Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 22 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, cecawisa. Kowé bakal ngadili kutha sing kebak tukang matèni wong iki. Kandhanana bab sakèhé penggawéné sing nistha."

3Wartakna marang kutha iki yèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Sarèhné kowé wis matèni wong akèh ing tengahmu lan najisaké awakmu merga enggonmu nyembah brahala, mulané wis tekan mangsané tibané paukumanmu.

4Merga saka dosamu matèni wong lan najisaké awakmu srana nyembah brahala gawéané tanganmu, mulané wis tekan mangsané kowé nampa paukumanmu! Yakuwi sebabé kowé Dakdadèkaké poyokan ing antarané para bangsa lan dicecamah déning angger wong.

5Bangsa adoh lan cedhak padha nyenyamah kowé merga lakumu rusuh.

6Para penggedhé ing Israèl padha ngendelaké kekuwatané dhéwé lan seneng mematèni.

7Ana ing kutha wong padha ora ngajèni wong tuwané. Wong manca padha kokapusi. Randha lan bocah lola padha koktindhes.

8Kowé padha ora ngéman karo kasucèn-Ku, lan ora ngajèni marang dina Sabbat.

9Ing antaramu ana sing seneng goroh kanggo liyan, supaya wong kuwi kaukum pati. Ing antaramu ana sing mangan sajèn sing disajèkaké brahala. Ana menèh sing padha ngumbar hawa-nepsuné.

10Ana sing nggodha nuroni ibuné kuwalon, ana sing ngrodha-peksa wong wadon sing lagi nggarap sari.

11Ana sing nylèwèng karo bojoné wong liya, ana sing nglakoni mengkono karo mantuné wadon, ana menèh sing nuroni seduluré wadon tunggal bapa.

12Ing antaramu ana sing nampani opah kanggo matèni wong. Ana sing nganakaké dhuwit marang pepadhané wong Israèl, utawa golèk bathi akèh srana nindhes pepadhané. Nanging kowé padha ora éling karo Aku. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa.

13Mulané asta-Ku bakal males enggonmu ngrampog lan gawé pepati.

14Apa kowé isih wani lan kuwat yèn wis ngrasakaké panggebag-Ku? Mengkono pangandika-Ku lan kuwi bakal Daktetepi.

15Kowé bakal Dakbuyaraké ana ing antarané para bangsa lan Daksebar ing negara-negara, supaya lèrèna penggawému sing ala.

16Sabanjuré kowé bakal dianggep najis déning para bangsa, nanging kowé dhéwé bakal éling yèn Aku iki Pangéran."

17Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

18"Hé wong apes, wong Israèl kuwi kanggoné Aku wis ora ana gunané. Wong-wong kuwi padha kaya regeding logam !!— tembaga, timah, wesi, timah ireng !!— sawisé logam mau dilebur lan dijupuk slakané ana ing pawon paleburan.

19Dadi Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang wong Israèl, yèn wong-wong mau ora ana gunané kanggo Aku, kaya regeding logam mau. Wong-wong kuwi bakal padha Dakklumpukaké ana ing Yérusalèm,

20ora béda karo logam slaka, tembaga, wesi, timah ireng, lan timah putih sing kacemplungaké ana ing pawon paleburan. Bentèré duka-Ku bakal nglebur wong-wong mau, kaya geni nglebur logam.

21Bakal padha Dakklumpukaké ana ing Yérusalèm, banjur Dakobong, Daklebur sajroning mulading duka-Ku.

22Bakal padha Daklebur ana ing Yérusalèm kaya slaka sing kalebur ing pawon paleburan, mula bakal padha ngrasakaké paukumané Pangéran."

23Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

24"Hé wong apes, wong Israèl kandhanana yèn tanahé kuwi jembar, mulané bakal Daktibani paukuman-Ku.

25Para penggedhéné presasat singa sing gero-gero karo ndekep mangsané, banjur dipatèni. Rakyaté padha dipatèni, barang-darbèké dirampas, nganti akèh wong sing dadi randha.

26Para imam padha nerak dhawuh-Ku lan padha ora éling karo kasucèn-Ku. Padha ora mbédakaké sing suci karo sing ora suci. Padha ora mulang bédané najis lan ora najis, lan padha ora netepi dina Sabbat. Mula wong Israèl padha ora ngajèni Aku.

27Para penggedhéné negara presasat asu ajag sing nyuwèk-nyuwèk mangsané sing wis dipatèni. Padha dhemen matèni wong, supaya bisa sugih.

28Para imam padha ngaling-alingi dosané kaya wong sing nutupi témbok nganggo labur. Padha ngarang wahyu palsu lan ramalan apus-apusan. Padha kandha yèn medharaké pangandikané Allah, mangka sanyatané Aku, Pangéran, ora ngandika karo wong-wong mau.

29Wong sugih padha ngapusi lan ngrampog. Wong miskin padha disiya-siya, lan wong manca padha dianiaya.

30Aku golèk wong sing bisa ngedegaké témbok, kanggo ngganti témbok-témbok sing wis rubuh, lan kanggo njagani supaya tanah kéné aja sirna yèn ketekan ing paukuman-Ku, nanging Aku ora manggih wong sing kaya ngono.

31Mulané Aku bakal ngesokaké duka-Ku karebèn mulad-mulad sakatogé kanggo numpes wong-wong mau, timbang karo penggawéné. Mengkono pangandikané Pangéran."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel