Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 32 >> 

1"Hé langit, rungokna kidungku; lan bumi, tilingna swaraku!

2Piwulangku digawa udan temurun lan tumètès kaya ebun. Dikaya udan deres nelesi pasuketan, sarta nyirami thethukulan.

3Allah élok Asmané, wartakna kaluhurané.

4Allah adil sapangrèhé. Sampurna dalané, gedhé piwelasé. Bètèng kang setya, bisa diandelaké, ora mblénjani ing selawasé.

5Nanging kowé bangsa kang ora setya, ora pantes disebuta putra.

6Bangsa gemblung kang keblinger, tanpa budi lan kuminter. Apa pemalesmu marang Allah, Ramamu lan Ramané sakèhé tumitah? Kowé digemblèng dadi bangsa, digawé gedhé lan prakosa.

7Élinga jaman kepungkur, jamané para leluhur. Takona bapak-bapakmu, seksiné lelakon mau.

8Kang Mahaluhur mandumi lemah, kang kokenggo ngedegi omah. Saben taler ditemtokaké watesé, Allah piyambak jumeneng Ratuné.

9Bani Yakub lan anak-turuné dipilih dadi umaté.

10Ditemu nalika lagi nglembara, ing panggonan cengkar lan nistha. Direksa lan dirimat kaya maniking mripat.

11Kaya garudha marahi mabur anaké, disangga klawan swiwiné. Mengkono Israèl direksa Allah, supaya slamet lan sumarah.

12Allah piyambak ngirid bangsané, tanpa déwa, brahala lan pepadhané.

13Umaté manggon ing pegunungan, zaitun tuwuh ana ing padhasan. Padha mangan gandum ora kurang, ngombé madu ing selaning karang.

14Raja-kayané becik dhéwé, turah-turah susuné, gandum lan angguré tanpa tandhing rasané.

15Umaté Allah mula sugih, nanging duraka. Allahé ditampik, milih brahala. Padha lemu ginuk-ginuk, dhasar karem mangan. Pangéran Allahé dianggep sandhungan.

16Padha nyembah reca, temah Allah bentèr galihé, duka merga durakaning umaté.

17Déwa-déwa disaosi kurban sukur, brahala kang disengit: déning para leluhuré padha dibektèni.

18Allah, Juru Slamet dirèmèhaké, kang paring urip ora digapé.

19Pirsa klakuané umaté Allah duka, bentèr galihé.

20Dhawuhé, ‘Bangsa wangkal, ora setya, bakal ngundhuh wohing piala.’

21Reca kang dipuja, gawé Aku duka, bentèr ing galih, pirsa brahala, kang dudu Allah disembah-sembah. Bangsa liya bakal Dakenggo nenangi kumèrèné umat gemblung kang keblinger uripé.

22Duka-Ku kaya geni makantar-kantar, bumi sapametuné bakal Dakbakar, kuburan-kuburan dadi karang-abang, dhasaring gunung dadi abang mbranang.

23Matumpuk-tumpuk bebaya kang nekani, umat-Ku Daklawan nganggo panah mematèni.

24Lara panas lan larang pangan nekakaké pati, pirang-pirang tur nggegirisi. Kéwan galak saka ing endi-endi, ula mandi njalari akèh pepati.

25Perang lan pagiris ngancam sedalan-dalan, kang nèng omah mèlu ketaman. Jaka lan prawan padha mati, bayi lan kaki-kaki ora kari.

26Bakal Daktumpes bangsa iki, ilang tilasé ana ing bumi.

27Nanging si mungsuh aja gumunggung, rumangsané karosané kang gawé rampung. Merga ora ana liya, Aku dhéwé kang makarya.

28Israèl, bangsa kang tanpa budi, kélangan kawruh sejati.

29Ora ngerti sebabé kalah, ora nitèni kersané Allah.

30Wongé sèwu kalah karo wong siji, mungsuh loro ngoyak wong sekethi. Merga Israèl ditégakaké Allahé, Pangéran nilar umaté.

31Mungsuhé Israèl ngrumangsani, brahalané ora sekti ditandhing karo Allah kang sejati.

32Mungsuhé Israèl durakané kaya Sodom lan Gomora, kaya anggur, wohé pait ngemu wisa.

33Peresané anggur yèn diombé, wisa naga iku satemené.

34Allah ora lali mungsuh lan penggawéné dititèni, ditandho paukumané, diwales ing mangsané.

35Dinané paukuman wis ditemtokaké, piwalesé Allah ditamakaké. Ing dina iku mungsuh nggloyor tiba dhéwé, remuk, lebur manut pepesthèné.

36Allah nuli rawuh, runtuh welasé bali ngasihi umaté, bareng pirsa bangsané tanpa daya, merga kentèkan tenaga.

37Allah bakal ndangu umaté, ‘Endi brahala kang kokendelaké?’

38Wis kokpakani kurban gajih sembelèhan, kokombèni anggur pilihan. Supaya iku kang nulung, tekakna tumuli, ngentas kowé saiki.

39Mung Aku, Aku dhéwé, Allah sejatiné; ora ana Allah liyané. Aku kang matèni, Aku kang nguripaké. Aku kang natoni, Aku kang marasaké. Yèn Aku ngadili, wong ora bisa ngluwari.

40Aku kang sipat Gesang, Aku Allah, asta-Ku Dakangkat ngucapaké sumpah.

41Pedhang-Ku mengkilap, wis Dakasah, siaga ngukum sapa kang salah. Mungsuh-Ku Dakwales tanpa welas, kang sengit karo Aku Dakukum kisas.

42Panah-Ku ndlèwèr getih, pedhang-Ku matèni tanpa sih. Nyawané mungsuh ora Dakuripi, senajan ditawan bakal mati.

43Para bangsa, Pangéran mulyakna, kang matèni bakal sirna. Allah males marang mungsuhé, umaté diapura dosané."

44Musa lan Yosua bin Nun ngucapaké kidung mau kanthi swara sora, mula bangsa Israèl kabèh padha ngerti tegesé.

45Sawisé ngandharaké piwulangé Allah marang bangsa Israèl.

46Musa nuli ngucap mengkéné, "Aja pisan-pisan nyepèlèkaké sakèhé dhawuh sing dakandharaké marang kowé ing dina iki. Anak-anakmu ajarana nglakoni piwulangé Allah kanthi setya.

47Iki dudu piwulang kothong, nanging iki uripmu. Mulané lakonana, supaya kowé diparingi umur dawa ing tanah sing ora suwé menèh bakal kokleboni, ing sabranging Kali Yardèn."

48Ing dina kuwi uga Gusti Allah dhawuh marang Musa,

49"Lungaa menyang pegunungan Abarim, ing tanah Moab, sangarepé kutha Yérikho. Munggaha ing Gunung Nébo lan delengen tanah Kenaan sing bakal Dakparingaké marang bangsa Israèl.

50Kowé, Musa, bakal mati ana ing gunung kono, kaya sedulurmu Harun, sing mati ing Gunung Hor.

51Kowé lan Harun ora padha setya marang Aku lan ora ngurmati Aku ana ing ngarepé bangsa Israèl, nalika bangsa Israèl ana ing tuk Mériba, cedhak Kadès, ing segara wedhi Zin.

52Mulané kowé ora kena mlebu ing tanah sing Dakparingaké marang bangsa Israèl. Mung kena ndeleng saka kadohan."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel