Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 30 >> 

1"Saiki kowé miliha berkah apa paukuman. Yèn paukuman mau kabèh wis nekani kowé lan kowé urip ing antarané bangsa-bangsa manca, panggonanmu disebar déning Allah, kowé bakal kèlingan karo pilihan sing dakadhepaké marang kowé iki.

2Yèn kowé lan anak-turunmu padha bali ngabekti marang Allah, lan nglakoni kanthi mantep sakèhé dhawuh sing diparingaké marang kowé ing dina iki,

3Pangéran Allahmu bakal tuwuh welasé marang kowé. Kowé bakal dibalèkaké menèh saka ing antarané bangsa-bangsa panggonanmu disebar, lan kowé bakal didadèkaké bangsa sing sarwa ora kekurangan.

4Malah senajan panggonanmu pating slebar tekan ing pojoké bumi sing adoh pisan, Pangéran Allahmu bakal nglumpukaké kowé, kagawa bali menèh.

5Kowé bakal ngwasani menèh tanah sing biyèn dienggoni déning para leluhurmu. Malah kowé bakal digawé luwih sugih lan cacahmu digawé luwih gedhé ketimbang karo jamané leluhurmu.

6Kowé lan anak-turunmu bakal diparingi ati kang mbangun-turut, temah kowé bakal tresna marang Pangéran Allahmu klawan gumolonging ati lan bakal tetep manggon ing tanahmu kono.

7Paukuman-paukuman bakal ditibakaké marang mungsuh-mungsuhmu sing padha sengit lan padha nindhes marang kowé.

8Kowé bakal mbangun-turut menèh marang Allah lan nglakoni sakèhé dhawuh sing diparingaké marang kowé ing dina iki.

9Allah bakal mberkahi sarupaning penggawému. Kowé bakal diparingi anak lan raja-kaya akèh. Palemahanmu bakal metokaké asil akèh banget. Kanthi renaning penggalih Allah bakal ndadèkaké kowé sarwa ora kekurangan, kaya nalika Panjenengané klawan renaning penggalih mberkahi marang para leluhurmu.

10Nanging kowé kudu mbangun-turut marang Allah lan nglakoni sakèhing dhawuhé sing ditulis ana ing Kitab iki, Kitab Angger-anggeré Allah. Kowé kudu mratobat kanthi éklasing ati.

11Dhawuh sing dakandharaké marang kowé ing dina iki ora pati angèl utawa ora mokal dilakoni.

12Panggonané ora ana ing langit, mula kowé ora susah takon, ‘Sapa sing bakal munggah mrana lan ngedhunaké kanggo kita, supaya kita bisa ngrungokaké lan nglakoni dhawuhé?’

13Panggonané uga ora ana ing sabranging segara, temah kowé prelu takon, ‘Sapa sing bakal nyabrang ing segara njupuk kanggo kita, supaya kita bisa ngrungokaké lan nglakoni dhawuhé?’

14Ora, dhawuh kuwi ana ing kéné. Kena kokdeleng lan kokturun, mulané lakonana saiki uga.

15Ing dina iki miliha: sing becik, apa sing ala; milih mati apa milih urip.

16Yèn kowé tresna marang Pangéran Allahmu lan mbangun-turut marang Panjenengané, sarta nglakoni sakèhé dhawuhé sing dakandharaké ing dina iki marang kowé, kowé bakal sugih banget lan dadi bangsa gedhé. Pangéran Allahmu bakal mberkahi kowé ing tanah sing ora suwé menèh bakal kokenggoni.

17Nanging yèn kowé ora mbangun-turut lan ora ngèstokaké, malah gelem disasaraké nyembah marang brahala-brahala.

18Élinga, kowé wis dakélingaké ing dina iki. Umurmu bakal ora dawa ana ing tanah ing sabrangé Kali Yardèn, sing ora suwé menèh bakal kokrebut.

19Saiki kowé miliha seneng urip apa seneng mati, berkah apa paukuman. Langit lan bumi dakdadèkaké seksi ing ngatasé putusanmu. Miliha urip.

20Tresnaa marang Pangéran Allahmu, mbangun-turuta lan manuta marang Panjenengané, mula kowé lan anak-turunmu bakal diparingi umur dawa ing tanah sing dijanjèkaké déning Allah marang leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel