Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 24 >> 

1"Yèn ana wong lanang kawin, mangka banjur ora seneng karo bojoné mau, merga pratingkahé sing ngisin-isinaké, wong lanang mau kena mènèhi layang pegat marang somahé lan akon wong wadon mau lunga saka omahé.

2Nanging menawa wong wadon mau kawin menèh karo wong liya,

3lan wong lanang sing kari mbésuké uga ora seneng karo wong wadon mau, sarta mènèhi layang pegat, sarta akon wong wadon mau lunga saka ing omahé, mangka wongé lanang sing kapindho mau mati.

4Wong lanang sing kapisan ora kena ngawini wong wadon mau menèh. Wong wadon kuwi kudu dianggep wong sing wis dirusuhi. Saupama wong wadon mau meksa dikawini, penggawéné kuwi ngrèmèhaké marang Allah. Kowé ora kena gawé dosa sing kaya mengkono ana ing tanah sing arep diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé."

5"Yèn ana wong lanang mentas omah-omah, wong mau ora kena dikon mèlu perang utawa nglakoni kuwajiban umum liyané. Wong mau kena ana ing omahé setaun, gawé senengé atiné bojoné.

6Yèn ana wong motangaké, ora kena njaluk tanggungan rupa watu gilingan sing kanggo nggiling gandum. Merga yèn watu piranti nggiling gandum kuwi dijupuk, wong mau ora bisa nggiling gandumé sing prelu dipangan kanggo urip.

7Yèn ana wong nyulik pepadhané tunggal bangsa didadèkaké baturé utawa diedol kaya batur-tukon, wong mau kudu diukum pati. Srana cara mengkono kowé mbrantas piala mau.

8Yèn kowé nandhang lara kusta, kowé kudu nglakoni apa sing didhawuhaké déning para imam Lèwi. Pituduh-pituduhé turuten.

9Élinga marang pangandikané Pangéran Allahmu marang Miryam nalika kowé padha metu saka ing tanah Mesir.

10Yèn kowé ngutangi wong, aja mlebu omahé njupuk sandhangané wong mau, sing arep dicekelaké marang kowé minangka tanggungan.

11Kowé nunggonana ing njaba, supaya wongé dhéwé sing nggawa, nampakaké marang kowé.

12Yèn wongé mau wong sing ora duwé, bengi kuwi sandhangan mau ora kena koksimpen ing omahmu,

13nanging saben bengi kudu kokbalèkaké, supaya kena dienggo kemul turu. Wong mau bakal mujèkaké becik marang kowé lan Pangéran Allahmu bakal rena penggalihé karo kowé.

14Kowé ora kena ngelongi opahé wong miskin sing ngrekasa uripé, iya wong Israèl utawa wong manca sing manggon ing kuthamu.

15Saben dina, sadurungé srengéngé surup, kowé kudu mbayar opahé buruhmu kanggo dina kuwi. Wong-wong mau njagagaké dhuwit opahé nyambut-gawé kanggo nyukupi kebutuhané. Yèn opahé ora kokbayar, wong mau bakal sesambat marang Allah ing ngatasé kowé, lan kowé bakal dadi salah.

16Kowé aja matèni wong tuwa merga keluputané anak-anaké, lan aja matèni anak merga keluputané wong tuwané. Wong mung kena diukum pati merga keluputané dhéwé.

17Kowé aja ngrampas haké wong manca lan bocah lola; sandhangané randha ora kena kanggo tanggungan.

18Élinga, yèn kowé wis tau dadi batur-tukon ing tanah Mesir lan wis diluwari déning Pangéran Allahmu. Mulané kowé diparingi prenatan iki.

19Yèn kowé ngenèni gandummu lan isih ana sing kecècèr, aja kokbalèni. Lilakna kanggo wong manca lan bocah lola, sarta para randha, supaya kowé diberkahi déning Pangéran Allahmu ing sakèhing penggawému.

20(24:20-21) Witmu zaitun lan kebon anggurmu mung kena kokundhuh sepisan. Aja kokbalèni nglumpukaké sing isih kari. Sing kari kuwi bagéané wong manca, bocah lola lan para randha.

21(24:20)

22Aja pisan-pisan kowé lali, yèn biyèn kowé tau dadi batur-tukon ana ing Mesir. Mulané kowé dakparingi prenatan iki."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel