawarga sing wenang males, supaya wongé diukum pati.

13Wong kuwi aja kokwelasi. Wong sing mematèni kudu disirnakaké saka ing tanah Israèl, supaya kowé kabèh padha slamet."

14"Yèn kowé wis mlebu ing tanah sing diparingaké déning Pangéran Allahmu, aja pisan-pisan kowé ngelih tapel watesé tanggamu, sing wis ditemtokakaé dhèk jaman biyèn."

15"Kanggo netepaké kaluputané wong, ora cukup yèn seksiné mung siji; sethithik-thithiké kudu loro.

16Yèn ana wong ndakwa marang wong liyané lan nggugat prekara apa waé,

17loro-loroné kudu digawa ngadhep ing papan pangibadah sing wis dipilih déning Allah, supaya prekarané diadili déning para imam lan para hakim, sing mbeneri tugas ana ing kono.

18Para hakim kudu nitipriksa prekarané klawan tliti, lan yèn pandakwa mau ora nyata,

19wong sing mitenah pepadhané wong Israèl mau kudu diukum. Ukumané padha aboté karo ukuman sing dirancang kanggo sing dipitenah. Nganggo cara mengkono kowé bakal mbrantas piala mau.

20Saben wong sing krungu lelakon mau bakal wedi. Srana mengkono wong liya-liyané bakal ora wani nindakaké piala menèh.

21Wong sing tumindaké ala mau aja kokwelasi. Paukuman kuwi sejatiné males utawa ngijoli; mulané nyawa kudu diijoli njawa, mripat diijoli mripat, untu diijoli untu, tangan diijoli tangan, sikil diijoli sikil."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel