Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 13 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, medhara wangsit nglawan nabi-nabi ing Israèl sing gawé wangsit dhéwé. Kandhanana supaya padha ngrungokaké pangandikané Pangéran.

3Mengkéné pangandikané Pangéran, ‘Nabi-nabi gemblung kuwi bakal kaukum! Awit padha nuruti pangrasaning atiné dhéwé lan ngothak-athik wahyu dhéwé.

4Hé umat Israèl, nabi-nabimu kuwi tanpa guna, kaya asu ajag sing manggon ana ing satengahing gempuran kutha.

5Nabi-nabi kuwi ora njaga bètèng sing padha bolong, lan padha ora ndandani témbok-témbok, mula Israèl bakal ora bisa nahan serangané mungsuh samasa ketekan dina paukumané Pangéran.

6Wahyuné wong-wong kuwi apus-apusan lan ramalané mau goroh. Padha kandha yèn Aku sing ngutus wong-wong mau, mangka nyatané ora. Senajan mengkono padha ngarep-arep ramalané mau kelakon!’

7Aku ngandika mengkéné marang nabi-nabi mau, ‘Sing padha kokdeleng kuwi rak wahyu apus-apusan, lan ramalanmu kuwi rak goroh. Kowé kandha-kandha yèn Aku sing ngandika, mangka Aku ora ngandika apa-apa karo kowé!’"

8Mengkéné pangandikané Pangéran marang woh-woh mau, "Kabèh tembungmu kuwi goroh, lan wahyu-wahyumu kuwi apus-apusan. Mulané kowé Daklawan.

9Kowé bakal Dakukum, hé nabi-nabi sing ngothak-athik wahyu apus-apusan lan gawé ramalan-ramalan goroh. Kowé ora bakal mèlu ana ing kumpulané umat-Ku samasa padha gawé putusan, lan jenengmu bakal ora klebu ing daftaré penduduk ing Israèl. Kowé ora bakal bali menyang tanahmu menèh. Mulané kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran Kang Mahakwasa.

10Para nabi mau nggorohi umat-Ku merga kandha yèn kabèh wis bèrès. Mangka satemené kabèh ora bèrès. Umat-Ku ngedegaké témbok nganggo watu sing mung ditumpuk-tumpuk. Banjur para nabiné teka, nglabur témboké nganggo gamping.

11Nabi-nabi kuwi kandhanana yèn témbok mau bakal rubuh. Aku bakal nekakaké udan deres, semono uga udan ès lan angin gedhé, bakal Daksentoraké ana ing témbok mau.

12Témbok mau nganti bakal rubuh lan saben wong bakal takon karo kowé apa gunané gamping sing kokgawé nglabur témbok mau."

13Mengkéné pangandikané Pangéran marang aku, "Sajroning bentèré penggalih-Ku Aku bakal nekakaké angin gedhé, udan deres lan udan ès kanggo ngrubuhaké témboké.

14Témbok sing dilabur mau bakal Dakrubuhaké lan Dakobrak-abrik nganti pondhasiné padha katon. Témboké bakal ambruk lan ngebruki kowé kabèh nganti mati. Mula saben wong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

15Témbok lan wong sing nglabur témbok nganggo gamping mau bakal ngrasakaké duka-Ku. Lan Aku bakal ngandika marang kowé, ‘Wis sirna témboké, wis sirna wong sing padha nglabur.’

16Mengkono mau bakal kedadéané para nabi sing kandha, ‘Kabèh wis bèrès’, mangka sejatiné kabèh ora bèrès." Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa.

17Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé wong apes, delengen para wong wadon ing antaramu sing padha medhar wangsit. Wong-wong kuwi élikna

18lan kandhanana apa sing dingandikakaké déning Pangéran Kang Mahakwasa kanggo wong-wong mau: ‘Hé para dhukun wadon, kowé bakal diukum. Saben wong ugel-ugelé koktalèni nganggo jimat, lan sirahé wong kabèh kokenggoni kudhung, kanggo nelukaké wong liya. Kowé arep ngwasani pati lan uripé umat-Ku kanggo kepentinganmu dhéwé.

19Srana mengkono kowé ngrèmèhaké Aku ana ing ngarepé umat-Ku supaya kowé nampa opah jali segegem lan roti sawetara. Kowé matèni wong sing durung wektuné mati, lan nglestarèkaké wong padha urip sing mesthiné ora patut urip. Kowé ngapusi umat-Ku, lan wong-wong mau padha ngandel karo kowé.’"

20Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Aku sengit karo tali jimat sing kokenggo ngwasani urip lan patiné wong. Kuwi bakal Dakrebat saka tanganmu, lan wong-wong sing kokkwasani bakal Dakluwari.

21Krudhung-krudhungmu bakal Daksuwèk-suwèk lan umat-Ku bakal Dakuwalaké saka pangwasamu ing selawas-lawasé. Lan kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

22Wong becik padha kokgawé cilik atiné srana apus-apusanmu, mangka Aku ora tegel yèn wong-wong kuwi nemu cilaka. Wong ala ora kokcegah gawé piala lan ora kokkon mratobat, mangka wong kaya mengkono mau koklestarèkaké urip.

23Mulané wahyu-wahyumu sing goroh lan ramalan sing mung apus-apusan kuwi bakal Daksirnakaké. Umat-Ku bakal Dakluwari saka pangwasamu, lan kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel