Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 38 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Yéhezkièl, medhara wangsit kanggo Gog maharaja ing Mèsèkh lan Tubal ing tanah Magog.

3Wartakna lan kandhanana yèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasa iki mungsuhé.

4Kowé bakal Dakgèrèd nganggo tali ing irungmu lan Dakbekta metu bebarengan karo pasukan-pasukané. Tentarané jaranan sing padha nganggo pakéan seragam kuwi cacahé akèh banget, lan saben prejurit sikep gegaman pedhang lan tamèng.

5Wong saka Pèrsia, Sudan lan Libia padha mèlu lan wong mau kabèh padha nganggo tropong karo tamèng.

6Sakèhé wong ing tanah-tanah Gomèr lan Bèt-Togarma ing sisih Lor sing padha ahli perang, kabèh padha dadi balané, mengkono uga wong akèh saka negara-negara liyané.

7Kandhanana supaya wong-wong kuwi siap, mengkono uga tentarané supaya siyaga maju ing perang.

8Sawisé sawetara lawas bakal Dakdhawuhi nglurug perang menyang tanah panggonané bangsa sing diklumpukaké saka ing antarané bangsa-bangsa, sarta urip tentrem tanpa ngalami peprangan. Gog bakal jumedhul nyerbu ing gunung-gunungé Israèl, sing wis lawas suwung lan sepi mamring, nanging saiki dienggoni menèh déning bangsa sing urip tentrem.

9Gog karo tentarané sarta bangsa-bangsa sing mèlu mbantu bakal padha nyerbu kaya prahara lan ngebyuk ing tanah kono, nganti tanah mau kaya ketutupan ing méga."

10Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa marang Gog mengkéné, "Ing dina kuwi kowé bakal ngrancang prekara sing ala.

11Kowé gawé keputusan arep nyerbu tanah sing penduduké urip kanthi tentrem, ana ing kutha-kutha sing tanpa bètèng lan ora dijaga.

12Wong sing padha manggon ing kutha tilas gempuran mau arep kokjarah-rayah. Kuwi umat sing kaklumpukaké saka ing satengahé bangsa-bangsa, lan saiki wis padha duwé ingon-ingon lan palemahan sarta manggon ana ing pusering bumi.

13Wong-wong Syéba, Dédan lan wong-wong sing padha dedagangan karo wong-wong mau saka tanah Spanyol bakal padha nakoni kowé, ‘Yagéné kowé nglumpukaké tentara kanggo nempuh perang umat kuwi lan njarah-rayah barang darbèké, slaka, mas-masan, raja-kaya lan barang darbèké, banjur kokangkat lunga?’"

14Pangéran Kang Mahakwasa banjur ngutus aku marani Gog, ngandhakaké dhawuhé Pangéran mengkéné, "Nalika umat-Ku Israèl lagi manggon kalawan tentrem, kowé teka terus nyerbu.

15Dhèk semono kowé bakal budhal saka panggonanmu ing tebing Lor nggawa tentara akèh lan kuwat, prejurit-prejurit jaranan sing asalé saka bangsa pirang-pirang.

16Kowé arep nyerang umat-Ku kaya prahara sing nyapu resik tanah kono. Yèn wis tekan mangsané Aku bakal ngutus kowé nyerbu tanah-Ku, supaya para bangsa padha ngerti sapa Aku iki. Aku bakal ngetingalaké kasucèn-Ku srana pendamel-Ku lantaran kowé.

17Ya kowé kuwi wongé sing Daksebut dhèk jaman-jaman sing wis kepungkur lantaran para abdi-Ku, para nabiné Israèl, yèn mbésuk Aku bakal nekakaké wong sing perang nglawan Israèl. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."

18Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Ing wektu kuwi, samasa Gog nyerbu marang Israèl, Aku bakal duka banget.

19Sajroning bentèré duka-Ku Aku bakal nekakaké lindhu gedhé ing tanah Israèl.

20Saben iwak, manuk lan kéwan gedhé-cilik lan saben wong ing salumahé bumi bakal padha gemeter ana ing ngarsa-Ku. Gunung-gunung bakal padha jugrug, pèrèng-pèrèngé karang bakal padha longsor lan témbok-témbok bakal padha ambruk.

21Aku bakal nekakaké pagiris gedhé marang Gog wujud kasangsaran werna-werna. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sing ngandika. Para prejurité Gog bakal patèn-patènan dhéwé, sing siji nempuh sijiné nganggo pedhang.

22Gog bakal Dakukum nganggo pageblug lan pepati. Banjir bandhang lan udan bebarengan karo geni lan lirang bakal kaesokaké marang wong mau lan tentarané sarta bangsa-bangsa sing dadi balané.

23Srana mengkono Aku bakal ngetingalaké marang para bangsa kamulyan-Ku lan kasucèn-Ku. Para bangsa bakal padha ngerti yèn Aku iki Pangéran."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel