Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 4 >> 

1Pangandikané Allah mengkéné, "Hé manungsa sing apes, njupuka bata, sèlèha ing ngarepmu, lan nggambara ing bata mau kutha Yérusalèm.

2Gambaran kutha mau lagi dikepung; kalèn-kalèné, punthuk-punthukan lemahé, papan kémah sakémahé pisan, apa déné piranti-piranti sing kanggo ndhobrak ing sakubengé témboké.

3Nuli njupuka wajan wesi, sèlèhna ing antaramu karo gambar kutha mau. Kutha kuwi lagi dikepung, lan kowé sing ngepung. Kuwi pretandha kanggo bangsa Israèl.

4(4:4-5) Banjur turona miring ngiwa, lan kaluputané Israèl bakal Dakbrukaké kowé. Kowé bakal nyangga paukumané Israèl lawasé 390 dina. Pirang taun enggoné Israèl kaukum, iya semono dina enggonmu nanggung paukumané.

5(4:4)

6Yèn kuwi wis koktindakaké, banjur turona miring nengen, nyangga paukumané Yéhuda, lawasé patang puluh dina. Sedina kanggo saben taun paukuman sing Daktetepaké kanggo Yéhuda.

7Mripatmu mandenga Yérusalèm sing dikepung mungsuh. Tanganmu kepelen lan athungna marang kutha mau karo ngramala.

8Kowé bakal Dakbanda nganti kowé ora bisa alihan, nganti genep dina pangepungé kutha kuwi.

9Banjur njupuka gandum sair sawetara, jali, kacang, kapri, wijèn lan jewawut. Campuren dadèkna sawadhah, banjur gawénen roti. Kuwi kanggo panganmu sajroné kowé turon miring ngiwa suwéné 390 dina.

10Saben dina kowé kena mangan roti 230 gram, nganti tekan dina candhaké.

11Kowé iya kena ngombé banyu, sedina mung rong cangkir.

12Kowé kudu gawé geni nganggo kotorané manungsa sing garing, rotimu kudu kokbakar ana ing kono, lan panganen ing panggonan sing kena disawang déning saben wong."

13Pangandikané Pangéran mengkéné, "Kuwi kanggo nggambaraké carané wong Israèl mangan pangan najis samasa Dakbuwang ing satengahé bangsa-bangsa."

14Nanging aku munjuk, "Dhuh Pangéran, sampun ta mekaten, awit kawula dèrèng naté najisaken badan kawula piyambak. Wiwit alit mila kawula dèrèng naté nedha daging kéwan ingkang pejah margi sepuh utawi ingkang kamangsa déning kéwan galak. Kawula dèrèng naté nedha tetedhan ingkang kaanggep najis."

15Pangéran banjur ngandika, "Yèn mengkono kowé kena nganggo tléthong sapi gantiné kotoran manungsa. Rotimu bakaren ana ing kono."

16Pangandikané menèh, "Hé manungsa sing apes, Aku bakal ngendheg pecawisan roti kanggo Yérusalèm. Wong-wong ing kutha kono bakal padha semplah atiné lan karo prihatin enggoné naker pangan lan banyu sing diombé.

17Wekasané bakal padha kekurangan pangan lan banyu, nganti bakal padha bingung lan mati ngenes merga saka dosané."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel