1Para sedulur! Panunggalanmu aja akèh-akèh sing dadi guru, sebab kowé ngerti yèn kita sing dadi guru kuwi bakal diadili luwih keras tinimbang wong-wong liyané.
2Kita padha kerep gawé keluputan. Wong sing ora tau gawé keluputan srana tembung kuwi wong sing sampurna, lan bisa ngendhalèni badané sekojur temenan.
3Kita padha masang kendhali ing cangkemé jaran, supaya jaran mau manut karo kita, mula kita bisa ngendhalèni badané jaran kabèh.
4Contoné menèh prau: senajan prau mau gedhé lan disurung angin sing banter, éwasemono prau mau kena dirèh nganggo kemudhi sing mung cilik banget, lan manut sakarepé juru-mudhi.
5Mengkono uga ilat kita, senajan cilik, éwadéné bisa ngandhakaké prekara-prekara sing gedhé. Coba pikiren! Alas gedhé, kuwi bisa sirna diobong nganggo geni mung sapelik!
6Ilat kuwi ya kaya geni, presasat gudhanging kadurakan. Sarèhné ilat kuwi pérangané badan kita, mula iya bisa gawé alané badan kita sekojur. Ilat bisa ngobong badan kita mau srana genining nraka.
7Manungsa bisa gawé tututé kéwan-kéwan sing galak, bangsa manuk, kéwan sing rumangkang lan bangsa iwak.
8Nanging ora ana wong siji waé sing bisa gawé tututé ilat. Ilat kuwi ala lan ora bisa dikendhalèni, kebak racun sing mematèni.
9Ilat kita enggo saos sukur marang Gusti Allah, Rama kita, nanging iya kena kita enggo ngipat-ipati wong liya, sing iya katitahaké miturut citrané Gusti Allah.
10Saos sukur lan ipat-ipat, kelairé saka sumber siji. Para sedulurku! Pancèné ora mengkono.
11Ora ana sumber sing metokaké banyu tawa lan iya banyu pait saka tuk siji?
12Wit anjir ora bisa metu wohé zaitun; utawa wit anggur metu wohé anjir, utawa sumber banyu asin ora bakal metokaké banyu tawa.
13Yèn panunggalanmu ana sing wicaksana lan pinter, kuwi ngétokna kawicaksanan lan kapinterané srana urip sing becik lan laku sing utama, kanthi andhap-asor lan sarèh ing budi.
14Nanging yèn ing sajroning atiné padha nduwèni rasa mèri, brangasan lan mung mikir awaké dhéwé, aja padha gumunggung, awit kuwi nyulayani karo dhawuhé Gusti Allah.
15Kawicaksanan sing kaya mengkono mau pinangkané ora saka ing swarga, nanging saka ing donya. Ora saka Rohé Allah, nanging saka Iblis.
16Sebab angger ana kumèrèn, mesthi ana rerusuh lan penggawé ala rupa-rupa.
17Nanging kawicaksanan sing pinangkané saka Rohé Allah kuwi sipaté sing dhisik dhéwé suci, seneng marang katentreman, wataké alus lan sumanak, kebak katresnan lan metokaké woh sing becik tikel-matikel. Kawicaksanan sing mengkono kuwi ora mbédak-mbédakaké lan ora lamis.
18Winih sing disebar déning wong sing dhemen marang kerukunan, kuwi metokaké woh kabecikan.