Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 40 >> 

1Nalika sasi anyar, dinané sing kasepuluh, taun kaping selawéné enggonku padha ana ing pembuwangan, lan taun kaping patbelasé ambruké Yérusalèm, aku dikwaosi déning Rohé Pangéran, lan aku kaangkat kabekta lunga.

2Ing sajroning wahyu aku kabekta déning Allah menyang tanah Israèl, kapapanaké ing gunung sing dhuwur banget. Ing ngarepku aku weruh ana gedhong-gedhong sing mèmper kutha.

3Aku dicedhakaké, banjur weruh ana wong lanang mencorong kaya swasa. Wong mau ngadeg ing gapura nyekeli ukuran saka léna, lan ukuran wujud teken.

4Wong lanang mau ngandikani aku mengkéné, "Hé Yéhezkièl, tamatna, rungokna lan waspadakna apa sing bakal Daktedahaké marang kowé, merga yakuwi preluné enggonmu kabekta mréné. Kabèh sing kokdeleng kuwi critakna karo wong Israèl."

5Aku weruh Pedalemané Allah, dikubengi témbok. Wong lanang mau njupuk teken ukurané sing dawané telung mèter, banjur ngukur témboké. Témbok mau dhuwuré telung mèter lan kandelé telung mèter.

6Sawisé mengkono wong lanang mau banjur menyang gapura sing madhep mengétan, munggah ing undhak-undhakan. Satekané ing ndhuwur banjur ngukur ambané lawangé. Ketemu telung mèter.

7(40:7-9) Ing sanjabané lawang mau ana èmpèrané, ing kiwa-tengené ana kamaré pejagan telu-telu. Saben kamar mau pesagi, telung mèter ping telung mèter, lan témbok singgetan antarané kamar siji karo sijiné kandelé loro setengah mèter. Sanjabané kamar jaga ana lurung sing dawané telung mèter anjog ing kamar gedhé. Kamar gedhé mau ngadhepaké Pedalemané Allah. Kamar gedhé iya diukur. Ketemu jeroné patang mèter. Kuwi pungkasané lurung sing cedhak dhéwé karo Pedalemané Allah. Témboké lurung mau sing adoh dhéwé kandelé samèter.

8(40:7)

9(40:7)

10(Kamar-kamar pejagan sing nèmpèl lurung jembaré padhakabèh, lan kandelé témbok singgetané iya padha kabèh.)

11Wong lanang mau nuli ngukur ambané lurung sing ana ing gapura. Ketemu nem mèter, lan ambané ruangan antarané gapura karo gapura ana limang mèter.

12Ing ngarepé kamar pejagan ana témboké cendhèk, dhuwuré setengah mèter lan kandelé setengah mèter. (Kamar-kamar pejagan mau jembaré telu ping telung mèter pesagi.)

13Wong mau banjur ngukur adohé témbok pejagan sing mburi dhéwé tekan témboké kamar gedhé, ngliwati lurung, dawané rolas mèter setengah.

14Kamar sing gedhé, sing adoh dhéwé, ana lawangé sing anjog plataran. Kamar gedhé mau iya diukur, ambané sepuluh mèter.

15Dawané gapura saka sanjabané témbok tekan témboké kamar sing adoh dhéwé ana selawé mèter.

16Kamar-kamar mau témboké sing sisih njaba ana bolongan-bolongané cilik, mengkono uga ing témbok sisih njero, ing antarané kamar-kamar. Ing témbok-témbok sing sisih njero, sing ngadhepaké lurung ana ukir-ukiran wit-witan kurma.

17Wong lanang mau nuntun aku metu gapura menyang plataran. Nèmpèl ing témbok njaba ana kamaré telung puluh. Ing ngarepé kamar-kamar mau ana plataran cilik sing ditatani watu,

18ngubengi plataran sing amba. Plataran amba mau sing njaba luwih cendhèk ketimbang sing njero.

19Ing antarané plataran njaba lan njero ana gapurané. Wong lanang mau ngukur adohé gapura sing njaba karo sing njero, ketemu sèket mèter.

20Wong lanang mau banjur ngukur gapura sing ana ing sisih Lor, sing anjog ing plataran njaba.

21Ing kéné iya ana lurung, lan ing kiwa-tengené ana kamaré pejagan telu-telu. Témbok-témboké singgetan lan kamaré kabèh ukurané padha kaya sing ana ing gapura sisih Wétan. Dawané gapura selawé mèter, ambané rolas setengah mèter.

22Kamaré gedhé jendhélané lan ukir-ukirané wit-witan kurma padha karo sing ana ing gapura sisih Wétan. Ana undhak-undhakan pitu sing anjog ing gapura, lan kamaré gedhé ana ing pungkasané lurung, ngadhepaké plataran.

23Saka gapura ing sisih Lor mau, yèn wis nyabrang plataran, banjur ana gapura menèh, sing anjog ing plataran njero, kaya gapura sing ana ing sisih Wétan. Wong lanang mau ngukur dohé gapura siji karo sijiné.

24Sawisé mengkono, wong lanang mau banjur mbekta aku mengidul. Ing kono aku weruh ana gapura menèh. Gapura mau nuli diukur, ketemuné padha karo gapura liya-liyané.

25Ing kamar-kamaré gapura mau ana jendhéla-jendhélané padha kaya ing gapura-gapura liyané. Dawané gapura mau selawé mèter lan ambané rolas setengah mèter.

26Undhak-undhakané mrono ana pitu. Kamaré sing gedhé prenahé iya ana ing pungkasan, ngadhepaké plataran. Ing témbok sing ngadhepaké lurung iya ana ukir-ukirané wit-witan kurma.

27Ing kono iya ana gapura sing anjog ing plataran. Wong lanang mau ngukur dohé tekan gapura sing kapindho, ketemu sèket mèter.

28Aku banjur digawa déning wong lanang mau metu gapura sisih Kidul menyang plataran njero. Gapurané diukur lan ketemu padha karo gapurané témbok sing njaba dhéwé.

29(40:29-30) Kamar-kamaré pejagan, kamaré gedhé lan témbok-témboké singgetan gedhéné padha kabèh karo témbok-témbok sing ana ing gapura liya-liyané. Ing kamar-kamaré gapura iya ana jendhélané. Dawané gapura iya selawé mèter lan ambané rolas setengah mèter.

30(40:29)

31Kamaré gedhé iya ngadhepaké plataran, lan témbok sing madhep menyang lurung iya ana ukir-ukirané wit-witan kurma. Ana undhak-undhakan wolu kanggo munggah menyang gapura mau.

32Aku banjur digawa wong lanang mau metu gapura sisih Wétan menyang plataran njero. Gapurané diukur, padha gedhéné karo liya-liyané.

33Kamar-kamaré pejagan, kamaré gedhé lan témbok-témboké singgetan kabèh ukurané padha karo sing ana ing gapura liya-liyané. Kabèh kamar, semono uga kamaré gedhé, ana jendhélané. Dawané gapura mau kabèh selawé mèter lan ambané rolas setengah mèter.

34Kamaré gedhé ngadhepaké plataran njaba. Ing témbok sisihé lurung iya ana ukir-ukirané wit-witan kurma. Ana undhak-undhakan wolu kanggo munggah menyang gapura mau.

35Aku banjur digawa wong lanang mau menyang gapura sisih Lor. Gapurané diukur, lan kabèh padha ukurané karo gapura liya-liyané.

36Uga gapura iki ana kamar-kamaré pejagan, témbok-témboké njero dihias, ana kamaré gedhé, ing kamar-kamar kabèh ana jendhélané. Dawané gapura kabèh selawé mèter lan ambané rolas setengah mèter.

37Kamaré gedhé ngadhepaké plataran. Témbok-témboké sing ana ing lurung ana ukirané wit-witan kurma. Ana undhak-undhakan wolu kanggo munggah menyang gapura mau.

38Ing plataran njaba ana gedhong cilik sing ditèmplèkaké ana ing gapura njero sisih Kidul. Gedhong mau ana lawangé menyang kamar gedhé sing madhep plataran, panggonané ngresiki balung-balungé kéwan sing diobong kanggo kurban.

39Ing kamar gedhé kono ana méjané papat; saben sisih loro-loro. Kéwan-kéwan sing arep dienggo kurban disembelèh ana ing méja-méja kono, ya sing arep kanggo kurban obongan, ya sing kanggo kurban panebusing dosa utawa kurban ngluwari ujar.

40Ing sanjabané kamar ana méjané papat padha, saben sisih lawang sing mlebu gapura Lor ana méjané loro.

41Méjané kabèh cacahé wolu, yakuwi panggonané nyembelèh kéwan-kéwan sing arep dienggo kurban. Sing papat ana ing njero kamar, papat liyané ana ing plataran njaba.

42Méja papat sing ana ing gedhong cilik dienggo nyawisaké kurban sing arep diobong wutuhan. Méja mau kagawé saka watu tatahan. Dhuwuré setengah mèter, sisih ndhuwur pesagi, pitung puluh lima ping pitung puluh lima sèntimèter. Sakèhé piranti kanggo nyembelèh kéwan-kéwan sing arep dienggo kurban ana ing méja-méja mau.

43Ing sakubengé méja mau ana méja menèh sing ambané pitung puluh lima sèntimèter pesagi kanggo ndokokaké daging sing arep dienggo kurban.

44Aku banjur digawa wong lanang mau mlebu ing plataran njero. Ing plataran njero mau ana lawangané loro, sing siji madhep ngidul, ana ing sasisihé gapura Kidul, sijiné madhep ngalor, ana ing sasisihé gapura Lor.

45Wong mau kandha yèn kamar madhep ngidul kuwi kanggo para imam sing nindakaké peladosan ana ing Pedalemané Allah.

46Déné kamar sing madhep ngalor kanggo para imam sing leladi ana ing mesbèh. Imam-imam kabèh mau anak-turuné Zadhok. Saka taler Lèwi ya mung turuné Zadhok kuwi sing diparengaké ngadhep marang Pangéran lan ngladosi Panjenengané.

47Wong lanang mau banjur ngukur plataran njero, ketemu sèket mèter pesagi. Pedalemané Allah dunungé ing sisih Kulon. Ing ngarepé ana mesbèhé.

48Aku banjur digawa mlebu kamar gedhé sing anjog ing Pedalemané Allah. Kamar mau diukur, ketemuné menjero loro setengah mèter lan ambané pitung mèter. Déné témbok ing kiwa-tengené kandelé karotengah mèter.

49Ing kono ana undhak-undhakan sing munggah menyang kamar gedhé mau, ambané sepuluh mèter lan menjeroné nem mèter. Panggonan mlebu mau ana sakané gedhé loro.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel