Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 45 >> 

1Yèn kowé mbagé-mbagé tanah lan kokedum nganti saben taler olèh panduman, Pangéran pandumana sebagèan. Jembaré panduman mau dawané rolas setengah kilomèter, ambané sepuluh kilomèter. Tanah sing ana ing njeroné wates kuwi kabèh suci.

2(45:2-3) Ing tanah mau cawisana papan kanggo Pedalemané Allah, dawané 250 mèter lan ambané 250 mèter nganggo plataran, lan ing sakubengé anaa plataran sing ambané selawé mèter. Kejaba kuwi ngukura dawané rolas setengah kilomèter lan ambané limang kilomèter, kuwi kapisahna kanggo Pedalemané Allah, yakuwi panggonan sing suci dhéwé.

3(45:2)

4Daérah kuwi kudu dadi pérangan sing suci ing sanegara kabèh, kacawisna kanggo para imam sing ngladosi Pangéran ing Pasucèné. Kuwi papan sing kanggo pomahané para imam lan gedhong-gedhongé Pedalemané Allah.

5Separoné daérah mau kacawisna dadia pandumané wong Lèwi, sing padha nyambut-gawé ing Pedalemané Allah. Ing daérah kono degna kutha-kutha kanggo manggoné wong Lèwi.

6Kejaba daérah suci mau kudu ana pérangan sing dawané rolas setengah kilomèter kanggo manggoné wong Israèl sapa waé.

7Iya kudu ana palemahan sing kacawisaké kanggo raja sing isih jumeneng. Dunungé ana ing sisih Kulon adu wates karo daérah suci, mengulon tekan Segara Tengah. Mengétan, palemahan mau tekan tapel watesé negara. Dadi dawané mengétan padha karo dawané tanah pandumané taler-taler Israèl.

8Daérah kuwi dadi pandumané raja sing isih jumeneng, supaya ora nindhes rakyaté, lan ora ngganggu gugat tanah-tanah sing dadi pandumané taler-taleré Israèl.

9Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Hé raja-raja ing Israèl, wis suwé enggonmu padha gawé dosa! Marènana enggonmu nganiaya lan nindhes rakyat. Nindakna kabeneran lan keadilan. Aja pisan-pisan nundhung umat-Ku saka palemahané. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa kang ngandika.

10Saben wong kudu migunakaké timbangan lan ukuran sing bener.

11Éfa sing kanggo ngukur barang garingan kudu padha karo bat sing kanggo ngukur barang cuwèr. Sing kanggo pathokan homèr. Dadi prenatané ukuran mau mengkéné: 1 homèr padha karo 10 éfa, padha karo 10 bat.

12Déné boboté barang diprenata mengkéné: 20 gera kuwi padha karo 1 sèkel; 60 sèkel padha karo 1 mina.

13(45:13-15) Takeran kanggo kurban mengkéné: gandum: 1/60 pametuné panèn. sair: 1/60 pametuné panèn. lenga zaitun: 1/100 pametuné wit zaitun duwèkmu. wedhus gèmbèl: saben wedhus 200, jupuken siji kanggo kurban. Kowé kudu padha nyaosaké kurban rupa gandum-ganduman, kurban kéwan sing kudu diobong kabèh, lan kéwan kanggo kurban slametan, kabèh mau supaya kowé padha olèh pangapuraning dosa. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa kang dhawuh.

14(45:13)

15(45:13)

16Para penduduk kabèh kudu nyaosaké barang sing kanggo kurban-kurban mau marang raja Israèl.

17Raja tanggung jawab bab kurban obongan, kurban dhaharan, kurban unjukan menawa pinuju dina gedhé, sasi anyar, dina Sabbat lan dina-dina riaya liyané. Raja mau kudu nyawisaké kurban pangruwating dosa, kurban obongan lan kurban keslametan kanggo nganakaké pirukunan kanggo umat Israèl."

18Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Ing dina kapisan, sasi kapisan kowé kudu saos kurban rupa sapi lanang sing tanpa cacad kanggo nucèkaké Pedalemané Allah.

19Para imam kudu padha njupuk getihé kéwan sing dienggo kurban mau sethithik lan diosèr-osèraké ing kosèn-kosèning lawangé Pedalemané Allah, lan ing pojoké papat mesbèh sarta ing saka-sakaning gapura plataran njero.

20Saben sasi ing dina kapitu kowé uga nindakna kaya mengkono, kanggo sakèhé wong sing nglakoni dosa ora kejarag utawa saka ora ngertiné. Nganggo cara mengkono kowé njaga kasucèné Pedalemané Allah.

21Ing dina kaping patbelas, sasi kapisan kowé kudu wiwit ngriayakaké Paskah. Sajroné pitung dina kowé kudu padha mangan roti tanpa ragi.

22Ing dina mau raja kudu nyaosaké kurban sapi lanang, minangka pangruwaté dosané dhéwé lan dosané umat Israèl.

23Sabanjuré saben dina sajroné riaya mau kudu nyaosaké kurban konjuk marang Pangéran rupa sapi lanang pitu, wedhus gèmbèl pitu, kabèh mau kéwan-kéwan sing tanpa cacad, sing kudu diobong nganti entèk. Raja saben dina iya kudu nyaosaké kurban rupa wedhus jawa lanang siji minangka pangruwating dosa.

24Saben sapi lanang siji lan wedhus gèmbèl lanang siji sing dienggo kurban mau, kudu dibarengi kurban dhaharan rupa gandum pitulas setengah liter lan lenga zaitun telung liter.

25Kanggo Riaya Tarub Godhong sing kawiwitan ing dina kaping limalas sasi kapitu, raja saben dina, lawasé pitung dina, iya kudu saos kurban kaya mengkono kanggo pangruwating dosa, kurban obongan, kurban dhaharan rupa gandum lan lenga zaitun."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 45 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel