Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 47 >> 

1Aku banjur digawa wong lanang mau menyang lawanging Pedalemané Allah menèh. Saka sangisoré lawang mau ana banyu mili mengétan, kaya madhepé Pedalemané Allah iya mengétan. Banyu mau mili ing njero lemah saka pérangané Pedalemané Allah sisih Kidul, sakidulé mesbèh.

2Aku banjur digawa wong lanang mau metu saka wewengkoné Pedalemané Allah liwat gapura Lor, diajak mubeng-mubeng nganti tekan gapura sing madhep ngétan. Ing kono ana kali cilik, sing metu saka sakidulé gapura.

3Wong lanang mau banjur ngukur saka panggonan metuné banyu limang atus mèter mengétan. Bareng tekan ing kono aku dikon nyemplung ing kali. Jeroné kali mau mung sapolokku.

4Saka kono wong lanang mau ngukur menèh mengétan limang atus mèter. Ana ing kono jeroné banyu sadhengkulku. Saka kono wong mau ngukur menèh limang atus mèter nganut ilining banyu, jeroné banyu sabangkèkanku.

5Wong mau ngukur saka kono limang atus mèter menèh, panggonan kono banyuné jero banget, saka jeroné nganti ora kena daksabrangi. Bisané nyabrang yèn nglangi.

6Wong mau kandha karo aku, "Yéhezkièl, kabèh mau catheten sing tliti." Aku banjur dientas lan digawa bali metu ing uruting pinggir kali.

7Ing pinggiring kali mau kiwa-tengen ana wit-witané akèh.

8Kandhané wong mau marang aku, "Banyu iki mili mengétan, ngliwati daérah kono lan Lembah Yardèn menyang Segara Mati. Banyuné Segara Mati sing asin banget kuwi bakal dadi tawa.

9Menyang endi waé iliné banyu mau bakal nguripi sakèhé kéwan lan iwak. Merga kali mau banyuné Segara Mati bakal dadi tawa, lan merga iliné kuwi apa waé bakal urip.

10Ing sauruting kali mau, wiwit saka Èn-Gédi tekan Èn-Églaim bakal akèh wong golèk iwak lan bakal padha manggon ing sapinggiring segara. Ing panggonan kono bakal akèh wong padha mépé jalané. Iwaké werna-werna, ora kalah karo sing ana ing Segara Tengah.

11Nanging banyu sing ana ing rawa-rawa lan blumbang-blumbang sing ana ing sapinggiring segara ora dadi tawa. Lan bakal tetep dadi panggonan njupuk uyah.

12Ing sakiwa-tengené kali mau bakal akèh wit-witané sing metokaké woh-wohan. Godhongé bakal ora tau alum, lan wohé bakal ora kendhat-kendhat. Saben sasi bakal metokaké woh, merga olèh banyu kali sing etuké saka Pedalemané Allah. Wit-wit mau wohé bakal dadi pangan lan godongé dadi tamba."

13Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Iki watesé tanah-tanah sing kudu kokedum ing antarané para taler rolas. Taleré Yusuf wènèhana rong panduman.

14Aku wis janji kanthi supaos marang para leluhuré, yèn bakal maringaké tanah iki dadi tanah pusakané. Saiki tanah iki dumen.

15Watesé tanah Israèl kuwi sing sisih Lor wiwit saka Segara Tengah mengétan ngliwati Hètlon tekan dalan sing tekan Hamat, banjur ngliwati Zedad,

16Berota, Sibraim, sing dunungé ing antarané wilayahé kraton Damsyik lan kraton Hamat; saka kono terus tekan Hazar-Enon sing dunungé ana ing wilayahé kraton Hauran.

17Dadi watesé tanah Israèl sing sisih Lor mau lakuné saka Segara Tengah mengétan menyang kutha Énon, tunggal tapel wates karo wilayah kraton Damsyik lan kraton Hamat ing sisih Lor.

18Tapel watesé tanah Israèl sing sisih Wétan wiwit saka tempuké tapel wates Damsyik lan Hauran, banjur sauruté Kali Yardèn. Sakuloné kali mau dadi tanahé Israèl, lan sawétané kali mau wilayahé Giléad, nganti tekan Tamar, sing ana ing sapinggiré Segara Mati.

19Tapel watesé sing sisih Kidul-kulon lakuné saka Tamar terus menyang tanah Kadèsy, banjur ngalor ngulon sauruté tapel watesé tanah Mesir, nganti tekan Segara Tengah.

20Tapel watesé sing sisih Kulon Segara Tengah, mengalor tekan ing panggonan sakuloné Hamat.

21Tanah kuwi dumen ing antarané para taler Israèl,

22supaya dadi tanah pusakané turun-temurun. Wong manca sing padha manggon ing satengahmu lan padha anak-anak ana ing kono wènèhana panduman. Wong-wong mau kudu kokrengkuh kaya wong Israèl asli lan uga olèh panduman palemahan nganggo undhi, bebarengan karo para taleré Israèl.

23Wong manca sing manggon ing satengahé taler iya kudu kokwènèhi tanah pusaka kaya wargané taler mau. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 47 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel