Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 22 >> 

1Yèn kowé weruh sapi utawa wedhusé wong Israèl kesasar, aja éthok-éthok ora weruh, nanging tuntunen menyang panggonané sing duwé.

2Nanging yèn sing duwé omahé adoh, utawa kowé ora weruh omahé, kéwan mau gawanen mulih menyang omahmu. Yèn sing duwé teka nggolèki, kéwan mau pasrahna.

3Kaya mengkono uga yèn kowé nemu kuldi, sandhangan utawa apa waé sing dadi duwèké sedulurmu tunggal bangsa.

4Yèn ana kuldi utawa sapiné sedulurmu tunggal bangsa ambruk ing dalan, kowé aja éthok-éthok ora weruh, nanging réwangana nangèkaké kéwan mau.

5Wong wadon aja menganggo kaya wong lanang, lan wong lanang aja menganggo kaya wong wadon, merga Pangéran Allahmu sengit karo wong sing nyandhang kaya mengkono.

6Yèn kowé nemu susuh manuk ing wit utawa ing lemah, mangka manuké lagi ngengremi endhogé utawa piyik-piyiké, manuk mau aja kokjupuk.

7Piyik-piyiké kena kokjupuk, nanging mboké culna karebèn mabur, supaya dawa umurmu lan uripmu ora kekurangan.

8Yèn kowé ngedegaké omah, payoné kudu kokpageri mubeng, dadi kowé ora kesalahan yèn ana wong tiba saka payon lan mati.

9Aja nandur tanduran liya jèjèr karo witmu anggur. Yèn meksa koktandur kowé aja ngundhuh wohé wit mau utawa wohé anggurmu.

10Sapi lan kuldi aja kokdadèkaké sapasangan kokenggo mluku.

11Benang wol karo benang kapas aja koktenun bebarengan dadi bakal siji.

12Ing pojok-pojoké jubahmu wènèhana gombyok."

13"Yèn ana wong lanang kawin karo prawan, nanging banjur ora seneng karo prawan mau,

14mangka banjur gawé pandakwa palsu marang sing wadon, yèn wong wadon kuwi nalika dikawin wis ora prawan.

15Wong tuwané bocah wadon mau kudu njupuk tilas sandhangané pengantèn sing ana tilasé getih, kanggo mbuktèkaké yèn bocah wadon mau nalika kawin isih prawan. Sandhangan sing ana tipaké getih mau kudu digawa menyang papan pengadilan lan dituduhaké marang para pinituwané kutha kono.

16Bapakné bocah wadon mau kudu kandha karo para pinituwa, ‘Anak kula èstri sampun kula ningkahaken kaliyan tiyang jaler menika, nanging samenika tiyang jaler menika mboten remen.

17Piyambakipun damel pandakwa palsu dhateng anak kula, mestani anak kula nalika kawin sampun sanès prawan. Sumangga kula aturi mirsani tipak rah ingkang wonten ing sandhanganipun pengantèn!’

18Para pinituwané kutha kudu nekakaké wong lanang sing gawé pandakwa palsu mau, nuli digebugi.

19Sawisé mengkono wongé dikon mbayar dhendha satus dhuwit slaka, merga wis gawé wirangé wong wadon Israèl. Dhuwité mau déning para pinituwa dipasrahaké marang bapakné bocah wadon mau. Bocahé wadon mau kudu tetep dadi bojoné wong sing didhendha, lan ora kena dipegat selawasé urip.

20Nanging saupama pandakwa mau nyata, lan ora ana bukti sing nélakaké yèn bocahé wadon nalika kawin isih prawan,

21bocah wadon mau kudu digawa menyang lawangé omahé bapakné lan kabèh wong lanang ing kutha kono kudu mbenturi bocah wadon mau nganggo watu nganti mati, merga bocah wadon mau wis nindakaké prekara sing ngisin-isinaké bangsa Israèl kabèh, yakuwi laku jina ana ing omahé bapakné. Srana cara mengkono kowé padha mbrantas piala mau.

22Yèn ana wong lanang konangan lagi nuroni bojoné wong liya, wong loro lanang wadon mau kudu diukum pati. Srana cara mengkono kowé bakal mbrantas piala sing kaya ngono.

23Yèn ana wong lanang konangan lagi nuroni prawan ing sawijining kutha, mangka prawan mau wis duwé pacangan,

24wong lanang lan prawan mau loro-loroné kudu digawa metu saka kutha lan dibenturi watu nganti mati. Prawan mau kudu dipatèni, merga ora bengok-bengok njaluk tulung, ing ngatasé ana ing kutha, sing wong-wongé mesthi padha krungu. Déné wongé lanang kudu dipatèni, merga nuroni prawan sing wis duwé pacangan. Nganggo cara mengkono kowé bakal mbrantas piala mau.

25Saupama ana wong lanang, ana ing pategalan nuroni kanthi rodha-peksa prawan sing wis duwé pacangan, wongé lanang sing kudu diukum pati.

26Prawané ora kena dikapak-kapakaké, merga ora nglakoni prekara sing kudu diukum pati; padha kaya yèn wong lanang diserang wong lanang liyané arep dipatèni.

27Wong wadon mau olèhé dirodha-peksa rak ana ing pategalan, dadi senajan bengok-bengok njaluk tulung, iya ora ana wong sing krungu.

28Saupama ana wong lanang kepregok lagi nuroni prawan sing durung duwé pacangan klawan rodha-peksa,

29wong lanang mau kudu mbayar dhendha marang bapakné bocah wadon mau sèket dhuwit slaka, lan bocah wadon mau kudu dikawini, merga wis dirodha-peksa, lan ora kena dipegat selawasé urip.

30Wong ora kena nuroni salah sijiné bojoné bapakné, merga penggawé sing mengkono kuwi ngrèmèhaké bapakné."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel