Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 4 >> 

1Sawisé mengkono, aku, Yohanes, kaparingan wahyu menèh. Aku weruh lawangé swarga menga lan ana swara sing wis dakrungu biyèn, ngandikani aku kaya swarané slomprèt, mengkéné: "Munggaha mréné. Kowé bakal Daktuduhi apa sing mbésuk bakal kelakon."

2Sanalika iku uga aku dikwaosi déning Rohé Allah. Aku banjur weruh ing swarga kono ana dhampar. Lan sing lenggah ing kono,

3pasuryané sumunar kaya watu yaspis lan sardis. Dhampar mau kinubengan kluwung sumunar kaya zamrud.

4Ing sakubengé dhampar ana dhampar-dhampar liyané, cacahé patlikur, dilenggahi déning para pinisepuh patlikur, ngagem ageman putih lan makutha emas.

5Dhampar mau metu cahyané kaya kilat pating glebyar, lan swara kaya gumlegering gludhug. Ing ngarepé dhampar ana obor pitu murub: yakuwi Rohé Allah pitu.

6Ing ngarepé dhampar iya ana kaya segara bening kaya kaca kristal. Ing satengahé dhampar lan sakubengé ana makluk papat, sisih ngarep lan sisih mburiné, padha kebak mripat.

7Déné makluk mau sing siji rupané kaya singa, sing kapindho kaya sapi lanang, katelu rainé kaya manungsa, lan sing kapaté kaya manuk garudha mabur.

8Makluk papat mau siji-sijiné duwé swiwi nenem, lan badané sekojur njaba njero kebak mripat. Makluk-makluk mau rina wengi tanpa lèrèn memuji: "Suci, suci, suci Pangéran Allah Kang Mahakwasa, sing biyèn ana, saiki ana, lan mbésuk iya ana."

9Makluk papat mau saben-saben padha nglagokaké kekidungan lan pakurmatan tuwin pamuji sokur konjuk marang Panjenengané kang pinarak ana ing dhampar, lan kang gesang langgeng ing selawas-lawasé. Sajroné makluk-makluk mau padha memuji,

10para pinituwa patlikur padha sumungkem ana ing ngarsané Panjenengané kang lenggah ana ing dhampar, sarta nyembah Panjenengané kang gesang ing selawas-lawasé. Tumuli padha nyèlèhaké makuthané ana ing sangarepé dhampar mau karo munjuk:

11"Dhuh Pangéran, saha Allah kawula! Namung Paduka ingkang pantes kaluhuraken, kaurmatan saha kagungan pangwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis lan inggih margi saking kersa Paduka samukawis menika wonten sarta sami gesang."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel