Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 10 >> 

1Aku ndeleng kubah sing ana ing sandhuwuré sirahé para makluk sing padha nganggo swiwi. Ing ndhuwuré kubah mau katon ana kaya dhampar saka permata éndah.

2Pangéran ngandika marang wong sing nganggo jubah léna mau, "Kowé nlusupa ing antarané rodha-rodha sing ana ing ngisoré para makluk kuwi lan ngrakupa mawa mengangah. Mawa kuwi sawurna ing sandhuwuré kutha." Aku ndeleng wong mau nlusup.

3Makluk sing nganggo swiwi padha ngadeg ing sakidulé Pedalemané Allah, nalika wong mau nlusup ing antarané rodha-rodha. Platarané Pedalemané Allah ketutupan ing méga.

4Pepadhangé Pangéran sing mblerengi banjur njedhul saka para makluk, mlebu ing Pedalemané Allah. Méga mau banjur ngebaki Pedaleman, nganti platarané padhang njingglang.

5Swaraning swiwiné para makluk keprungu nganti tekan ing plataran sing njaba, kaya swarané Allah yèn lagi ngandika.

6Wong sing nganggo jubah léna kadhawuhan déning Pangéran njupuk geni saka ing antarané rodha-rodha sing ana ing ngisoré para makluk. Wong mau banjur mlebu lan ngadeg ana ing sisihé rodha.

7Makluk siji njupuk nganggo tangan mawa mengangah sing ana ing satengahé, didèkèkaké ana ing tangané wong sing nganggo jubah léna mau. Sawisé mengkono wong mau banjur lunga.

8Makluk-makluk kuwi ing ngisor swiwiné ana tangané, kaya tangané manungsa.

9(10:9-10) Aku iya weruh ana rodha papat, kabèh padha, ing sisihé saben makluk ana rodhané siji. Rodha-rodha mau mencorong kaya permata sing aji, lan saben rodha ing tengahé ana rodhané menèh sing marakaké rodha sing gedhé bisa ménggak-ménggok.

10(10:9)

11Para makluk mau bisa maju menyang ngendi waé tanpa minger. Enggoné maju bebarengan, sakarepé.

12Badané sekojur, geger, tangan, swiwi lan rodha-rodha, kabèh kebak mripat.

13Rodha-rodha kuwi padha karo sing dakdeleng ana ing wahyu sing kapisan. Sakrunguku rodha-rodha iku jenengé "rodha mubeng".

14Saben makluk rainé papat. Rai sing siji rupa rai sapi lanang, sing kapindho rai manungsa, sing katelu rai singa, sing kapat rai garudha.

15(Makluk-makluk kuwi padha karo sing dakdeleng ana ing sapinggiré Kali Kebar.) Samasa makluk-makluk mau mumbul ing awang-awang lan

16maju, rodha-rodhané mèlu kangkat. Yèn para makluk mau ngegaraké swiwiné lan mabur, rodha-rodha mau iya katut.

17Yèn para makluk mau mandheg, rodha-rodha mau mèlu mandheg. Samasa para makluk mabur menèh, rodhané mèlu menèh, merga nyawané makluk-makluk kuwi ana ing rodha-rodha mau.

18Pepadhang mblerengi, sing mbèbèraké kamulyané Pangéran banjur nilar lawanging Pedalemané Allah, bali menyang kubah sing ana ing sandhuwuré para makluk.

19Para makluk mau banjur ngegaraké swiwiné lan mabur saka bumi, nggawa rodha-rodhané. Nalika lungané, aku weruh dhéwé. Banjur padha mandheg ana ing gapurané Pedalemané Allah sing sisih Wétan, lan padha kesorotan pepadhang mblerengi, sing mbèbèraké kamulyané Pangéran.

20Makluk-makluk padha karo sing dakdeleng ana ing sangandhapé Pangéran Allahé Israèl, nalika aku ana ing sapinggiré Kali Kebar.

21Saben makluk rainé papat, swiwiné papat lan tangané papat, kaya tangan manungsa, panggonané ana ing sangisoring swiwi.

22Rai-rai mau cèples karo rai-rai sing dakdeleng ana ing sapinggiring Kali Kebar. Saben makluk lakuné kenceng manut enering adhepé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel