Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 11 >> 

1Sawisé kuwi aku banjur diparingi glagah, piranti kanggo ngukur, kanthi dhawuh mengkéné: "Mangkata lan ukuren Pedalemané Allah sarta mesbèh sing kanggo saos kurban marang Panjenengané. Itungen pira cacahé wong sing manembah ana ing kono.

2Mung plataran sanjabané Pedalemané Allah waé aja kokukur, merga kuwi wis kaparingaké marang wong-wong sing ora wanuh marang Gusti Allah lan sing bakal ngidak-idak kutha suci kuwi lawasé patang puluh loro sasi.

3Aku bakal ngutus seksi-Ku loro nganggo sandhangané wong kepatèn. Dakdhawuhi medhar wangsit lawasé sèwu rong atus sewidak dina."

4Seksi loro mau, yakuwi wit zaitun loro lan pedamaran loro sing ana ing ngarsané Allah.

5Yèn ana wong sing arep nindakaké piala, bakal disirnakaké déning geni sing metu saka cangkemé seksi loro mau. Kaya mengkono, kabèh wong sing arep gawé susahé bakal dipatèni.

6Seksi loro mau padha kaparingan pangwasa ngancing langit, supaya ora ana udan sajroné padha martakaké pangandikané Gusti Allah; sarta padha kaparingan pangwasa tumrap sakèhing etuk, sing bisa didadèkaké getih. Apa menèh padha kaparingan pangwasa ngukum bumi nganggo wewelak werna-werna, sewayah-wayah ing sakarepé.

7Samangsa wis rampung enggoné padha nglairaké paseksiné, kéwan sing muncul saka ing teleng palimenganing pati banjur bakal nglawan lan ngalahaké sarta matèni seksi loro mau.

8Jisimé bakal gumléthak ana ing dalan ing kutha gedhé, panggonané Gustiné kasalib. Kutha mau disebut nganggo jeneng sesinglon Sodom lan Mesir.

9Wong-wong saka sakèhé taler, bangsa, basa lan negara bakal nonton jisim mau lawasé telu setengah dina, lan ora nglilani jisim-jisim mau dikubur.

10Wong-wong ing bumi bakal padha bungah merga patiné seksi loro mau. Banjur padha nganakaké kraméan lan padha kirim-kiriman barang tandhané kabungahan, merga nabi loro sing gawé susahé wong kabèh wis mati.

11Sawisé telu setengah dina roh sing nguripaké saka ing Allah nuli angslup ing jisim-jisim mau, temahan sing mati banjur padha tangi, nganti wong kabèh sing nyipati padha wedi banget.

12Sawisé kuwi nabi loro mau krungu swara seru saka ing swarga, nimbali: "Padha munggaha mréné!" Banjur padha munggah ing swarga, kakemulan ing méga, kadeleng déning para satruné.

13Tumuli ana lindhu gedhé ngrubuhaké saprasepuluhé kutha, lan matèni wong pitung èwu. Wong-wong liyané padha giris banget, banjur padha ngluhuraké Asmané Gusti Allah ing swarga.

14Wewelak sing kapindho wis kliwat; nanging wewelak sing kateluné tumuli nusul.

15Bareng malaékat sing kapitu ngunèkaké slomprèté, tumuli ing swarga ana swara-swara sora banget padha nguwuh-uwuh mengkéné: "Pepréntahan ing donya iki saiki kaasta déning Pangéran kita lan Sang Kristus. Panjenengané bakal jumeneng Ratu langgeng ing selawasé!"

16Para pinituwa patlikur, sing padha lungguh ing dhampar ing ngarsaning Allah banjur padha sumungkem sujud marang Panjenengané.

17Unjuké: "Dhuh Allah ingkang Mahakwaos, ingkang jumeneng Allah ing jaman samenika lan ugi ing jaman rumiyin! Kawula sami saos sukur dhumateng Paduka, margi Paduka sampun ngagem pangwaos ingkang ageng, sarta sampun wiwit ngasta pepréntahan!

18Tiyang-tiyang ingkang mboten sami tepang kaliyan Paduka sami ngamuk, awit sampun dumugi wekdalipun bebendu Paduka katamakaken, saha sampun dumugi wekdalipun Paduka ngadili tiyang-tiyang ingkang sampun sami pejah. Samenika sampun dumugi wekdalipun Paduka maringi ganjaran dhateng para abdi Paduka, inggih menika para nabi, sarta sedaya umat Paduka, inggih sedaya tiyang ingkang ngabekti dhateng Paduka, tiyang-tiyang alit dadosa tiyang-tiyang ageng. Samenika inggih wekdalipun Paduka nglebur tiyang-tiyang ingkang sami ngrisak bumi."

19Pedalemané Gusti Allah sing ana ing swarga banjur kawengakaké lan Pethi Prejanjiané katon ana ing kono. Nuli ana kilat pating clèrèt lan gumlegering gludhug. Buminé gonjang-ganjing lan ana udan ès deres banget.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel