Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 19 >> 

1Aku didhawuhi Gusti Allah nglagokaké kidung kasangsaran kanggo putra raja loro ing Israèl:

2"Keng ibu menika presasat singa èstri ingkang nesepi anak-anakipun, wonten ing antawisipun singa-singa jaler ingkang rosa.

3Anakipun setunggal dipun opèni lan dipun ajari pados tedha; ngantos saged mangsa manungsa.

4Para bangsa sareng mireng bab menika lajeng masang kala ing luwangan, kelampahan kénging. Singa wau lajeng dipun entas, kabekta dhateng tanah Mesir.

5Singa èstri sareng ngertos sampun mboten wonten pengajeng-ajeng malih, lajeng ngopèni anak sanèsipun, ngantos singa nèm wau inggih dados ageng lan rosa.

6Sareng dados singa diwasa, singa wau nglembara pados mangsan kaliyan sing sanès-sanèsipun. Singa nèm wau inggih ajar nubruk malah lajeng mangsa manungsa.

7Bètèng-bètèng dipun risak, kitha-kitha dipun obrak-abrik. Tiyang sabangsa sami gemeter samasa mireng panggeronipun.

8Bangsa-bangsa lajeng nglempak badhé nglawan singa nèm wau; tiyang saking pundi-pundi sami dhateng. Sami masang jaring, wusana singa wau kecepeng.

9Singa nèm wau kalebetaken ing kurungan, sarta kabekta dhateng Babil. Dipun jagi, mila ngantos mboten kepireng malih wonten ing paredèn Israèl.

10Keng ibu menika presasat wit anggur, ingkang katanem ing sacelaking lèpèn. Sarèhné ing ngriku kathah toyanipun, mila anggur wau ngedalaken ron lan woh kathah.

11Pang-pangipun ageng lan rosa, sarta tuwuh kados badhé dados teken keprabon. Anggur wau tuwuh dados inggil ngantos sundhul ing méga. Saben tiyang sumerep ngrembuyung lan ageng inggil.

12Nanging wonten tangan-tangan ingkang mbedhol wit wau saoyodipun, lajeng kabucal. Ngantos wohipun dados garing margi wonten angin saking Wétan. Pang-pangipun sami coklèk dados garing lajeng kabesmi.

13Samenika wit anggur wau katanem ing ara-ara samun, ing pasitèn garing ingkang mboten wonten toyanipun.

14Wit anggur wau kamangsa déning latu, ingkang ugi mangsa pang-pang lan wohipun. Pang-pang wau mboten badhé dados kiyat malih, lan mboten saged kadamel teken keprabon." Mengkono mau uniné kidung kasangsaran, sing saben-saben dilagokaké.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel